RINEKA TEMBUNG LAN OLAHANE
Rimbag Wasesane
Rimbag wasesane yaiku tembung lingga kang oleh panambang “-an“, wujud wasesane yaiku;
1. Rimbag wasesa –an lingga yaiku tembung lingga kang oleh panambang “-an“
Tuladha:
- tancep + -an = tancepan
- rujak + -an = rujakan
- petung + -an = petungan
- leren + -an = lerenan
2. Rimbag wasesa –an dwilingga yaiku tembung dwilingga kang oleh panambang
“-an”
“-an”
Tuladha:
- gelis-gelis + -an = gelis-gelisan
- orek-orek + -an = orek-orekan
- jiwit-jiwit + -an = jiwit-jiwitan
- lirik-lirik + -an = lirik-lirikan
3. Rimbag wasesa –an dwipurwa yaiku tembung dwipurwa kang oleh panambang
“-an”
“-an”
Tuladha:
- lelabuh + -an = lelabuhan
- rerambut + -an = rerambutan
- kekiter + -an = kekiteran
- rerega + -an = reregan
4. Rimbag wasesa –an dwi wasana yaiku tembung dwiwasana kang oleh
panambang “-an”
panambang “-an”
Tuladha:
- jegagak + -an = jegagakan
- jebablak + -an = jebablakan
- cenunuk + -an = cenunukan
- cengenges + -an = cengengesan
5. Rimbag wasesa –an rangkep yaiku rimbag wasesane kang oleh panambang
“-an” dadi wujude oleh panambang “-an” rangkep.
“-an” dadi wujude oleh panambang “-an” rangkep.
Tuladha:
- tetuku + -an + -an = tetukunan
- leladi + -an + -an = leladenan
- bali-bali + -an + -an = balen-balenan
- kali-kali + -an + -an = balen-balenanRimbag Bawa Ma
Rimbag bawa ma yaiku wawangune tembung andhahan kang kedadean saka tembung lingga kang oleh seselan “-um-“.
Rimbag bawa ma iku ana 3 warna yaiku:
1. Rimbag bawa ma wantah yaiku tembung lingga kang oleh seselan “-um-”
Tuladha:
Sumandhing, tumiba, tumandhang, sumimpang, gumujeng, lan liya-liyane.
2. Rimbag bawa ma tundha yaiku tembung dwilingga, lingga kang keri oleh seselan
“-um-“.
“-um-“.
Tuladha:
Sebar-sumebar, tangkar-tumangkar, turun-tumurun, lan liya-liyane.
Bawa ma tundha ngemu surasa tundha-tundha urut-urutan, turun-tumurun,
tegese tundha-tundha tumurun saka wong tuwa marang anak, saka anak
marang putu, saka putu marang buyut lan sapiturute.
3. Rimbag dwilingga bawa ma yaiku tembung dwilingga kang ngarep oleh seselan
“-um-“.
“-um-“.
Tuladha:
Tumular-tular, sumambung-sambung, gumandheng-gandheng, lan liya-liyane.
Dwilingga bawa ma ngemu surasa tandah. Tumuylar-tular tegese saka A marangB, C, D lan sapiturute.
Rimbag Bawa Ha
Rimbag bawa ha yaiku sakabehing tembung lingga kang oleh ater-ater “a-” utawa ater-ater “ma-“ kang nduweni teges nganggo utawa duwe.
Tuladha:
a + sarung = asarung
a + topi = atopi
ma + guru = maguru
ma + gawe = magaweRimbag Sambawa
Rimbag sambawa yaiku sakabehing tembung kang oleh panambang “-a, -na,
-ana” kang duwehi teges pangarep-arep, sanajan, mokal, umpama, pangajab.
-ana” kang duwehi teges pangarep-arep, sanajan, mokal, umpama, pangajab.
Tuladha:
- Mbokyo Ella tekaa kene ngono yo atiku seneng banget. (pangarep-arep)
- Kotambanana simbahmu ora bakal mari. (senajan)
- Kowe maneh pintera, wong aku bae ora pinter kok, Mir! (mokal)
- Mangkata dhek mau ora ketelatan bis. (umpama)
- Glundhunga sisan ngono ngepit kok yak-yakan. (pangajab)Ngrimbag
Tuladha;
1. pakumpulan = pa- + kumpul + -an
2. tinengeran = tenger + -in- + -an
3. daktitipake = dak- + titip + -ake
4. tinembihaken = tebih + -in- + -aken
5. dicedhaki = di- + cedhak + -i
6. panggilingan = pa- + -ang- + giling + -an
7. kalurahan = ka- + lurah + -an
8. njagakake = an +jaga + -ake
9. kojembarake = ko- + jembar + -ake
10. tumempuh = tempuh + -um-
Panambang
Panambang
utawa akhiran (sufiks) yaiku imbuhan sing dumunung ing buri tembung.
Panulise kudu sumambung rapet karo tembung kang ana ing sisih kiwane
(serangkai) lan ora kena kapisah. Panambang ing basa Jawa kayata –i, -a,
-e, -en, -an, -na, -ana, -ane, lan –ake.
1. Panambang –i
Panambang
–i kang sumambung ing tembung lingga kang pungkasane vokal bakal malih
dadi –ni. Ananging yen sing kagandheng kuwi tembung lingga kang wasanane
awujud konsonan, panambang –i ajeg utawa ora ana owah-owahan apa-apa.
Tuladha:
Lara + -i à larai à larani
Tamba + -i à tambai à tambani
Pati + -i à patii à pateni
Bali + -i à balii à baleni
Tuku + -i à tukui à tukoni
|
Antem + -i à antemi
Gebug + -i à gebugi
Jotos + -i à jotosi
Jiwit + -i à jiwiti
Tutup + -i à tutupi
|
2. Panambang –a
Panambang
–a bisa sumambung ing tembung kang wasanane vokal utawa konsonan.
Tembung kang diwuwuhi panambang –a, ing panulisan ora ana owah-owahan.
Ananging Manawa panambang –a sumambung ing tembung kang wekasane awujud
vokal, panambang –a malih dadi ya utawa wa. Sanadyan mangkono, swara y
lan w kang muncul ing tembung mau ora perlu katulis.
Tuladha:
Tangi + -a à tangia
Bali + -a à balia
Biru + -a à birua
|
Gelem + -a à gelema
Takon + -a à takona
Arep + -a à arepa
|
3. Panambang –e (ipun)
Tembung
lingga kang pungkasane awujud vokal lan dipanambangi –e, panambang –e
bakal malih dadi –ne. ananging tembung lingga kang wekasane awujud
konsonan lan dipanambangi –e, panulise ajeg ora ngalami owah-owahan
apa-apa.
Dara + -e à darae à darane
Pari + -e à parie à parine
Tahu + -e à tahue à tahune
Sate + -e à satee à sateen
Kebo + -e à keboe à kebone
|
Joged + -e à jogede
Pacul + -e à pacule
Wajik + -e à wajike
Ilang + -e à ilange
Siwur + -e à siwure
|
4. Panambang –en
Panambang –en bisa sumambung ing tembung lingga kang wekasane vokal utawa konsonan.
Tuladha:
Suduk + -en à suduken Tutup + -en à tutupen
Cuwil + -en à cuwilen Jawil + -en à jawilen
5.Panambang –an
Panambang –an bisa sumambung ing tembung lingga kang wekasane vokal utawa konsonan.
Tuladha:
Joged + -an à jogedan jaran + -an à jaranan
Lemes + -an à lemesan pacul + -an à paculan
6. Panambang –na
Panambang
–na yen sumambung ing tembung lingga kang awasana konsonan, panambang
–na ora owah. Ananging yen tembung lingga kang wekasane awujud vokal lan
kawuwuhi panambang –na, panambang –na malih dadi –kna.
Tuladha:
Lungguh + -na à lungguhna jupuk + -na à jupukna
Jiwit + -na à jiwitna ulung + -na àulungna
Kandha + -na à kandhana à kandhakna
Sewa + -na à sewana à sewakna
Turu + -na à turuna à turokna
Gedhe + -na à gedhena à gedhekna
7. Panambang –ana
Yen
tembung lingga kang wekasane awujud vokal utawa wanda menga lan tembung
iku kawuwuhi panambang –ana, panambang –ana malih dadi –nana. Ananging
yen tembung lingga kasebut pungkasane awujud konsonan utawa wanda sigeg
lan tembung iku kawuwuhi panambang –ana, panambang –ana ora owah.
Tuladha:
Kandha + -ana à kandhaana à kandhanana
Kanca + -ana à kancanana à kancanana
Tali + -ana à taliana à talinana
Isi + -ana à isiana à isinana
Tuku + -ana àtukuana à tukunana
Raup + -ana à raupana
Adus + -ana à adusana
Wisuh + -ana à wisuhana
Tinggal + -ana à tinggalana
Tulung + -ana à tulungana
8. Panambang –ane
Panambang
–ane bisa sumambung ing tembung lingga kang wekasane awujud vokal utawa
konsonan. Tembung lingga awasana vokal yen kawuwuhi panambang –ane,
panambang –ane malih dadi –nane. Ananging yen ana tembung lingga kang
wekasane konsonan diwuwuhi panambang –ane, panambang –ane ora ana
owah-owahan.
Tuladha:
Tamba + -ane à tambaane à tambanana
Sapu + -ane à sapuane à saponana
Kendho + -ane à kendhoane à kendhonane
Gebug + -ane à gebugane
Keplak + -ane à keplakane
Tulis + -ane à tulisane
9. Panambang –ake (-aken)
Panambang
–ake ing basa karma malih dadi –aken. Tembung lingga kang awujud vokal
lan dipanambangi –ake bakal malih dadi –kake. Ananging tembung lingga
kang wekasane awujud konsonan lan dipanambangi –ake, panulise ajeg ora
ngalami owah-owahan apa-apa.
Tuladha:
Kendho + -ake à kendhoake à kendhokake
Gawa + -ake à gawaake à gawakake
Turu + -ake à turuake à turokake
Utang + -ake à utangake
Keplak + -ake à keplakake
Tulis + -ake à tulisake
Rimbag Rangkepan
Rimbag rangkepan ana telung werna, yaiku rimbag dwipurwa, dwilingga lan dwiwasana.
Rimbag Dwipurwa
Rimbag Dwipurwa
Rimbag dwipurwa iku wewangunaning tembung andhahan sing kedadeyan
saka tembung lingga kang wandane wiwitan dirangkep.
Umpamane:
a. Ateges nganggo : kekudhung, pepayung
b. Ateges sing dianggep : lelurah, sesepuh
c. Ateges kabeh sing : pepeteng, reruwet
d. Ateges ora gumathok : tetuku, sesuluh, tetiga
Rimbag Dwilingga
Rimbag dwilingga iku warna-warna wujude, yaiku:
Rimbag Dwilingga
Rimbag dwilingga iku warna-warna wujude, yaiku:
a. Dwilingga Wantah
Dwilingga wantah Yaiku dwilingga kang dumadine mung sarana karangkep tembunge bae tanpa owah-owahan.
Tuladha:
- Bocah-bocah
- Mangan-mangan
- Mbalang-mbalang
- Weruh-weruh
b. Dwilingga Salin Swara
Dwilingga salin swara yaiku dwilingga kang dumadine sarana ngowahi:
1. Swaraning tembunge kang ngarep.
Tuladha:
Sapa : sopa-sapa
Sendhen : sendhan-shenden
Bali : bola-bali
2. Swaraning tembunge kang mburi.
Tuladha:
Pindhah : pindhah-pindheh
Kembang : kembang-kembeng
Slendhang : slendhang-slendheng
3. Swaraning tembunge loro pisan ngarep lan mburi.
Madhang : modhang-medheng
Gonjing : gonjang-ganjing
Cempreng : comprang-campreng
c. Dwilingga Semu
Dwilingga semu yaiku kang wujude kaya dwilingga ananging ora ana linggane.
Tuladha:
Kolang-kaling ondhang-andheng alun-alun
Andheng-andheng ula-ula ugel-ugel
Camboran tunggal yen digawe dwilingga, karangkep kabeh.
Tuladha:
Semar mendem : semar mendem-semar mendem
Parang rusak : parang rusak-parang rusak
Camboran wudhar yen digawe dwilingga, kang karangkep tembunge kang ngarep.
Tuladha:
Pager wesi : pager-pager wesi
Gudhang kopi : gudhang-gudhang kopi
Tembung andhahan kang luwih saka rong wanda yen karangkep mung di cekak:
Tuladha:
Tineter : tineter-teter
Saolehe : saoleh-olehe
Tumimbal : tumimbal-timbal
Tembung lingga kang ole ater-ater anuswara didwilinggakake:
Tuladha:
Njupuk : njupuk-njupuk
Nulis : nulis-nulis
Mbalang : mbalang-mbalang
Ngukur : ngukur-ngukur
Rimbag Dwiwasana
Rimbag
Dwiwasana iku dumadine saka tembung rong wanda kang karangkep wandane
pungkasan kaucapake kaping pindho, wandane kapisan swara e (pepet).
Yen wandane wekasan sigeg, sesigeke dibuwang dhisik.
Tuladha:
Cenges //ce-nges-nges : Cengenges
Celuk //ce-luk-luk : celuluk
Jegik //je-gik-gik : jegigik
Yen wandane kang kapindho sandhangan cakra utawa keret, yen diseselake cakra lan kerete ilang.
Jegreg //je-greg-greg : jegegreg
Cekruk //ce-kruk-kruk : cekukruk
Wuwuhan (Tambahan)
1. Ater-ater
Ater-ater yaiku aksara utawa wanda kang dumunung aneng sangarepe
tembung.
Warna-warnaning ater-ater yaiku:
a. Ater-ater anuswara: an, am, any, ang (m, n, ny, ng)
Tuladha:
- an + tonton = nonton
- am + pinggir = minggir
- any + setor = nyetor
- ang + andhep = ngadhep
b. Ater-ater tripurusa: dak-, ko-, di-
Tuladha:
- dak + gayuh = dakgayuh
- ko + gawe = kogawe
- di + angkat = diangkat
c. Ater-ater liyane: a-, ma-, ka-, sa-, pa-, pi-, pra-, kuma-, kapi-, tar-
Tuladha:
akarya, makumpul, katuku, sakantor, pomah, pituduh, pratandha,
priagung, kumalancang, kamiseseg, kapiluyu, tarkadhang
2. Seselan
Seselan yaiku aksara utawa wanda kang dayane ana setengahe tembung.
Seselan ing basa jawa iku ana papat yaiku: -um-, -in-, -el-, -er-
Tuladha:
- titah + -um- = tumitah
- tutuh + -in- = tinutuh
- dewer + -el- = delewer
- cuwil + -er- = ceruwil
3. Panambang
Panambang yaiku aksara utawa wanda kang mapan ing samburine
tembung. Dene wujude panambang: -i, -ake, -ne, -e, -a, -ana, -ku,
-mu, -en. Kajaba saka iku isih akeh panambang saka basa manca
kayata man, wan, wati, isme.
Tuladha:
milihi, nitipake, nukokake, kabare, mikira, tutupana, ibuku, sapimu,
tebasen, seniman, sastrawan, seniwati, sosialis, kapilaisme
Katrangan:
1. Wanda yaiku kumpulan aksara sing wujude swara sakecap,
(basa Indonesia: suku kata)
2. Aksara ana werna loro yaiku:
a. aksara urip (vokal): a, i, u, e, o
b. aksara mati (konsonan): b, c, e, f, g, h, j, k, l,m, n, p lan liya-liyane
0 komentar:
Posting Komentar