separate
Lestarikan Budaya dan Bahasa Daerah Cirebon Dengan mengeksplorasi Kekayaan Ragam Budaya Cirebon
banner ad
logo
yudi sayidi, S.PdI,_smpn1awn.blogspot.com

Tari Topeng


<iframe src="https://www.facebook.com/video/embed?video_id=462235723846420" width="1280" height="720" frameborder="0"></iframe>
yudi sayidi, S.PdI,_smpn1awn.blogspot.com

Kisah Teladan Islami: Asal Usul Nabi Khidir

Kisah Teladan Islami: Asal Usul Nabi Khidir: Kisah Islamiah sore dengan cerita asal usul Nabi Khidir as . Banyaknya tokoh-tokoh sufi serta hamba Allah yang bergelar Walisanga pun menur...
yudi sayidi, S.PdI,_smpn1awn.blogspot.com

Gambar Pahlawan Nasional: Ir.Soekarno

Gambar Pahlawan Nasional: Ir.Soekarno: Ir.Soekarno
yudi sayidi, S.PdI,_smpn1awn.blogspot.com

Jenderal Besar Soedirman | Gambar Pahlawan Nasional

Jenderal Besar Soedirman | Gambar Pahlawan Nasional
yudi sayidi, S.PdI,_smpn1awn.blogspot.com

SOAL ULANGAN HARIAN IV

SOAL ULANGAN HARIAN IV MATA PELAJARAN : Bahasa Cirebon KELAS/SEMESTER : VII ( Tujuh )/Genap Petunjuk Umum: 1. Periksa dan bacalah soal-soal sebelum kamu menjawab. 2. Jawaban dikerjakan di LJK (Lembar Jawaban Komputer) yang telah disediakan. 3. Gunakan pinsil 2B (ASLI) 4. Laporkan kepada Pengawas Ruang jika terdapat tulisan pada soal yang kurang jelas. 5. Jumlah soal sebanyak 60 butir, seluruhnya berbentuk pilihan ganda. 6. LJK jangan sampai rusak, terlipat, kotor, atau basah. 7. Dahulukan menjawab soal-soal yang kamu anggap mudah. 8. Periksalah kembali hasil pekerjaanmu sebelum kamu serahkan kepada Pengawas. Pilih jawaban kang paling leres a,b,c utawi d! Wacaan kangge soal no.1-5 RADEN WALANGSUNGSANG LELANA Nalika Raden Walangsungsang teka ning gunung cangak, Raden Walangsungsang ngedeleng wit kiara kang unggal pange ana bango kang lagi pada leren. Raden Walangsungsang duwe maksud arep nangkep salah siji bango mau, tapi ngrasa watir mengko bakal mabur kabeh lan nambah adoh, lantas inget ning pusakae mangrupa kopiah waring ingkang kasiate bisa bli kedeleng ning sapa bae, kepanjing jin lan setan. Kopiah waring gagean dienggo, terus Walangsungsang njokot pring kang arep digawe bubu lan dipasangi salah sawiji kiara. Ning sejerone bubu dieseni iwak. Puguh bae bango-bango mau pada seneng ndeleng iwak ning bubu, terus pada ribut suarane muni santer pisan, ndadiaken krungu ning Raja Bango (Sang Hyang Bango) lan gage bae mareki ning rakyate. Raja Bango ndadak sekala pengen gage-gage njukut iwak kang ana ning jero bubu, sampe deweke manjing perangkap lan ora bisa metu, lan akhire ditangkep dening Raden Walangsungsang. Raja Bango ngajukaken penjalukan maring Raden Walang Sungsang supaya aja disembeleh lan ngrasa taluk. Malah ngundang Raden Walang Sungsangmampir ning istanae arep diupai pusaka atawa jimat. Pas wis teka ning istanae Raja Bango, ndadak sekala Raja Bango bisa ngrubah wujude dadi pemuda kang ganteng lan nyerahaken pusaka maring Raden Walang Sungsang mengrupa pendil wesi, piring sarta barang. Kasiate barang pusaka mau yaiku, pendil wesi bisa dijaluki sego (sega) lan lawuane sepira bae ora diwatesi, lamun piring bisa nyumponi sega kebuli sarta barang bisa nyaosi 100.000 bala tentara. Sang Hyang Bango uga ngupai aran kanggo Raden Walang Sungsang yaiku Raden Kuncung, sauwise mengkonon Raden Walang Sungsang nerusaken lelampahane nuju maring Gunung Jati. 1. Teka ning endi Raden WalangSungsang nemoni bango kang lagi pada liren ......? a. Gunung Cangak b. Gunung Bango c. Gunung Kumbang d. Gunung Jati 2. Kesenengane Bango iku apa ................? a. Pindang b. Iwak c. Daging d. Woh-wohan 3. Jimat kopiah waring iku kasiate apa ......... ? a. Bisa dijaluki sega lan lawuane c. Bisa bli kedeleng ning sapa bae b. Bisa nyumponi sega kebuli d. Bisa nyaosi 100.000 pasukan 4. Apa penjalukane Raja Bango maring Raden WalangSungsang........? a. Dadi muride b. Pengen melu geguru c. Pengen disembele d. Supaya aja disembele 5. Daerah endi tempat jugjugane Raden WalangSungsang ........... ? a. Gunung Jati b. Lemag Wungkuk c. Pajajaran d. Galuh Pakuan 6. Mimi tumbas uwos regine kawanewu sekiloe, tembung kawanewu kalebet tembung… a. aran b. wilangan c. war-war d. sifat 7. Vivi siweg ngetang duwit kang dipai. Tembung duwit kabelet tembung…. a. aran b. wilangan c. sifat d. penyambung Wacaan kangge soal no.08-19 “Babad Cerbon” Asal Usul Cirebon Menurut kitab purwaka caruban nagari, aran Cirebon asale sing tembung sarumban kang artie ‘campuran’, nginget kota iku digenahi lan dihuni pirang-pirang suku lan budaya. Purwaka caruban nagari iku diungkapaken, kang dikutip Arif kurniawan, penduduk iku nyebut cerbon “negeri gede” sampe kiyen bli setitik wong cerbon masih nyebut-nyebut Cirebon karo ‘Grage’ omongan kang sing asale sing “negeri gede”. Aran cerbon sebenere wis kesohor sing dunia internasional sing awit awal abad 16 Tomi Pires, musafir Portugis kang teka ning nusantara wiwit abad 16 nyatet bahwa Cirebon kang deweke singgahi ngerupaaken kota pelabuhan kang ramah (Cortesao 1994:179). Konon aran cirebon jaresih awite dipai seng wong-wong sunda kang seneng lan kesengsem ning rebon, jare wong cerbone, kang artie urang cilik kanggo gawe trasi. Alkisah, serombongan wong Rajagaluh teka ning umae Pangeran Cakrabuana penguasa cerbon, rombongan dijamu panganan kang iwake trasi, ya rebon iku. 8. Awit abad 16 ana musafir Portugis teka ning nusantara kang arane…. a. Cortesao b. Diego Ribeiro c. Tome Pires d. Tan Malaka 9. Penguasa cerbon bengiyen arane….. a. Pangeran Bagus Serit c. Pangeran Diponegoro b. Pangeran Ahmad d. Pangeran Cakrabuana 10. Aran Cerbon asal mulae sing tembung….. a. sarumban b. sarimbit c. salembar d.salamine 11. Penduduk waktu iku nyebut cerbon, yaiku…. a. Kota urang b. Negeri gede c. Garage d. Gramedia 12. Tembung sarumban, kang artie…. a. Campuran b.Camparan c. Camperan d. Campurna 13. Kangdudu sebutan bangsawan utama gelar kerajaan, yaiku…. a. Raden ajeng b. Sultan c. Andi/pangeran d. Padepokan 14. Aran cerbon sebenere wis kesohor, tembung kesohor artie….. a. Kena b. Keceluk c. Kejawen d.Kesamper 15. Wong Rajagaluh pada tuku trasi, bebasane… a. Wong Rajagaluh sami tumbas trasi c. Wong Rajagaluh sami tumbas traos b. Tiyang Rajagaluh pada tumbas trasi d. Tiyang Rajagaluh sami tumbas traos 16. Wong-wong rajagaluh kesengsem ning rebon, tembung kesengsem artie…. a. Manut b. Kebayang c. Inget bae d. Kelangan 17. Mimi tumbas rasukan abrit teng pasar…. a. klambi b. baju c. kebaya d. rok 18. Arti pesamiane kata ‘dolan’ yaiku? a. tumbas b. Sowan d. Nyuwun d. Nitip 19. Persamiane kata ‘ngutus’ yaiku? a. tumbas b. Gesang c. ngongkon d. Pengker Wacaan kangge soal no.20 Ning jaman Khalifah Mansyur, arep diangkat salah siji syekh sufi ngenggo nyekel jabatan hakim agung kerajaan. Sebab iki kepapat syekh mau arep diundang ning Istana lan arep ditakoni kesanggupane nyekel jabatan mau. Abu khanifah salah sawiji ulama ahli hukum ngomong:”Kaula arep minggat lan emong dadi pejabat, Misar arep pura-pura edan, Sufyan arep lunga ning negara sejen, maka pastie kang dadi hakim agung langka sejene mung Syuraih bae”. Abu khanifah njelasaken alesane sampe kira-kira Khalifah percaya, lan bener bae ditrima alesane. Sejen karo Misar, deweke bli kepengen kedudukan atawa jabatanhakim agung. Misar mareki Kholifah karo nangis lan ngambung tangane, nuli ngomong:” Apa sampeyan waras-waras bae, terus priben anak-anake sampeyan lan ingon-ingone ditaro ning endi, teka bli takon”. “Seret wong edan iki sing adepane kaula! “Omonge Khalifah. “ Wis tambah nemen edane wong iki,” jare Khalifah sewot. Akhire kari Syuraih kang pura-pura gering. Apes nasibe sebab Khalifah Mansyur nggulati tabib kongkon ngobati, kepaksa syuraih nrima dadi hakim agung. 20. Pokok pikiran paragrap kaping kali yaiku? a. Penjelasane papat Syekh c. Papat Syekh kang bli gelem dadi hakim agung b. Prentahe Kholifah d. Pengangkatan Hakim Agung Kerajaan 21. Jaman bengen wong nongton wayang akeh pisan, bebasane yaiku? a. jaman rumiyin tiang ningal serit katah pisan b. jaman bengen tiang ningal serit katah pisan c. jaman rumiyin tiang ningal serit akeh pisan d. jaman rumiyin tiang nongton serit katah pisan 22. Mangkat sekolah numpak pit anyar, bebasane yaiku? a. kesah sekolah numpak pit enggal c. kesah sekolah niti pit anyar b. kesah sekolah niti pit enggal d. lunga sekolah niti pit enggal 23. Tata cara nggunakaken telpon kang paling bagus, yaiku … a. Ngenalaken dikit, salam, lan diakhiri salam b. Ngucapaken salam, ngenalaken, nggunakaken kalimat kang efektif, pesen kang disampekaken secara urut, tegas, jelas, lan diakhiri karo ucapan matur kesuwun c. Ngenalaken diri, salam, penutup, sareng ucapan kesuwun d. Ngucapaken salam, nggunakaken kalimat efektif 24. Mama siweg jabur jajan+….. pasar, akhiran kang tepat yaiku? a. –en b. –a c. –ha d. –an 25. Dolan+….. kang tebih!, akhiran kangge ngisi titik-titik yaiku? a. –en b. –a c. –ha d. –an 26. Sekul teng meja enggal tutup+…..supados mboten kenang laler. a. –en b. –a c. –ha d. –an 27. Anak kang laire bareng arane ............? a. padan b. Kembar c. kluron d. Bareng bral 28. Anak lima (5) lanang siji (1) arane .............? a. Ipil-ipil b. saramba c. pandawa d. Keblat papat 29. Anak kang lahire namer siji (1)arane ..............? a. padan b. sarimpi c. pembarep d. Ontang-anting 30. Anak 5 wadon kabe arane ..............? a. Pancagati b. Padangan c. Unting-unting d. Ipil-ipil
yudi sayidi, S.PdI,_smpn1awn.blogspot.com

KARANGAN EKSPOSISI

PAPAT SYEKH LAN KHOLIFAH Ning jaman Khalifah Mansyur, arep diangkat salah siji syekh sufi ngenggo nyekel jabatan hakim agung kerajaan. Sebab iki kepapat syekh mau arep diundang ning Istana lan arep ditakoni kesanggupane nyekel jabatan mau. Abu khanifah salah sawiji ulama ahli hukum ngomong:”Kaula arep minggat lan emong dadi pejabat, Misar arep pura-pura edan, Sufyan arep lunga ning negara sejen, maka pastie kang dadi hakim agung langka sejene mung Syuraih bae”. Abu khanifah njelasaken alesane sampe kira-kira Khalifah percaya, lan bener bae ditrima alesane. Sejen karo Misar, deweke bli kepengen kedudukan atawa jabatanhakim agung. Misar mareki Kholifah karo nangis lan ngambung tangane, nuli ngomong:” Apa sampeyan waras-waras bae, terus priben anak-anake sampeyan lan ingon-ingone ditaro ning endi, teka bli takon”. “Seret wong edan iki sing adepane kaula! “Omonge Khalifah. “ Wis tambah nemen edane wong iki,” jare Khalifah sewot. Akhire kari Syuraih kang pura-pura gering. Apes nasibe sebab Khalifah Mansyur nggulati tabib kongkon ngobati, kepaksa syuraih nrima dadi hakim agung.
yudi sayidi, S.PdI,_smpn1awn.blogspot.com

BABAD

RADEN WALANGSUNGSANG LELANA Nalika Raden Walangsungsang teka ning gunung cangak, Raden Walangsungsang ngedeleng wit kiara kang unggal pange ana bango kang lagi pada leren. Raden Walangsungsang duwe maksud arep nangkep salah siji bango mau, tapi ngrasa watir mengko bakal mabur kabeh lan nambah adoh, lantas inget ning pusakae mangrupa kopiah waring ingkang kasiate bisa bli kedeleng ning sapa bae, kepanjing jin lan setan. Kopiah waring gagean dienggo, terus Walangsungsang njokot pring kang arep digawe bubu lan dipasangi salah sawiji kiara. Ning sejerone bubu dieseni iwak. Puguh bae bango-bango mau pada seneng ndeleng iwak ning bubu, terus pada ribut suarane muni santer pisan, ndadiaken krungu ning Raja Bango (Sang Hyang Bango) lan gage bae mareki ning rakyate. Raja Bango ndadak sekala pengen gage-gage njukut iwak kang ana ning jero bubu, sampe deweke manjing perangkap lan ora bisa metu, lan akhire ditangkep dening Raden Walangsungsang. Raja Bango ngajukaken penjalukan maring Raden Walang Sungsang supaya aja disembeleh lan ngrasa taluk. Malah ngundang Raden Walang Sungsangmampir ning istanae arep diupai pusaka atawa jimat. Pas wis teka ning istanae Raja Bango, ndadak sekala Raja Bango bisa ngrubah wujude dadi pemuda kang ganteng lan nyerahaken pusaka maring Raden Walang Sungsang mengrupa pendil wesi, piring sarta barang. Kasiate barang pusaka mau yaiku, pendil wesi bisa dijaluki sego (sega) lan lawuane sepira bae ora diwatesi, lamun piring bisa nyumponi sega kebuli sarta barang bisa nyaosi 100.000 bala tentara. Sang Hyang Bango uga ngupai aran kanggo Raden Walang Sungsang yaiku Raden Kuncung, sauwise mengkonon Raden Walang Sungsang nerusaken lelampahane nuju maring Gunung Jati. Asal Usul Cirebon Menurut kitab purwaka caruban nagari, aran Cirebon asale sing tembung sarumban kang artie ‘campuran’, nginget kota iku digenahi lan dihuni pirang-pirang suku lan budaya. Purwaka caruban nagari iku diungkapaken, kang dikutip Arif kurniawan, penduduk iku nyebut cerbon “negeri gede” sampe kiyen bli setitik wong cerbon masih nyebut-nyebut Cirebon karo ‘Grage’ omongan kang sing asale sing “negeri gede”. Aran cerbon sebenere wis kesohor sing dunia internasional sing awit awal abad 16 Tomi Pires, musafir Portugis kang teka ning nusantara wiwit abad 16 nyatet bahwa Cirebon kang deweke singgahi ngerupaaken kota pelabuhan kang ramah (Cortesao 1994:179). Konon aran cirebon jaresih awite dipai seng wong-wong sunda kang seneng lan kesengsem ning rebon, jare wong cerbone, kang artie urang cilik kanggo gawe trasi. Alkisah, serombongan wong Rajagaluh teka ning umae Pangeran Cakrabuana penguasa cerbon, rombongan dijamu panganan kang iwake trasi, ya rebon iku.
logo
Copyright © 2012 Basa Cerbon ~ اللغة سيريبون ~ يودى الشريف.
Blogger Template by Clairvo