separate
Lestarikan Budaya dan Bahasa Daerah Cirebon Dengan mengeksplorasi Kekayaan Ragam Budaya Cirebon
banner ad
logo
yudi sayidi, S.PdI,_smpn1awn.blogspot.com

WANGSALAN Lan PUISI_ CERBON




Wangsalan
       Wangsalan asalé saking tembung Dwi lingga Salin Swara ” wangsal-wangsul .” Tembung wangsul nduweni  arti “ jawab.
       Wonten pertelaan kang nyebutaken yén  “ wangsalan “ yaiku Ukara   (kalimat) kang kepengén nyampéyaken maksud utawa kehendak kang  nggunaaken tembung-tembung kang mirip karo kang   dimaksud .
Wangsalan  ning Cerbon ana  pitung macem :
1 Wangsalan cendek
2. Wangsalan lamba
3. Wangsalan rangkep
4. Wangsalan wutuh
5. Wangsalan  sinawung ukara
6. Wangsalan  sinawung témbang
7.  Wangsalan  sawernaé

a.   Wangsalan cendhek (péndek)
     Contoé:
·      Janur gunung  pupus arén  maksudé “ kadingarén “ ( kebetulan ) “
·      Balung jagung (bagal), maksudé “ dugal,gagal,tunggal “
·      Sekar glédég “ (kilat), maksudé “ Mbuk lap ( terkejut) “
·      Jenang gula (gulali), maksudé “ aja lali (jangan lupa) “
·      Welut karang (ular),maksudé “ kegila-gila (keterlaluan) “
·      Pager dhoyong (nggebrug= rubuh), maksudé “apa gebrage baé ( terserah apa kata nanti) “
Conto ukarané:     
            : Janur gunug Kadingarén dolan ning umaé kita
            : Balung jagun  Aja gawé dugalé ning ati
            : Jenang gula, aja lali karo kulané
            : Pager doyong,   yawis apa gebragé baé
            : Piring abang sing panjunan, aja gawé sulaya ning janjiné
b.       Wangsalan Lamba
     Wangsalan lamba yaniku wangsalan kang jawabané ana ning salah sawijiné ukara (kalimat) Contone :
  • Kucing alas dikunjara (tenggalaung), maksudé “talungané (alangkah lebih baiknya)”, “kalungsé (lemah lunglai kepayahan, wis kelewat waktu).
  • Udud cendek pembuangan (tegesan=puntung rokok), maksudé            “negesaken” (menegaskan)
  • Pasar alit munggéng margi (warung) maksudé “wurung  (batal)“
  • Kendang cilik penepak tangan (ketipung), maksudé “aja mungpung“
  • Menyan kuning jawa gendong ( welirang ) maksudé “kewirangan“
  • Pawon bunder ning panjunan ( lungku) maksudé “kereng (galak)“
  •  Balumbang tinatur bata ( sumur ) maksudé “ Saumur “
  • Toya mijil saking langit ( udan ) maksudé “édan “
     Contoh  ukarané : Kendang cilik penepak tangan = aja mungpung dadi
                                   wong sugih
                                     Udud cendekpembuangan= tegesenang omongané kula
c.  Wangsalan Rangkep
            Wangsalan Rangkep yaniku  wangsalan ning sejeroné ukara (kalimat)   
     lan ngandung maksud rangkep.
     Contoné:
  • Durén dawa (keluwih) gludhug muni ketiga (guruh)
Maksudé “ Luwih apa yen laki guru kaula”
  • Uler kembang (lintah) séla ganda pangraciké jamu (pipisan)
Maksudé, “ Dadia titah kang urip sepisan “
d. Wangsalan Wutuh
    Contoné :
  • Jenu tuwa (tungkul), wreksa mrambat ning penginangan (suru)
Aja tungkul meneng-meneng , sandang  pangan kudu diluru.
  • Patrem mahisa (sungu) ulam dawa saba karang (ula)
Aja dirungu mbokat kaplala
  • Carang wreksa (epan) Wreksa wilis tanpa patra (prigin)
Ora gampang wong urip kudu kepéring.

e. Wangsalan sinawung ukara
            Wangsalan sinawung ukara yaniku  wangsalan kang maksudé dadi siji  ning sejeroné kalimat (ukara), Contoé:
  • Peté karang rerincikan (tembara) aja gawé lara ning ati.
  • Kalong alit saba gedang ( codhot ) sumedot rasaning ati.
  • Bajing cilik (curut) sinaba longan sekarepé sun turuti
  • Kendhi beling (gelas) wadha toya, melas temen awak ira
  • Katibabal wohing gori (nangaka) urip ora minangkani.
  • Kucing alas (tenggalung) di kunjara, talungbasa awak sira.
  • Asem enom tuwa tanggung (cempaluk) ,ora kuat kenang penjalukané
  • Cowét bang (laya) saking Panjunan, laya-laya sing kadoan
  • Damar gedé ning awiyat (srengengé) masi tangé urip kula
  • Toya mijil saking langit ( udan) lagi nasibé badan
  • Lawon petak (layar) ning baita , sanajan ado sira siji tek layari.
  • Kembang putih (méga) malipir gunung, aja téga ning kulaé
  • Kunir petak (temu) kinebonan , kapan baé ketemué.
  • Lampit gunung ( klasa) migelaran, nelangsa krasa ning ati.
  • Gubung duwur tengah sawah (ranggon) urip ora ketunggon
  • Dami bosok cukul pari (singgang) diadhang senggangé baé.


f.  Wangsalan Sinawung Tembang

      Yaiku wangsalan serta maksudé tersusun utawa terangké ning wacaan tembung macapat.
Contoé :
Lulub gebang pinasuhan
Kaliwat pegel kang ati,
Toya lebar sinenggotan,
Sun lawani gobag-gabig,
Centong sabin awak mami,
Dadi ngecul awak isun,

Balungbang tinatur bata
Seumur kula enteni,
g. Wangsalan Sawernaé 
            Yaiku wangsalan kang wujudé  beli kepanjing ning wangsalan :
1 Wangsalan cendek
2. Wangsalan lamba
3. Wangsalan rangkep
4. Wangsalan wutuh
5. Wangsalan  sinawung ukara
6. Wangsalan  sinawung tembang
     Contoé :
Piring cilik aja dipikir pusing (pising)
Balung nangka kekatonen (beton)
Sekar glédég mbuk lap (kilap)
ganda emas kekaratan (karat )
Pandan rawa manglingi (welingi) 



PUISI _ CERBON



Pelajaran 8                           
Description: C:\Users\Sayidi\AppData\Local\Microsoft\Windows\Temporary Internet Files\Content.IE5\H43D4Q1V\MC900267224[1].wmf
PUISI
Rounded Rectangle: Aspek				: Menyimak / Mendengarkan
Standar Kompetensi		: Mampu menulis secara efektif dan efesien
  untuk mengungkapkan fikiran, perasaan dan 
  keinginan dalam bentuk menulis pengalaman, 
  puisi, karangan eksposisi dan carakan Cerbon.
Kompetensi Dasar		: Menulis puisi
PUISI
A. Pengertosan Puisi
Micareng ngenai sastra, mboten ucul saking rineka wernaning sastra kang wonten teng lebete, kalebet pemicarengan ngenai puisi. Teng selebete sastra Indonesia, istilah puisi asring diorak-arik kaliyan istilah sajak. Selerese antawis puisi kaliyan sajak punika benten. Istilah puisi asale saking basa Yunani ‘poesis’ kang maknae penciptaan. Puisi secara langsung dipendet saking basa Welandi ‘poezie’ kang sejajar kaliyan istilah 'poetry' teng basa Inggris, sedeng istilah sajak sejajar kaliyan istilah 'poem'. Pramila punika, kekalih istilah punika kedahe dibentenaken lan mboten dicampuradukaken penggunaane. Puisi punika setunggale genre sastra (seliyane prosa lan drama), sedeng sajak punika setunggale jenis puisi (individu puisi).
Puisi ngrupiaken asil kreasi keinanan setunggale tiyang. Kang dimaksad kaliyan kreasi keinanan nggih niku setunggale ekspresi saking pengalaman kang sifate imajinatif, pikiran-pikiran kang paling sae, lan pikiran-pikiran kang paling nyenengaken. Pernyataan punika saluyu kaliyan pendapat saking Wattsdunton kang nyatakaken ‘Puisi minangka ekspresi kang kongkret lan sifate artistik saking pikiran janma ngangge basa emosional lan gadah irama’ (selebete Tarigan, 1985 : 7). Hal punika gadah makna nyaniya puisi ngrupiaken gambaran pengalaman lan peraosan penyair liwat larik-larik lan pada puisi kaliyan migunakaken basa kang kaatur lan inan.
Ahli sanes nyatakaken nyaniya ‘Puisi nggih niku pendaleman pengalaman kang sifate penafsiran lan nafsiraken pengalaman punika selebete basa kang umirama (gadah metrum) (as the interpretative of experience in metrical language)’ (Altenbernd teng Pradopo, 1977 : 5). Artose, puisi ngrupiaken ekspresi pengalaman setunggale tiyang kaliyan migunakaken basa kang umirama, nggih niku ngangge wangun padalisan lan pada puisi.
Negasaken pendapat teng inggil punika, Waluyo netelaken nyaniya ‘Puisi nggih niku wangun rumpaka sastra kang ngungkapaken pikiran lan peraosan penyair secara imajinatif kaliyan ngonsentrasiaken sedanten kekiyatan basa kaliyan pengonsentrasian struktur fisik lan struktur batine, (1995 : 25).
Selebete teori sastra kang lami ngantos saniki maksih diyakini dening masyarakat (ugi guru basa lan sastra) nyaniya puisi punika maksih diartosaken kaliyan anggitan kaiket, tinalenan kaliyan katahe tembung teng setunggale padalisan (baris atanapi larik), katahe padalisan teng setunggale pada (bait atanapi strophe), uga tinalen kaliyan rima (pisajakan). Miturut Wiryosudarmo, puisi punika setunggale anggitan kang kaiket dening (1) katahe tembung teng unggal padalisan, (2) katahe padalisan teng unggal pada, (3) katahe kecap (suku kata) teng unggal padalisan, (4) rima, lan (5) irama (teng selebete Alit, 2002 : 54).
Teori kados kang didefinisiaken dening Wiryosudarmo punika, pancen linaku, nanging linakue cumi kangge jenis-jenis puisi kang sampun temtos kados dene pantun (sisindiran), syair, sonata, lan jinis-jinis sastra lami sanese.
Anadene pengertosan puisi kang diwedalaken dening Laelasari nggih niku ‘Wangun rumpaka sastra kang migunakaken tembung-tembung kang inan lan sugih kenging makna’.
Kainanan setunggale puisi winangun dening wontene diksi, majas, rima, lan irama kang wonten teng puisi punika. Puisi migunakaken basa kang ringkes nanging padet, sugih makna, lan katah ngandung penafsiran.
Para penyairr enggal (moderen) anggene nyerat puisi mboten merduliaken iketan-iketan formal kados puisi lami. Nanging ekenging pounapa asil tulisane punika maksih disebate puisi? Puisi enggal punika nyimpangi pengertosan saking pandengan lami kados teng inggil punika. Puisi enggal mboten kaiket dening wangun-wangun formal, korespondensi, lan perioditas punika. Mangkane, puisi enggal punika disebat puisi bebas atanapi sajak bebas.
Kados dene pengertosan sastra, ngantos saat puniki, para ahli sastra ngraos kangelan nemtosaken definisi puisi kang sampurna lan ajeg, punapa kang diwastani puisi punika. Teng andap puniki wonten sejumblah pendapat saking ahli sastra ngenai pengertosan puisi.
1. H.B. Jassin : minangka setunggale anggitan, puisi ngandung irama. Unsur irama punika kang mbentenaken antawis puisi kaliyan prosa.
2. Carlylle : puisi nggih niku pemikiran kang sipate musikal, artose wonten wirama, wiraga, lan wirasae.
3. Wordsworth : puisi punika pernyataan peraosan kang imajinatif, nggih niku peraosan kang direka lan diangenaken.
4. Dunton : puisi ngrupiaken pemikiran janma secara kongkret atanapi nyata lan artistik (gadah nilai seni) ngangge rasa emosional, lan gadah wirama.
5. Shelley : puisi punika rekaman detik-detik kang paling inan teng kagesangan setunggale tiyang.
6. Hudson : puisi ngrupiaken salah setunggale pang (cabang) sastra kang migunakaken tembung-tembung minangka sarana ngaturaken lan ngasilaken ilusi lan imajinasi. Media utami puisi nggih niku tembung-tembung kados dene koas lan cet teng selebete lukisan kang migunakaken garis lan warni kangge nggambaraken gagasan pelukis.

B. Deklamasi
Deklamasi nggih niku maosaken setunggal sajak kaliyan pinuh pemahaman, penghayatan kang disertai kaliyan gerak lan mimik kang sae. Pernyataan kasebat saluyu kaliyan pendapat ahli kang nyatakaken nyaniya ‘Deklamasi nggih niku paripolah maosaken sajak kang disertai kaliyan gerak lan mimik kang sae (teng ajenge tiyang katah’ (Depdikbud, 1992 : 193). Artose, ndeklamasiaken puisi nggih niku maosaken puisi teng ajeng tiyang katah kang disertai kaliyan pemahaman lan penghayatan ngantos pemireng saged mahami isi puisi kang dipirenge.
Ahli sanes nyatakaken nyaniya, ‘Ndeklamasiaken puisi artose maos puisi disertai gerak, intonasi, tempo, interpretasi, lan mimik kang sae’ (Ganda, 1999 : 34).
Dados, ndeklamasiaken puisi nggih niku maosaken puisi teng ajenge tiyang katah kang dilampahaken kaliyan gerakan anggota badan kados dene tangan, bau, lan mastaka. Intonasi nggih niku inggil endepe swanten selebete maos puisi.
Tempo nggih niku kecepetan artikulasi atanapi lamie waktos kang diperlokaken selebete maos tembung demi tembung. Mimik ngrupiaken peniruan kaliyan migunakaken gerakan-gerakan anggota badan lan raut wajah atanapi gerak wajah. Sedeng interpretasi nggih niku kewungkulan makna lan pematuran pesen kang kakandung teng lebete puisi, ugi penjiwaan kang wajar lan mboten kelangkungan.

C. Adegan (struktur) Puisi
Kang dimaksad kaliyan adegan atanapi struktur puisi nggih niku unsur-unsur kang wonten teng setunggale puisi. Adegan (struktur) puisi saged dikelompokaken dados kalih kelompok, nggih niku struktur ekstrinsik kaliyan struktur intrinsik. Struktur ekstrinsik nggih niku unsur-unsur kang wonten teng sajawining puisi, sedeng unsur atanapi struktur intrinsik punika unsur kang wonten teng selebete puisi punika. Struktur intrinsik saged dibagi dados struktur lair disebat ugi struktur wangun atanapi struktur ragawi lan struktur batin disebat ugi struktur isi atanapi jasmani.

1. Struktur Lair
Puisi ngrupiaken setunggale struktur kang kompleks. Mangkane, kangge nyumerepi punapa kang wonten teng selebete puisi punika kedah dianalisis sdegan (struktur) lair lan adegan batine. Ditingal saking adegan laire, setunggale puisi gadah bagian penting arupi unsur-unsur kang mbangun puisi saking selebete puisi punika piyambek. Unsur-unsur intrinsik kaiket kaliyan wangun lahiriah atanapi anatomi puisi lan basa kang dipiangge selebete puisi punika. Bagian-bagian unsur lair puisi punika nggih niku :
a. Ungel (bunyi)
Lapis ungel ngrupiaken lapis kang paling inggil saking setunggale sajak keranten upami sajak punika diwaos, kang pertami muncul lan kapireng punika ungel. Sesampune lapis ungel nembe muncul lapis kang langkung andap, nggih niku lapis makna.
Ijenan-ijenan estetik ungel nggih niku persajakan, pocapan (kiasan), ungel, lan orkestrasi. Orkestrasi punika njambet masalah euphony lan caccophony. Micareng masalah ungel teng selebete puisi, kaula sami kedah mahami konsep ngenai :
1) Irama
Irama disebat ugi ritme nggih niku gerakan turut tinurutan secara teratur, munggah-mudune atanapi alunan swanten kang dumadose keranten pengulangan atanapi penemtosan ungel-ungel teng arus dawa cendake, akas atanapi lemese tekanan, lan inggil endepe nada. Irama gadah hubungan kaliyan pengulangan ungel, tembung, frasa, lan ukara. Teng puisi (khususe puisi lami), irama arupi pengulangan ungel kang kaatur setunggale padalisan puisi kang nimbulaken gelombang kang nyiptakaken keinanan.


2) Rima
Rima nggih niku pengulangan ungel kang sami teng setunggale puisi kaliyan nimbangaken tembung-tembung kang gadah pisamian ungel kang harmonis. Pengulangan ungel punika nyiptakaken konsentrasi lan kekiyatan basa atanapi asring disebat daya gaib tembung kados teng selebete mantra. Rima saged dibentenaken dados tigang kelompok, nggih niku :
a) Miturut ungele rima saged dibentenaken dados :
(1) Rima mutlak nggih niku rima kaliyan ungele sami kang wontene teng sebagian kecap akhire kemawon lan wontene teng setunggal padalisan kang sami.
Misale :
jua – jua
mati – mati
dugi – dugi
enjing – enjing
(2) Rima serupi nggih niku rima kang sekilas wangune (tulisane) meh katingal sami nanging selerese benten lan wontene teng setunggal padalisan kang sami.
Misale :
rame – rami
segara – segala
pita – pira
sapi – sari
susur – susul

(3) Rima sampurna nggih niku rima kaliyan tembung-tembung kang gadah rima cumi teng sedanten unen kecap akhir lan wontene teng setunggal padalisan kang sami.
Misale :
puji – saji
sayang – miyang
tarik – burik
njawil – njuwil
angger – tengger

(4) Rima tan sampurna disebat ugi rima paruh nggih niku rima kaliyan pianggean ungel-ungel kang sami kang enggene teng sebagian kecap akhir lan wontene teng setunggal pada.
Misale :
enjing – kucing
wangsul – ketul
salak – butak
mandeg – budeg
(5) Rima kabuka nggih niku rima kaliyan tembung-tembung kang gadah rima teng kecap akhir lan gadah kecap akhir kang kabuka atanapi akhire gadah vokal kang sami lan wontene teng setunggal padalisan kang sami.

Misale :
buka – duka
batu – ratu
kati – mati
duwe – kuwe
(6) Rima katutup nggih niku rima kaliyan tembung-tembung kang gadah rima kang sami teng kecap akhir lan gadah kecap akhir kang katutup lan wontene teng setunggal padalisan kang sami.
Misale :
gelang – belang
susut – kusut
sedep – tetep
purut – surut
tutur – kukur
(7) Rima aliterasi nggih niku rima kaliyan pianggean tembung-tembung kang gadah rima kang sami cumi teng ungel-ungel awal teng unggal tembung kang sepadalisan atanapi teng padalisan-padalisan kang sanes.
Misale :
bisa – bika
rumasa – rumaja
garuda – garjita
sumerah – sumejah
mubeng – mudeng
(8) Rima asonansi nggih niku rima kaliyan tembung-tembung kang gadah rima kang sami cumi teng ungel-ungel vokal lan wontene teng setunggal padalisan kang sami.
Misale :
akal – ajar
otak – obat
niat – kias
riung – ciut
baut – taut

(9) Rima disonansi nggih niku rima kaliyan tembbung-tembung teng vokal kang dados kantetan tembung lan gadah kesan nyukani ungel kang tinentangan lan wontene teng setunggal padalisan kang sami.
Misale :
tindak – tanduk
srantal – sruntul
blarat – blorot
bolak – balik

b) Miturut panggenane teng selebete larik, rima saged dibentenaken dados :
(1) Rima purwa nggih niku rima kaliyan tembung-tembung kang gada rima kang wontene teng awal padalisan kang wonten teng setunggal pada.
Misale :
dikeduk-keduk urat pandan
dikeduk lajeng diurug
dikaji-kaji untungeng badan
dikaji lajeng ditangisi

(2) Rima madya ngrupiaken rima kaliyan tembung kang gadah rima kang sami lan enggene teng tengah padalisan teng selebete setunggal pada.
Misale :
Kelampok Tegal Widara
Mengetane Dukuh Jati
Aja kapok amal jariyah
Kanggo sangu mbesuk mati

(3) Rima wusana nggih niku rima kaliyan tembung-tembung kang gadah rima kang sami kang enggene teng akhir padalisan atanapi larik teng setunggal pada.
Misale :
Anak buaya mangan ning kali
Rob pasang manjing ning tengah
Timbang urip ditinggal rabi
Suka mati diurug lemah

(4) Rima tegak nggih niku rima kliyan tembung-tembung kang gadah rima kang sami lan wontene teng padalisan-padalisan kang benten.
Misale :
Kejahatan diri diumpetaken
Kebajikan diri dikatonaken
Kejahatan tiyang diwaraken
Kebajikan tiyang diklalenakeni

(5) Rima rata (datar) nggih niku rima kaliyan penganggean tembung-tembung kang gadah rima kang sami lan wontene teng larik kang sami.
Misale :
Toya mili, mili teng kali
Akal ajar awak akeh amal
Aja gamam, gumum, lan gumede
Adigang, adigung, adiguna

(6) Rima sejajar nggih niku rima kaliyan setunggal tembung kang diulang-ulang teng setunggale pada secara urut-urutan.

Misale :
Abot bareng dipikul
Enteng bareng ditengteng
Kambang bareng kentir
Kelem bareng teles
(7) Rima sami disebat ugi rima kantet nggih niku rima kaliyan tembung-tembung kang gadah rima kang sami lan enggene teng padalisan kang urut.
Misale :
Tali wesi tambang kawat (a)
Kawat entok kenang karat (a)
Bakal sengsara ning akerat (a)
Sebab urip ora solat (a)

(8) Rima kembar nggih niku rima kaliyan tembung kang gadah rima kang sami lan enggene teng pengkere padalisan kang urut-urut.
Misale :
Gedongana kuncenana (a)
Wong mati masa wurunga (a)
Tekad isun cuman siji (b)
Bagen dadi prawan sunti (b)

‘Sumpah Suci’, Abdul Adjib

(9) Rima tugel nggih niku rima kaliyan tembung-tembung kang gadah rima nanging mboten ngintil rima teng larik kang sanese.
Misale :
Urip ingsun iki, Nok (a)
Kaya kodok keturuban batok (a)
Ora weruh singering jagat (b)
Sing katon mung tembok wis njeplok (a)

(10) Rima paut nggih niku rima kaliyan pola padalisan pertami gadah rima kaliyan padalisan kaping sekawan sedeng padalisan kaping kalih gadah rima kaliyan padalisan kaping tiga.
Misale :
Sasauran gledeg ning langit (a)
Guruh gemuruh temurun udan (b)
Cinawang kilat dikucur awan (b)
Halimun sepet kaya binangkit (a)

(11) Rima silang nggih niku rima kaliyan pianggen tembung-tembung kang gadah rima teng pengkere padalisan teng selebete pada lan enggene selang-seling.

Misale :
Kelampok tegal widara (a)
Mengetane Dukuh Jati (b)
Aja kapok amal jariya (a)
Kanggo sangu mbesuk mati (b)

(12) Rima bebas atanapi rima merdika nggih niku rima kang mboten ngintil teng kaidah-kaidah rima kang sampun wonten.
Misale :
dina kiyen
Tuhan mesem sopan
sewaktu tekwara
sabenere Deweke bli duwe aran
lan unggal menusa bebas ngundang
Deweke
klawan sebutan apa bae
‘Gusti’ Mahesa Alit

3) Ragam ungel
Ragam ungel ngliputi euphony, cacophony, lan onomatopeia. Euphony nggih niku salah setunggale ungel kang sanggem nuansakaken suasana kasumringahan, vitalitas, atanapi obah osik. Ungel euphony unsure arupi ungel vokal. Tembung-tembung kang nyenengaken biasae diwakili kaliyan ungel vokal. Misale, seneng, nembang, mlajeng, lan sapanunggalane.
Kewalikan saking euphony nggih niku cacophony. Cacophony ngrupiaken ungel kang nuansakaken suasana tekanan batin, beku, sedih, atanapi kesepian. Upami euphony diwakili dening vokal, maka cacophony diwakili dening konsonan kang wonten teng pengkere tembung. Ungel konsonan saged arupi ungel bilabial kados dene /p/ teng tembung tutup lan redup. Saged ugi arupi ungel dorsovelar kados /k/ lan /m/ misale, ndesek, kaku, kelam, gerak, peteng, asing, lan sapanunggalane.
Ragam ungel selajenge nggih niku onomatopoeia. Onomatopoeia nggih niku swanten kang nyugestiaken ungel tiron saking kawontenan sekelilinge tiyang (lingkungan jawi). Swanten kang nyugestiaken punika saged arupi swanten sato kewan atanapi barang-barang sanese kados dene titik toya jawoh, gedebur ombak, barang-barang kang dawah, lan sapanunggalane. Swanten sawung jago teng wilayah Jawa (wetan, tengah, lan kilen) cumi nyukani sugesti swanten kang selerese. Penyugestian punika saged dimaklumi keranten pancen angel nirokaken realitas ungel kang selerese liwat media kebasaan. Transkripsi ungel antawis setungggal wilayah kaliyan wilayah kang sanese saged benten.
Misale :
kuk – ku – lu – ruuuk : swanten sawung jago teng logat basa Jawa
kong – ko – ro – ngoook : swanten sawung jago teng logat basa Sunda
kuk – ku – ru – yuuuk : swanten sawung jago teng logat basa Indonesia
tek – kuk – kuak : swanten sawung jago teng logat basa Batak

b. Tembung
Dumasar wangun lan isie, tembung teng selebete puisi saged dibentenaken dados lambang, utterance, lan simbol. Lambang nggih niku tembung-tembung kang gadah makna kados dene makna kang wonten teng selebete kamus (makna leksikal) ngantos acuan atanapi rujukan maknae punika mboten nuduhaken teng macem-macem kemumkinan kang sanes atanapi makna denotatif.
Utterance atanapi indice nggih niku tembung-tembung kang ngandung makna saluyu kaliyan kewontenan tembung punika teng selebete konteks pianggean. Misale tembung ‘jalang’ teng sajake Chairil Anwar gadah makna kang benten kaliyan ‘wadon sente punika sampun jangji bade ngrobih nasibe’. Sedeng simbol nggih niku tembung kang gadah makna rangkep. Dados, kang dimaksad kaliyan utterance atanapi indice punika nggih niku tembung kang gadah makna konotatif, ngantos kangge mahami makna kang wonten teng selebete tembung punika kaula sami kedah nafsiraken kelawan ningal kepripun hubungane makna tembung kang dimaksad kaliyan makna kang sanese (analisis kontekstual).
Saluyu kaliyan telaah tembung teng inggil punika, S. Effendi njelasaken wontene istilah pengimajinan lan pengiasan. Pengimajian nggih niku penataan tembung kang nyebabaken makna abstrak dados makna kongkrit. Sedeng pengiasan ngrupiaken pengimajian kaliyan migunakaken tembung-tembung kias ngantos nimbulaken makna kang langkung kongkrit.

c. Padalisan
Istilah padalisan teng selebete puisi dumasare sami kaliyan istilah ukara teng selebete prosa. Cumi, saluyu kaliyan hak penganggit kang diistilahaken kaliyan licentia poetica, maka wujud,
tetenger, lan peranan padalisan mboten saged disamiaken mekaten mawon kaliyan ukara teng karya prosa.
Baris teng selebete puisi ugi asring ngalami pelesapan (elips) nggih niku pengicalan setunggal tembung atanapi langkung teng setunggale larik (baris/ padalisan) ngarah angsal pemodelan lan keefektifan basa.
Misale :
Teng akire kaula sami
Tan tansah sinarengan. Ajal
Misah kaula sami piyambek-piyambek kantun

Saking keterangan punika saged disimpulaken nyaniya padalisan atanapi larik punika ngrupiaken ijenan (satuan) kang umume langkung wiyar saking tembung lan sampun ngrojong (ndukung) ijenan makna kang sampun temtos. Padalisan teng setunggale puisi dumasare minangka wadah kangge manunggalaken lan ngemban gagasan atanapi ide penyair lewat tembung. Nanging, saluyu kaliyan kewontenan padalisan punika teng selebete puisi, maka penataan padalisan punika kedah mertetangaken masalah rima lan pola persajakan. Teng hal punika dikenal istilah enjambemen, nggih niku perloncatan atanapi pemenggalan padalisan setunggale sajak kang dilajengaken teng padalisan selajenge.


d. Pada
Pada atanapi bait disebat ugi kuplet atanapi strophe (teng prosa sejajar kaliyan paragraf) nggih niku kemanunggalan larik/padalisan kang wonten teng setunggale kelompok kang secara sesarengan ngrojong setunggal kemanunggalan pokok pikiran. Peranan pada teng selebete puisi nggih niku kangge mangun setunggale kemanunggalan makna kangge ngewujudaken pokok pikiran kang sampun temtos kang benten kaliyan ijenan (satuan) makna teng selebete kelompok padalisan sanese.

e. Diksi
Secara definitif diksi punika pemilihan tembung. Teng kajian puisi, diksi punika ngliputi (1) pemilihan tembung kang wonten teng selebete puisi, (2) penggunaan tembung, lan (3) penempatan tembung-tembung punika teng selebete konstruksi frasa, padalisan, lan pada.
Misale :
Senja ning Pelabuhan Cilik

Kiyen waktu ora nana kang ngulati tresna
Ning antara kudang, umah tua, marang cerita
Tiang lan temali. Kapal, prau tan mayang
Ngembus diri percaya pareng pinaut

f. Tembung Nyata
Kang dimaksad kaliyan tembung nyata nggih niku tembung atanapi kelompok tembung kang saged munculaken setunggale imaji (pembayangan, sipate semantik) dumateng setunggale pemaos keranten wonten referensi atanapi rujukane. Sangsaya kiat setunggale tembung atanapi kelompok tembung punika saged mangun imaji teng dirie pemaos, maka tembung punika sangsaya kiyat nampilaken pembuaran (pembayangan) teng selebete manah pemaos. Ukuran tembung nyata nggih niku saged dipahami dening pemaos.
Misale :
A. ……
Gubug mungil
Sing kana asale temali musat
Nyebar ning pucuk-pucuk petak sawah
Nggaris-garis sedawaneng pari kang mulai kuning
……
B. ……
Ning antara gedong-gedong penyakar langit
Hotel-hotel gemintang
Apartemen-apartemen kang paling murah 45.000 dollar
Gubug-gubug reot mbusuk sedawaneng Ciliwung
Mambuneng kringet wadon-wadon kutangan
Ning sela-sela lanang kuru, pucat mandeng langit kemewahan
……

g. Majas
Majas atanapi gaya basa puniku rineka werna atanapi maceme. Majas dipigunakaken dening tiyang kangge nyiptakaken hal-hal kang sampun tinemtos saluyu kaliyan maksad lan prayojana pianggean majas punika. Majas saged dikelompok-kelompokaken dados pinten-pinten kelompok. Upami diteliti kelawan titen, selerese majas kang wonten punika saged dikelompokaken dados gangsal kelompok, nggih niku majas perulangan, majas bebandingan, majas tinautan, majas tinentangan, lan majas penegesan. Gaya basa atanapi majas punika saged dikelompokaken dumasaraken wangun lan isie. Dumasaraken teng isie, majas saged dikelompokaken dados sekawan kelompok, nggih niku majas perulangan, majas bebandingan, majas tinautan, lan majas tinentangan.
Suprapto netelaken nyaniya kang dimaksad kaliyan majas nggih niku ‘Cara kang diangge dening setunggale tiyang selebete nglukisaken setunggale hal, barang, kedadosan, peristiwa, atanapi punapa kemawon kaliyan nyasamiaken hal, barang, kedadosan, peristiwa punika kaliyan hal, barang, benda, kedadosan, peristiwa kang sanese ngangge basa kang pocapa, kang saged nggesangaken atanapi ningkataken efek (pencitraan) lan nimbulkaken konotasi kang sampun temtos kaliyan cara migunakaken hal kang dianggep sami antawis hal kang setunggal kaliyan hal kang sanese’ (1991 : 47).
1) Majas Perulangan
Majas perulangan nggih niku majas kang cara nglukisaken kewontenane punapa mawon kaliyan ngulang-nglang tembung, frase, atanapi setunggal maksade. Kang kalebet teng majas jinis puniki kados dene majas anaphora, tautologi, repetisi, epifora, lan sapanunggalane.
a) Aliterasi
Aliterasi ngrupiaken majas perulangan kang mupangataken purwakanti atanapi tembung-tembung kang kecap awale sami ungel-ungele (Suprapto, 1991 : 6).
Misale :
Ngalir, ngambus, ndesek, ngepung
Ngebeki sukma, nawan awak
Serasa manis semilireng angin
Selagu merdu, dersikeng bayu
b) Antanaklasis
Antanaklasis nggih niku setunggale wangun majas perulangan kang gadah pengulangan tembung kang sami nanging benten maksade. Dados, majas antanaklasis puniku majas kang ngulang tembung homonimi (Ducrot lan Todorov, 1981 : 227).
Misale :
Angga nggawa kembang kanggo kembang desa sing disenengi.
Enake sih lintah darat kuh cangkeme dijejeli lintah, ambir kapok
c) Kiasmus
Majas kiasmus ngrupiaken setunggale wangun majas perulangan kang isie ngulang atanapi repetisi sekaligus ngrupiaken inversi hubungan antawis kalih tembung teng setunggale ukara (Ducrot lan Todorov, 1981 : 277)..

Misale :
Kang sugih ngrasa deweke mlarat, sedeng kang mlarat ngaku deweke sugih. Wis biasa wong urip sedina-dina, wong pinter pengen disebut bodoh, nanging akeh wong bodoh ngaku pinter.

d) Repetisi
Majas repetisi nggih niku majas perulangan kang cara nglukisaken setunggale hal kaliyan ngulang-ngulang kelompok tembung atanapi frasa kang sami (Ducrot lan Todorov, 1981 : 279).
Misale :
Wilujeng rawuh pahlawaning sun. Wilujeng rawuh kusumaning nagri. Wilujeng rawuh gandulaning ati. Wilujeng rawuh kemerdikan. Kaula antosi rawuhipun panjenengan. Wilujeng rawuh jungjunan. Wilujeng rawuh.

e) Anafora
Majas anafora ngrupiaken setunggale wangun majas perulangan kang nempataken tembung atanapi frase kang sami teng ajenge wangun puisi (Suprapto, 1991 : 11).
Misale :
Amung panjenengan gandulaning ati
Amung panjenengan lanang sejati
Amung panjenengan kesumaning ati
Amung panjenengan kang kula tresna
f) Tautologi
Tautologi ngrupiaken setunggale majas perulangan kang cara nglukisakene kaliyan ngulang-ngulang tembung kang wonten teng selebete ukara (Suprapto, 1991 : 85).
Misale :
Ambeke deweke sih, isun kuh kongkone kudu sing sabar, sabar, lan sabar sesabar-sabare. Apa isun semene kuh durung bisa dicap sabar? Isune kurang sabar sepira maning sih? Jare wong sabar kuh dadie lebar!

g) Epifora
Majas epifora ngrupiaken majas repetisi atanapi perulangan kang cara nglukisakene kaliyan nempataken tembung atanapi kelompok tembung kang sami teng pengkere padalisan teng wangun puisi secara umulang (Suprapto, 1991 : 27).
Misale :
Upami angsal dening panjenengane, kula bade dugi
Yen sempat, kula bade dugi,
Lamon ditampi, kula bade dugi
Upami mboten jawoh, kula bade dugi


2) Majas Bebandingan
Majas bebandingan nggih niku majas kang cara nglukisaken kewontenane punapa mawon kaliyan ngangge bebandingan antawis hal kang setunggal kaliyan hal kang sanese.
Kang kalebet teng majas puniki kados dene majas asosiasi, metafora, personifikasi, alegori, pleonasme, lan sapanunggalane.
a) Simile
Tembung simile asale saking basa Latin ‘simile’ kang maknae kados atanapi sapertos.
Majas simile punika satunggale majas kang cara nglukisaken kewontenan atanapi hal kaliyan mbanding-mbandingaken hal kang hakekate benten anging sumejah dianggep sami (Ducrot lan Todorov, 1981 : 279). Hal-hal wau dibandingaken kelawan eksplisit kaliyan piangeyan tembung kaya, kayadene, kados, kados dene, sepertos, minangka, umpama, lir kadya, lan sapanungalane.
Misale :
Kaya banyu ning godong tales
Kaya dene wulan tumanggal
Kados kucing sareng tikus
Kados dene bawang sesiung
Sepertos toya kaliyan lisa
Minangka tiyang sepuh kaliyan putrane
Umpama pitik kelangan babon
Lir kadya mas sinangling

b) Metafora
Metafora asale saking basa Yunani ‘metaphora’ kang artose ‘ngalihaken’. Tembung metaphora diudunaken saking tembung ‘meta’ kang artose teng inggil lan ‘pherein’ kang artose mbakta (Tarigan, 1993 : 141).
Setunggale majas asring nimbulaken tambihan kekiyatan teng selebete ukara. Majas metafora mbantos tiyang kang micareng atanapi nyerat kangge ngambaraken hal-hal kelawan pertela, kaliyan cara mbanding-bandingaken setunggale hal kaliyan hal kang sanese kang gadah tetenger lan sifat kang sami. Bentene metafora kaliyan simile nggih niku, upami majas metafora sifate implisit sedeng majas simile punika sifate eksplisit. Dibandingaken kaliyan majas sanese, majas metafora ngrupiaken majas kang paling singkat, madet, lan rapi.
Poerwadarminta njelasaken, metafora nggih niku majas kaliyan penganggean tembung-tembung kang sanes artos kang selerese, nanging minangka lukisan kang didumasaraken persamian atanapi perbandingan (1976 : 648)
Misale :
Pustaka niku gudange elmu, lan maca niku ngrupiaken kuncie.
Pangandikane panjenengan kados lading menges-menges.
Uripe kaya manuk dara sepasang.


c) Personifikasi
Personifikasi asale saking basa Latin ‘persona’ kang artose tiyang, pelaku, aktor, atanapi kedok kang diangge teng selebete drama (Dale (et all), 1971 : 221). Personifikasi artose sami mawon kaliyan penginsanan. Personofokasi punika setunggale jenis majas kang nemnpelaken sipat-sipate janma teng barang-barang atanapi benda-benda mati lan idea abstrak (Tarigan, 1993 : 123).
Suprapto njelasaken yan personifikasi nggih nikugaya basa bebandingan kang mbandingaken benda mati atanapi mboten saged gerak seolah-olah gadah ambekan lan gadah prilaku kados tiyang gesang (1991 : 63).
Misale :
Peteng wis ngrangkul sekurebing bumi.
Srengenge nggeguyu bumi kang mulai tuwa.
Pucuking cemara ngundang-ngundang.
Udan ngadusi garinge sawah.
d) Alegori
Alegori asale saking basa Yunani ‘allegorein’ kang artose ‘micareng secara lisan’. Allegorein diudunaken saking tembung ‘allos’ kang artose ‘hal kang sanes’ lan ‘agoreuein’ kang artose ‘micareng’ (Tarigan, 1993 : 124).
Alegori ngrupiaken kisah kang diceriosaken kaliyan migunakaken lambang-lambang. Alegori puniku ngrupiaken metafora kang dipiwiyar lan silih sambung-sinambung.
Alegori asring ngandung sifat-sifat moral spiritual. Biasae alegori punika mangun cerios kang ribed kaliyan maksad kang kaselubung. Cerios fabel lan parabel ngrupiaken alegori-alegori kang cendek.
Alegori nggih niku gaya basa kang mertingalakern bebandingan kang wutuh, kang mbentuk kemanunggalan kang paripurna, minangka cerios kang diangge kangge perlambang kangge ndidik atanapi nerangaken setunggale hal (Suprapto, 1991 : 10).
Misale :
Cerita 25 Rasul
Dongeng Abu Nawas
Cerita 1001 Malam
e) Antitesis
Secara kalamiah antitesis diudunaken saking tembung ‘antithesis’ kang artose ‘musuh kang cocog’ atanapi tinentangan kang bener-bener (Poerwadarminta, 1976 : 52).
Majas antitesis puniku sejenis majas kang sumejah ngewontenaken komparasi (perbandingan) antawis kalih antonim (yaniku kalih tembung kang gadah ciri semantik kang sebalike).
Misale :
Deweke seneng pisan baka ndeleng wong susah.
Aneh, bocah seayu Ida jeh lakine blesak.
Kebagusane wong tuwae dirusak karo keblesakane anake.
Wong sugih biasae dijaluki tulung dening wong mlarat.

f) Asosiasi
Majas asosiasi puniku majas bebandingan kang cara nglukisaken setunggale hal kaliyan mbandingaken hal kang setunggal kaliyan hal kang sanese, saluyu kaliyan kewontenane hal kang dimaksad (Suprapto, 1991 : 14).
Misale :
Rambute andan-andanan kaya kembang mayang.
Clingak-clinguk kaya ketek ketulup.
Kulite kuning lir penda mes sinangling.

g) Pleonasme
Majas pleonasme ngrupiaken majas bebandingan arupi pianggeyan tembung atanapi frasa keterangan kang dilangkung-langkungaken. Wontene tembung atanapi frasa kang linangkungan puniki negesaken tembung kang selerese mboten diperlokaken (Suprapto, 1991 : 63).
Misale :
Dolanane aja ning jero, metua kah ning jaba!
Gagiyan mundun mengisor kih, ning kene akeh jabur!
Mundura mengguri ndikit, ana pasukan kraton liwat!
Maneka munjuk, jukuten gegamane isun!

h) Antonomasia
Majas antonomasia nggih niku majas bebandingan setunggale tiyang atanapi kelompok tiyang kaliyan ciri-ciri fisik kang wonten teng tiyang atanapi sekelompok tiyang punika (Suprapto, 1991 : 13).
Misale :
Horee … Si Gendut bli bisa mlayu!
Waduh, rombongan gondronge wis pada kumpul!
Lhadalah, dayak sumbuk pating brusut!
Tingeling, kentung glantang-gluntung bae!
i) Anakronisme
Majas anakronisme nggih niku ngrupiaken gaya bebandingan kang nuduhaken kebotencocogan kaliyan jaman (Suprapto, 1991 : 11).
Misale :
Ning sewijine kamer kapal Titanic, Abu Nawas nonton bal sepak ning televisi.
Sambir nelpon bature, Hang Tuah nglirik tangane ndeleng arloji Titus.
j) Prifrase
Majas prifrase ngrupiaken setunggale majas bebandingan kang cara nglukisakene kaliyan cara nggentos setunggale tembung kaliyan frasa atanapi ukara kang sanes (Suprapto, 1991 : 64).
Misale :
Kula nembe kemawon dugi teng griya waktos srengenge gingsir sebelah kilen. (maksade maghrib)

Deweke nembe wangsul sesampune mireng ayam jago kukuluruk. (maksade subuh)

k) Sinonimi
Majas sinonimi nggih niku majas bebandingan kang cara nglukisaken setunggale kedadosan atanapi peristiwa ngangge tembung-tembung kang gadah makna kang sami lan jelas (Suprapto, 1991 : 82).
Misale :
Maksad lan prayojana kula mriki bade nglamar putra panjenengan.
Kita kabeh kudu ngerti guna lan fungsi koprasi.
Urip ning dunya kudu gemi nastiti.

l) Tropen
Majas tropen nggih niku majas bebandingan kang cara nggambaraken pedamelan ngangge tembung-tembung kang gadah pengertosan kang sami (Suprapto, 1991 : 88).
Misale :
Tatik angrem ning jero kamer bli metu-metu.
Nggal bengi deweke adol suara sing siji panggung ning panggung sejene.
Nggo mbela anak rabi, tek dadapaken sanajan adus getih.

m) Alusio
Alusio disebat ugi kilatan, nggih niku majas kang nuduhaken kelawan mboten langsung wontene setunggal kedadosan atanapi pereistiwa atanapi tokoh pelakon dumasar pra anggapan wontene setunggale pangaweruh sami-sami kang digadahi dening pemicareng atanapi pinyerat. Hal punika gumantung teng pemaos atanapi pemireng kangge nangkep acuan atanapi referensi punika (Tarigan, 1993 : 124).
Alusio nggih niku majas bebandingan kang migunakaken ungkapan atanapi pribasa kang sampun lazim atanapi biasa dipigunakaken dumateng tiyang (Suprapto, 1991 : 11).
Misale :
Kula ngeri lan mrinding mbayangaken peristiwa Westerling teng Sulawesi Selatan.
Tugu puniki diwangun kangge mengeti pertistiwa Bandung Lautan Api.
Kula nghalami kiyambek akibat pembrontakan G 30 S / PKI.
Aki-aki punika tua-tua keladi sangsaya tuwa sang saya jadi.
3) Majas Tinautan
Majas tinautan nggih niku majas kang cara nglukisake kewontenan punapa mawon kaliyan ngait-ngaitaken hal kang dimaksad kaliyan sanese kang gadah sipat kang memper karakteristike. Kang kelebet teng jinis majas tinautan puniki kados dene metonimia, sinekdot, alusio, eufimisme, elipsis, inverse, lan sapanunggalane.
a)      Metonimia
Metonimia asale saking basa Yunani ‘meta’ kang artose tinuker lan ‘onym’ kang artose nami.
Metonimia ngrupiaken sejenis majas kang migunakaken nami setunggale barang kangge setunggale hal kang sanes kang wonten kaitane kaliyan barang kang dimaksad.
Teng metonimia, setunggale barang disebataken nanging kang dimaksad niku barang kang sanes (Dale (et all), 1971 : 234).
Majas metonimia ngrupiaken majas kang migunakaken name ciri atanpi ciri hal kang dados tetenger kang wonten teng hal kang dimaksad ditautaken kaliyan tiyang, barang, atanapi punapa mawon minangka gegantie (Suprapto, 1991 : 50).
Misale :
Unggal mangkat ning kantor, mama numpak Honda.
Waduh, pancen enak numpak Feroza.

b) Sinekdoche
Sinekdoche ngrupiaken setunggale majas tiunautan kang cara nglukisaken kewontenanan setunggale hal kaliyan cara nglukisaken sebagian kangge sedantene hal atanapi sedantene hal kangge sebagian (Moeliono, 1984 : 3). Sinekdot asale saking basa Yunani ‘synekdechesthai’ kang artose nyayogiaken atanapi nyukakaken setunggale punapa mawon dumateng kang disebataken
. Majas sinekdoche puniki saged dibagi kaliyan kalih jenis, nggih niku pars prototo lan totem proparte. Pars prototo nggih niku bagian saking gaya basa sinekdoche kang dipigunakaken kangge nglukisaken setunggal bagian hal nanging selerese setunggal bagian punika nggambaraken sedanten hal kang dimaksad .
Misale :
Pirang endas kang teka waktu rapat pembentukan Karang Taruna?
Sing mau isuk Mang Daspan durung katon cungure.

Anadene kang dimaksad kaliyan majas totem pro parte nggih niku bagian saking gaya basa sinekdoche kang dipigunakaken kangge nglukisaken sedanten hal nanging kang dimaksad selerese sedanten hal punika nggambaraken setunggal bagian
.
Misale :
Indonesia menang 5 – 0 nglawan Jepang ning pertandingan bulu tangkis.
Tanggul Kali Winong bobol, Cerbon kebanjiran, masyarakate mlayu kebirit-birit.

c) Eufimisme
Eufimisme asale saking basa Yunani ‘euphemizein’ kang artose ‘micareng kaliyan ngangge tembung-tembung kang jelas lan wajar’. Euphemizein diudunaken saking tembung ‘eu’ kang artose sae lan ‘phanai’ kang artose micareng. Dados jelas, eufimisme artose pinter micareng sae
 .
Majas eufimisme nggih niku setunggale majas tinautan kang cara nglukisakene setunggale hal, kang diungkapaken secara alus minangka gegantos ungkapan kang diraose kasar, mboten eca dipirengaken, dianggep ngrugiaken, atanapi mboten nyenengaken dumateng tiyang sanes kang diajak komunikasi.

Misale :
Frasa tuna karya dianggep langkung alus tinimbang pengangguran.
Frasa tuna wisma dianggep langkung alus tinimbang glandangan.
Frasa tuna wicara dianggep langkung alus tinimbang bisu.
Frasa pramu wisma dianggep langkung alus tinimbang bujang.
Frasa pramu niaga dianggep langkung alus tinimbang pelayan.
d) Ellipsis
Majas elipsis puniku majas kang cara nglukisaken setunggale hal kaliyan ngicalaken setunggale tembung atanapi frasa kang wonten teng ukara
.
 Pengungkapan kados puniki selerese boten saluyu kaliyan kaidah tata basa keranten wonten bagian kang penting kang dicalaken. Anging, penyeratan kados puniki asring diangge keranten antawis pemicaos kaliyan pemireng sampun sami-sami maklum punapa kang dimaksad kaliyan ukara wau.
Misale :
Mang Dulatip ning Jakarta. (pengicalan predikat : lunga)
Bocah jeh nggebugi seporete. (pengicalan objek : ayam, wedus, lsp)
Isun lan Bapa arep mangkat ning Bandung. (pengicalan keterangan waktos)
Arep ning Jakarta. (Pengicalan subjek)

e) Inverse
Majas inverse ngrupiaken permutasi atanapi perobihan atanapi tinukeran urutan setunggale unsur-unsur konstruksi sintaksis. Penggunaan majas puniki dipigunakaken kangge nampilaken efek keinanan (keindahan) atanapi perhatosan dumateng tiyang sanes kang diajak komunikasi.
Inverse nggih niku majas kang cara nglukisaken setunggale hal kaliyan ngrobih susunan unsur ukara, predikat wonten teng ajenge subjek
.
Misale :
Kempong isun sewise ndeleng panggangan ayam mlagrang.
Ukara wau lerese
‘Isun kempong sewise ndeleng panggangan ayam mlagrang.
Mengkel deweke waktu tingkahe tek warakaken ning bapae.
Ukara wau lerese
‘Deweke mengkel waktu tingkahe tekwarakaken ning bapae.

f) Gradasi
Gradasi nggih niku majas kang gadah setunggale rangkeyan lan urutan sekedike tigang tembung atanapi istilah kang secara sintaksis tembung atanapi istilah punika gadah setunggal ciri semantik atanapi langkung.
Misale :
Kita berjuang nglawan musuh kelawan setunggal tekad, tekad teras majeng, majeng ning panguripan, panguripan kang bagus, bagus secara rohani atanapi jasmani, rohani atanapi jasmani kang diridhoi, diridhoi marang Gusti Allah, Gusti Allah kang gadah pejah lan gesang. Pejah lan gesange kula sedaya.

4) Majas Tinentangan
Majas tinentangan nggih niku majas kang cara nglukisaken hal punapa mawon kaliyan mitentangaken antawis kang hal setunggal kaliyan hal kang sanese. Kang kelebet teng majas puniki kados dene hiperbola, litotes, oksimoron, paronomasia, ironi, paralipsis, lan lapanunggalane.

a) Hiperbola
Tembung hiperbola asale saking basa Yunani ‘hyperbolein’ ‘kang artose pemborosan. Hiperbola diudunaken saking tembung ‘hyper’ kang artose nglangkungi, lan ‘ballein’ kang artose mbalangaken
.
Majas hiperbola ngrupiaken setunggale majas kang ngandung makna kang sumejah dilangkung-langkungaken. Anadene kang dilangkung-langkungaken punika arupi jumlah, ukuran, lan sipat kelawan nyukani penekanan teng setunggale pernyataan atanapi situasi kang ningkataken kesan lan pangauning
.
Misale :
Saking sugie, emase sampe kekiloan.
Sawahe gumelar sing awit tumpal wetan tumeka ing tumpal kulon.
Mobile ngebeki grasi kang ambae selapangan bal sepak.
Ati isun kebakar nalika ngrungu demenan mlaku karo wong sejen.

b) Litotes
Litotes asale saking basa Yunani ‘litos’ kang artose basajan. Majas litotes ngrupiaken wewalikan saking majas hiperbola. Tujuan penggunaan majas puniki kangge nimbulaken kesan andap asor. Dale (et all) netelaken ‘Majas litotes ngrupiaken sejenis majas kang damel pernyataan tentang setunggale hal kaliyan cara nyangkal atanapi mungkiri hal kang selerese. Majas punika ugi disebat majas kewalikane
.
Majas litotes nggih niku majas kang pengungkapane nyatakaken setunggale hal kang positip kelawan negatip. Wangun-wangun litotes tansah tinentangan atanapi paradoksal. Litotes ngrupiaken paradox hyperbola, keranten majas puniki ngrupiaken kewalikan saking hiperbola. Litotes ngandung pernyataan kang sumejah dialitaken lan dikirangi saking kesunyatan kang selerese. Tujuane penggunaan majas litotes punika kangge nimbulaken kesan andap asor.
Misale :
Mangga panjenengan mampir teng gubug kula.
Kemampuan kula dibandingaken kaliyan panjenengan lir ibarat toya teng jaladri.
Asil usahae mboten damel kuciwa ning ati.

c) Ironi
Majas ironi nggih niku majas kang teng pengungkapane nyatakaken makna kelawan maksad ngolok-ngolok
. Majas puniki ngimplikasiaken setunggale hal kang sunyatae benten. Ironi kang enteng biasae ngrupiaken humor. Ironi kang keras disebate sarkasme atanapi satire sanajan wates antawis kekalihe punika angel ditemtosakene.
Misale :
Aduh, tulisane bagus temen sampe kengelan macae!
Bersih temen kamere, ning kana ning kene akeh pakean pating blarat!
Wah, wis tangi ya, masih isuk jeh, nembe jam sewelas!

d) Sarkasme
Majas sarkasme puniku ngrupiaken setunggale majas sindiran kang paling keras atanapi paling kasar kelawan migunakaken tembung-tembung kang boten pantes dipirengaken atanapi boten sopan.
Misale :
Kekaca dikit, cung! Rai kaya ketek bae arep demen anak isun!
Nembe ngrungu arane bae gah isun kuh pengen mutah!
Kang inget, Cung. Kader wong endas korengen bae akeh tingkahe!
Wong mlarat bantat bae due kepengenan nyekolahaken anak!
e) Satire
Majas satire nggih niku majas kang digunakaken teng kesusastraan kangge nyatakaken sindiran dumateng setunggale atanapi seklompok tiyang atanapi teng kewontenan sekelilinge/lingkungane
.
Misale :
Sangsaya isun sabar
Sangsaya isun kelantar
Sangsaya isun sadar
Sangsaya isun ngrasa kesasar
f) Oksimoron
Majas oksimoron ngrupiaken majas kang ngandung penegakan atanapi pedirian setunggale hubungan ukara saluyu kaliyan kesunyatan
.
Misale :
Olahraga manek gunung iku pancen nyenengaken pisan nanging uga mbahayakaken.
Nuklir saged diangge kangge kesejahteraan, nanging nuklir ugi saged digunakaken kangge ngancuraken.
Televisi ngrupiaken alat pemersatu, nanging saged didadosaken minangka alat penghasut perpecahan.

g) Paronomasia
Majas paronomasia nggih niku majas penjajaran tembung-tembung kang gadah unen-unen kang sami nanging benten maknane
.
Misale :
Nok, arep tektandur kembang tangjung ning tanjung atie senok.
Awas, bisa ula bisa mbahayakaken ning kesehatan badan.
Kembang kang tektandur kiyen wis kembang.


h) Paralipsis
Majas paralipsis ngrupiaken setunggale formula kang dipigunakaken dening tiyang minangka srana kangge nerangkaken nyaniya tiyang punika boten micareng kados punapa kang sinerat teng ukara punika.
Misale :
Mugia aki kaliyan nini mirengaken penyuwunan kula (punten), maksad kula nolak penyuwunan kula.
Pilien pelem kang mateng, (eh,..) kang tekmaksud dudu pelem bosok.
Laka wong kang seneng (aduh maap) maksud isun kang sengit ning sampeyan.
i) Zeugma
Majas zeugma nggih niku majas kang arupi koordinasi atanapi gabungan kalih tembung gramatis kang gadah tetenger semantik kang silih tinentangan kados dene abstrak lan kongkrit
.
Misale :
Lare punika pancen rajin sekolah, nanging males blajare.
Kaula sami kedah damel amal kebecikan teng alam dunya kangge teng akerat.
Gede-cilik, tuwa-enom, lanang-wadon pada kumpul ning bale desa.
Tebih utawi caket yen niti angkot niku ongkose sami.

j) Kontradiksio Interminis
Majas kontradiksio inteminis nggih niku majas tinentangan kang ngatonaken atanapi ningalaken tinentangan setunggale hal kaliyan penjelasan awal kang arupi perkecualian.
Misale :
Sedanten murid sampun kempal, kejaba Toni kang siweg sakit.
Anak-anake Mang Gudel pada pinter-pinter, kecuali kang bungsu.
Kabeh sih pada nurut ning wong tuwa, cuma bungsu kang badeg.
Kabeh-kabeh wis manjing, sira dewek kang masih ning jaba.

k) Paradoks
Majas paradoks ngrupiaken setunggale majas tinentangan atanapi lelawanan kang cara ngartosakene gumantung teng kemampuan pemireng atanapi pemaos keranten majas puniki cumi
ketingal teng tembung kang gadah artos tinentangan atanapi lelawanan, padahal maksad kang sunyatane boten tinentangan atanapi boten lelawanan keranten objeke npunika pancen sami.
Misale :
Atie sepi ning jagat kang rame.
Lire duwe anak gremaya nanging ngrasae sebatangkara.
Nyi rangda sepocong ngopeni anake wong.


l) Okupasi
Majas okupasi nggih niku majas tinentangan atanapi lelawanan kang ngandung bantahan nanging bantahan punika lajeng disukani penjelasan.
Misale :
Candu puniku saged ngrusak kahuripan, margi saking niku, pemrentah ngawasi klawan ketat, nanging kangge pecandue piyambek umume boten saged ngandegaken kebiasaan kang boten sae punika.

5) Gaya Basa Penegesan
Majas penegesan nggih niku majas kang cara nglukisaken hal punapa mawon kaliyan negesaken antawis kang setunggal kaliyan kang sanese. Kang kelebet teng majas puniki kados dene :
a) Anakuloton
Majas anakuloton nggih niku ngrupiaken majas kang teng pianggean ukarae sumejah disimpangaken saking kaidah-kaidah penyeratan aturan tata basa.
Misale :
Aja rebutan bae, coba barise kang tartib!
Ndodoka ning krosi, aja klayaban bae kaya mendreng!
Lemakue aja santer-santer, isune ketumpu nggedage!

b) Asindenton
Majas asindenton nggih niku majas penegasan kang cara ngungkapakene kaliyan nyatakaken benda, barang, hal-hal, atanapi kewontenan kelawan turut tinurut tanpa ngangge tembung penghubung
.
Misale :
Kemeja, srowal, sepatu, kaos kaki deweke tuku ning Pasar Isuk.
Deweke ora teka, deweke lagi klaran.
Ngalor, ngidul, ngetan, ngulon, gojag-gajig bli kruwan.
Deweke, mboke, bapane, anake, mantune dadi anggota KPPS.
Isuk, sore, awan, bengi, aja klalen njaluk ning Pangeran!

c) Eksklamasio
Majas eksklamasio nggih niku gaya basa penegesan kang cara ngungkapakene kaliyan migunakaken tembung-tembung seron kangge negesaken maksad
.

Misale :
Ah, apa gunae masih nggetuni barang kang karuan wis ilang!
Tobat, nembe weru bae ana jangan asem kang rasae kaya kolek gedang!

d) Enumerasio
Majas enumerasio nggih niku majas gaya basa penegesan kang cara ngungkapakene kaliyan nglukisaken setunggale kedadosan atanapi pristiwa supados sedanten maksad teng lebete ukara dados langkung lugas lan jelas
.
Misale :
Angin sumilir alon-alon, langit biru katon anteng, lazuardi crah nilakandi, wulan uga mencorong maning, sedeng isun, cuma ndodok mbari nglamun. Mikiraken gandulaning ati kang lunga tan weruh juntrungane.
Korbane ninggal sedogan kuen, motore remek bebek, getih blabaran ngamprak-ngamprak ning dermaga.

e) Interupsi
Majas interupsi nggih niku setunggale majas penegesan kang cara ngungkapakene kaliyan migunakaken tembung-tembung kang diseselaken teng antawis ukara pokok. Penggunaan majas interupsi punika kangge langkung njelasaken maksad, tujuan, lan negesaken bagian-bagian ukara sederenge
.
Misale :
Deweke penjahat bayaran, sekiyen wis ketangkep lan ana ning kantor pulisi.
Lare kang ngangge rasukan petak, clana biru, lan kasep punika putra kula.
Habibie Presiden Republik Indonesia siweg mbika Saresehan Basa Cerbon.

f) Meiosis
Majas meiosis puniku majas penegesan kang cara ngungkapaken setunggale hal atanapi kawontenan kalian ngangge pernyataan kang alus. Majas puniki asring diangge secara ironi, khususe kangge nggambaraken setunggale hal kang luar biasa .
Misale :
Asil panene rada kirang sae (nyatakaken panen kang gagal)
Deweke kurang aktip ning karang taruna (nyatakaken males ning kegiatan)
Maklum, Bi Nengsih kuh wis rada adoh kupinge. (nyatakaken budeg)
g) Polisindenton
Majas polisindenton nggih niku majas penegesan kang cara ngungkapakene kaliyan nyebataken benda-benda atanapi barang-barang secara turut-tinurutan ngangge tembung penghubung atanapi tembung penyambung .
Misale :
Sesampune siram, piyambeke teras gentos rasukan, lajeng sarapan, nonten kesah teng kantor.
h) Praterito
Majas praterito nggih niku majas kang cara ngungkapakene kaliyan ngumpetaken maksad pemireng atanapi pemaos kedah ngilari atanapi mbadek piyambek punapa kang diumpetaken punika, nanging pemireng atanapi pemaos sampun paham atanapi sumerep teng hal kang dimaksad dening penyerat atanapi pemicareng punika.

Misale :
Kedadian wingi estu ngisin-ngisinaken wong sekampung.
Maklumlah, hal iku wis dadi kebiasaan murid waktu ulangan.
Pantes bae kelakuane mekonon, yong bapane sampah masyarakat.
i) Simbolisme
Majas simbolisme ngrupiaken setunggale majas kang cara nglukisaken hal-hal kelawan wangun simbol atanapi lambang (biasae sato kewan atanapi tetuwuhan) kang digambaraken kangge tiyang kaliyan sipat-sipate
.
Misale :
Aja bebaturan karo Mang Armad, sebab deweke lintah darat!
Dasar buaya darat, angger saban wong wadon dilelara!
Ari kucing garong kuh angger bae doyan barang mente!
j) Simetrisme
Majas simetriisme ngrupiaken majas kang cara nyatakaken setunggal ukara ngangge tembung-tembung kang sanes, nanging isi ukara punika selerese ngandung artos kang sami
.
Misale :
Lare punika sampun dididik, diajar, dituntun manggon dalan kang leres.
Rama kula sampun kesah lan mboten mumkin bade wangsul malih.
Dadi murid kuh sing geten, titen, lan tulaten.
Urip kudu gemi, nastiti, lan ngati-ati.
k) Sinisme
Majas sinisme ngrupiaken majas sindiran arupi pernyataan kang maksade tinentangan atanapi lelawanan kaliyan makna kang selerese. Sinisme kados majas ironi nanging langkung kasar atanapi keras
.
Misale :
Bagus temen kelakuane sira kiyen!
Ilmue sira wis seduwure langit, kanggo apa isun nasehati sira kuh!
Ora pantes isun ngajari mlaku ning wong kang wis bisa mlayu!
h. Imajeri / Citraan
Teng selebete puisi, kangge nyukani gambaran kang jelas, kangge nimbulaken suasana khusus, kangge langkung damel gesang gambaran selebete pikiran selebete penginderaan diperlokaken wontene pembayangan atanapi imajeri. Imajeri atanapi citraan nggih niku pembayangan atanapi cara mbentuk gambaran setunggale kewontenan seolah-olah saged ditangkep atanapi dinyatakaken kaliyan indra. Jenis-jenis citraan nggih niku :
1) Citraan peningalan
Kang dumaksad kaliyan citraan peningalan nggih niku citraan atanapi pembayangan kang ditimbulaken seolah-olah pemaos ningal piyambek punapa kang dipaparaken dening penganggit. Pengalaman indera paningalan tinalenan kaliyan dimensi ruang (ukuran, kedaleman, lan jarak), warni, lan kualitas cahaya atanapi sinar.

Misale :
bangbang wetan wis wayah raina
tangia wong andon guling
lawang gede den kunceni

2) Citraan pemirengan
Kang dimaksad kaliyan citraan pemirengan nggih niku citraan atanapi pembayangan kang ditimbulaken seolah-olah pemaos mireng piyambek punapa kang dipaparaken dening penganggit. Kaula saged nangkep gambaran setunggale hal kaliyan migunakaken indera pemirengan. Citraan pemirengan saged ditimbulaken dening diksi kongkret kang nuduhaken teng setunggale hal kang saged diindera kaliyan talingan. Pengalaman auditif janma biasae gadah hubungan kaliyan ungel, kualitas ungel, intensitas ungel, lan nada (ungel musikal).
Misale :
cemara mulai ngomong
sementawis kepudang nembang
umyang swanten paksih sesauran

3) Citraan peraosan
Kang dumaksad kaliyan citraan peraosan nggih niku citraan atanapi pembayangan kang ditimbulaken seolah-olah pemaos ngraos piyambek punapa kang dipaparaken dening penganggit.
Misale :
semut-semut tenang sajroneng leng
welut-welut gumrangsang
embun sedih gumantung ning pucuking gegodongan
manuk-manuk pada seneng nunggu tekae srengenge

4) Citraan pencecapan
Kang dumaksad kaliyan citraan pencecapan nggih niku citraan atanapi pembayangan kang ditimbulaken seolah-olah pemaos nyecep piyambek punapa kang dipaparaken dening penganggit. Pengalaman sensori kang tinalenan kaliyan raos ilat dados sumber citraan indera pencecapan.
Misale :
kembang nguculaken maniseng madu
laut netesaken asineng banyu
atie kecut ngrungu arep ditekani pulisi
omongane manis dirungokaken

5) Citraan peraba
Kang dumaksad kaliyan citraan perabaan nggih niku citraan atanapi pembayangan kang ditimbulaken seolah-olah pemaos ngraba piyambek punapa kang dipaparaken dening penganggit.

Misale :
langit pepaesan lembuteng mega
ulam lelangian ning aluseng toya
lemese isun kena nggo naleni, akase isun bisa nggo pikulan
6) Citraan pengambung
Kang dumaksad kaliyan citraan pengambung nggih niku citraan atanapi pembayangan kang ditimbulaken seolah-olah pemaos ngambung piyambek ambete punapa kang dipaparaken dening penganggit.
Misale :
melati segagang ambune aruma wangi
uyue disiram ambir aja pangsing
batang kih ambue blangrangan temen sih
sapa sih ngliwet sangit temen kuh

7) Citraan gerak
Kang dumaksad kaliyan citraan gerak nggih niku citraan atanapi pembayangan kang ditimbulaken seolah-olah pemaos ningal piyambek gerake benda kang dipaparaken dening penganggit.
Misale :
semilir angin ngoyeg witeng randu
ombak nempiling cadas kang angkuh
clingak-clinguk kaya kunyuk ketulup

8) Citraan pemikiran
Kang dumaksad kaliyan citraan pemikiran nggih niku citraan atanapi pembayangan kang ditimbulaken seolah olah pemaos milet mikir piyambek punapa kang dipaparaken dening penhganggit.
Misale :
cacing-cacing tepekur
kadal-kadal njubleg
mikiraken nasib dirie

9) Citraan suhu
Kang dumaksad kaliyan citraan suhu nggih niku citraan atanapi pembayangan kang ditimbulaken seolah olah pemaos ngraosaken setunggale suhu kang dipaparaken dening penhganggit.
Misale :
atiseng angin gunung nglaliaken turu
panaseng srengenge mbakar bumi
sepelik geni bisa ndradasi
setetes banyu bisa ngademi

i. Versifikasi
Versifikasi mangadeg ing atase :
1) Metrum
Teng puisi Indonesia, kajian metrum mboten katah dilampahaken dening apresiator, keranten teng selebete basa Indonesia dereng wonten pembakuan atanapi panggeran tentang penemtosan tekanan tembung kaliyan makna normatif. Hal punika ndadosaken para analisator atanapi apresiator ngraos kengelan selebete nganalisis aspek-aspek metrum kang wonten teng sajak. Anadene kang sampun dibakuaken punika cumi istilah, lambang metrum lan aspek-aspek metrum kang wonten teng selebete sajak punika nggih niku jambe, anapes, troche, lan dactyllus.
Kangge sekedar maklum, pola unggal aspek metrum kados teng andap puniki.
a) Jambe : u – / u –
b) Anapes : u u – / u u –
c) Troche : – u / – u
d) Dactyllus : – u u / – u u
e) Spondaeus : – –/ – –

Keterangan : – artose arsis (akas)
u artose thesis (lembek)

2) Ritma
Selebete kepustakaan Indonesia, ritma gadah makna ‘munggah menginggile swanten secara teratur’. Sedeng Slamet Mulyana netelaken nyaniya ritma ngrupiaken pitentangan ungel kados : duwur >< endep, dawa >< cendek, akas >< lembek, kang secara teratur lan ulang-umulang (berulang-ulang) ngantos mangun setunggale kainan.
Perhatekaken ritma kang diwangun dening sajak ‘Krawang – Bekasi’ rumpaka Chairil Anwar teng andap puniki.
……
Kenang, kenange isun kabeh
Terusaken, terusaken jiwa ingsun kabeh
Njaga Bung Karno
Njaga Bung Hatta
Njaga Bung Syahrir
……
j. Tipografi
Setunggale hal kang mboten ucul saking penyeratan sajak nggih niku tipografi. Teng wacana jinis puisi wangun tipografi punika mboten kewates keranten penyeratan tipografi sajak gumantung teng maksad, isi, lan makna puisi kang dirumpaka dening penyaire.
Kirang pase penyeratan tipografi teng selebete setunggal sajak mumkin sanget ndadosaken keder dumateng pemaose. Nanging ketepatan penyeratan tipografi teng setunggale sajak saged nggampilaken setunggal pemaos kangge maknai puisi punika. Keranten makna lan isi puisi mumkin kemawon diwakili dening wangun atanapi tipografi sajak punika.

Kangge penyair kang sampun mapan, penyeratan tipografi puisi punika mboten dilampahaken asal-asalan keranten pancen wangun puisi atanapi tipografi sajak punika gadah makna kang sampun tinemtos. Nanging kangge penulis pemula wonten kalane wangun tipografi punika mboten dados perhatosane. Umume penyair kang maksih selebete taraf belajar selebete mangun tipografi punika lurus kemawon.
Tipografi ngrupiaken setunggale pembenten kang penting sanget antawis wangun karya sastra prosa fiksi, puisi, lan drama. Secara umum tata wajah puisi mboten ngoptimalaken penggunaan margin. Tata wajah puisi sederenge Angkatan 45 relatiuf seragam, nangfing sesampune Angkatan 45 tata wajah puisi ngalami perobihan kang (malah) cenderung kontroversial. Secara grafis, tipografi atanapi tata wajah nggih niku cara penyair nyerat padalisan-padalisan atanapi pada ngantos pada kang dimaksad nampilaken wangun-wangun kang sampun temtos. Tipografi kang pas penyusunane saged mbantos setunggale pemaos (apresiator) kangge nyumerepi punapa kang dimaksad dening penyair.
Misale :
Q
! !
! ! !
! ! ! ! !
! a
Lif ! !
la
lam
m m m m m m m m m m
i i iii i i i i ii ii
m m m m m m m m m m m m m m m m m m

Sutardji Calzoum Bachri
Atanapi kados dene sajak ‘Q’ kang dirumpaka dening J.E. Tatengkeng naun 1923 teng andap puniki.

Kuncup

Terlipat Melambai
Terikat Melombai
Engkau mencari Engau beringin
Terang matahari Digerak angin
Terhibur
Terlipur
Engkau bermalam
Di pinggir kolam
Mengeram Terbuka

Mendendam Bersuka
Engkau tertimbun Engkau berkembang
Sejuknya embun Memanggil kumbang
Terputih
Tersuci
Kembang di dahan
Memuji Tuhan
Y.D. Jambang, …….

Upami mboten dipahami tipografie, kekalih sajak teng inggil punika mboten saged dipahami maknae, punapa malih teng sajak ‘Q’ kang mboten wonten sama sekali tembung-tembung kang saged dimaknai secara denotatif atanapi kononatif. Kalih sajak teng inggil punika nampilaken tipografi kang benten. Hal punika dilandasi kaliyan makna sajak kang benten. Teng sajak ‘Kuncup’, J.E. Tatengkeng nggambaraken tipografi kang upami dicermati tipografi punika nggambaren kelopak-kelopak kembang mawar. Saking hal punika saged dipendet kesimpulan nyaniya kang dimaksad kuncup teng sajak ‘Kuncup’ punika nggih niku kuncup kembang mawar.
Sedeng teng sajak ‘Q’ upami dicermati tipografi punika nggambaraken aksara /alif, lam, lam, lan ha/ teng aksara Arab. Secara kesedantenan tipografi sajak ‘Q’ punika nglambangaken tembung ‘Allah’. Dados kang dimaksad ‘Q’ teng sajak punika mboten sanes ‘Allah’.
2. Struktur Batin
Miturut Rene Wellek, puisi kabagi teng atase lapis ungel atanapi sound of stratum, lan lapis makna atanapi units of meaning, lapis dunia atanapi realitas kang digambaraken penyair, lapis realitas ditingal saking titik tingal kang sampun temtos, lan lapis dunia metafisik. Sedeng I.A. Richards teng hal lapis makna, punika mbagi makna dados sense, feeling, tone, lan subject matter.

a. Sense
Sense nggih niku setunggale hal kang diciptakaken atanapi digambaraken dening penyair lewat puisi kang diciptakakene. Sense punika gadah hubungan kaliyan gambaran dunia atanapi makna puisi secara umum kang pareng diungkapaken dening penyair.
Tema punika ngrujuk teng penganggit. Pemaos sekedik katahe kedah nyumerepi latar pengker penyair supados mboten sawon nafsiraken tema puisi kasebat. Keranten punika, tema sifate khusus (dirujuk saking penyair), objektif (sedanten pemaos kedah nafsiraken sami), lan lugas (sanes makna kias kang dipendet saking konotasie).
Teng dunia puisi Indonesia, sense dipersamiaken kaliyan tema. Kang dimaksad kaliyan tema nggih niku pokok anggitan kang dicetusken dening penganggit minangka jiwa lan dasar anggitan. Tema saged dibentenaken antawis tema mayor kaliyan tema minor. Tema mayor disebat ugi tema umum nggih niku pusat pikiran setungggale rumpaka sastra. Sedeng tema minor nggih niku tema kang ditingal saking segi penganggit.
Minangka contoh, saking tema umum ketuhanan kados kang wonten teng selebete prosa ‘Di Bawah Lindungan Ka’bah’ asil rumpaka Hamka (Haji Abdul Malik Karim Amrullah),
atanapi selebete novel ‘Atheis’ rumpaka Achdiat Kartamihardja, prosa ‘Robohnya Surau Kami’ rumpaka A.A. Navis, sajak ‘Doa’ rumpaka Chairil Anwar, sajak ‘Nyanyian Angsa’ rumpaka W.S. Rendra, lan drama ‘Tembang’ rumpaka Nickas, saged dipendet tema-tema kusus kang benten kados teng andap puniki.
1) Di Bawah Lindungan Ka’bah
Novel rumpaka Hamka punika gadah tema kusus, nggih niku : Hamid nekuni agama (Islam) teng Mekkah ngantos dados syekh minangka playon (pelarian) diri teng atase keancuran jiwa keranten tresna marang setunggale wanodya.
2) Atheis
Novel rumpaka Achdiat Kartamiharja punika gadah tema kusus, nggih niku : keraguan tokoh Hasan teng atase kewontane Tuhan (Allah) minangka akibat kegagalane mlajari agama Isdlam secara sufisme kados kados dene kang diajengaken dening rama lan ibue.
3) Robohnya Surau Kami
Novel rumpaka A.A. Navis punika gadah tema kusus, nggih niku : bapa tuwae (eyang kakunge) Saleh mboten nampi upami piyambeke dilebetaken teng neraka keranten ngraos piyambeke nalika gesang temen-tinemenan sumujud lan ngebaktos dumateng Tuhan secara total kaliyan cara ngremeni lan mulasara tajug ugi dzikir teras-terasan.
4) Doa
Sajak rumpaka Chairil Anwar punika gadah tema kusus, nggih niku : kesadaran tokoh ‘Aku’ teng atase diri pribadose kang kebek kaliyan dosa lan ngentengaken marang kewontenane Tuhan lan ngupayakaken kangge tobat. Nanging, nyatane kangelan sanget.
5) Nyanyian Angsa
Sajak rumpaka W.S. Rendra punika gadah tema kusus, nggih niku : Maria Zaitun si pelacur sepuh, ketiban penyakit sphilis, keusir lan kebirat saking lingkungane, kalebet pastur ugi mboten purun nglayani pengakuan dosa-dosae, mekaten ugu kaliyan malaikat. Nanging, Tuhan (Yesus) mboten mekaten. Yesus purun nampi kelawan asih lan tulus.
6) Tembang
Drama rumpaka Nickas pinika gadah tema kusus nggih niku : tokoh Dinggo ngalami konflik batin kang ngantos sematen awrate, antawis keyakinan nyaniya Tuhan punika wonten nyatane kaliyan sedanten kekuwasaane, nanging kasunyatan gesange Dinggo kang terlalu pait midamel Dinggo ngraguaken ketuhanan Tuhan kang diyakinie.

b. Feeling
Feeling atanapi rasa nggih niku sikap setunggale penyair dumateng pokok-pokok pikiraan kang ditampilaken dening puisi piyambeke. Feeling teng p[uisi Indonesia dipersamiaken kaliyan raos, nggih niku peraosan penyair kang saged ditangkep upami puisi punika diwaos kelawan nggentawang teng poetry reading atanapi deklamasi. Maos puisi kelawan nggentawang langkung mbantos kangge manggihaken peraosan penyair kang nglatarpengkeri ciniptane puisi punika.
 
c. Tone
Tone atanapi nada nggih niku sikap penyair dumateng pemaos (masyarakat) kaliyan pokok pikiran kang ditampilaken piyambek. Saking hal punika, maka ciniptalah puisi. Wonten puisi kang nadae sinis, protes, nggurui, mbrontak, dolanan, serius, patriotik, welas asih, wedos, santai, masa bodoh, pesimis, guyon, ngece, kharismatik, filosofis, khusuk, lan sapanunggalane.

d. Subject matter
Subject matter disebat ugi intention atanapi maksad atanapi amanat nggih niku pokok gagasan kang dimajengaken dening penyair lewat puisi kang diciptakaken. Upami sense gadah hubungan kaliyan gambaran makna teng seebete puisi secara umum, maka subject matter gadah hubungan kaliyan ujaran-ujaran pokok pikiran kang secara khusus mbangun setunggal hal kang diungkapaken dening penyair. Amanat punika dirumusaken piyambek dening pemaos. Sikap lan pengalaman pemaos mengaruhi sanget dumateng amanat puisi. Cara nyimpulaken amanat tinalenan sanget kaliyan cara pendeng pemaos dumateng setunggale hal. Sanajan ditemtosaken dening cara pandeng pemaos, amanat mboten ucul saking tema lan isi puisi kang dimajengaken dening penyair.
Kangge langkung mahami unsur sense, feeling, tone, lan subject matter kados kang sampun ditetelaken teng inggil punika, teng andap puniki kaula sajiaken sajak ‘Sajak Seongok Jagung’ saking W.S. Rendra.

Sajak Seonggok Jagung
Seonggok jagung di kamar
dan seorang pemuda
yang kurang sekolahan
Memandang jagung itu
sang pemuda melihat lading
ia melihat petani
ia melihat panen
dan suatu hari subuh
para wanita dengan gendongan
pergi ke pasar …
dan juga melihat
suatu pagi hari
di dekat sumur
gadis-gadis bercanda
sambil menumbuk jagung
menjadi maisena
sedang di dalam dapur
tungku menyala-nyala

di dalam udara murni
tercium bau kuwe jagung
Seonggok jagung di kamar
dan seorang pemuda
ia siap menggarap jagung
ia melihat kemungkinan
otak dan tangan
siap bekerja
Tetapi ini :
Seonggok jagung di kamar
dan seorang pemuda tamat SLA
tak ada uang, tak bisa menjadi mahasiswa
hanya ada seongok jagung di kamarnya
Ia memandang jagung itu
dan melihat dirinya terlunta-lunta
ia melihat dirinya ditendang dari discotique
ia melihat sepasang sepatu kenes di balik etalage
ia melihat saingannya naik sepeda motor
ia melihat nomor-nomor lotre
ia melihat dirinya sendiri mkiskin dan gagal
seonggok jagung di kamar
tidak menyangkut pada akal
tidak akan menolongnya
Seonggok jagung di kamar
tak akan menolong seorang pemuda
yang pandangan hidupnya dari buku
dan tidak dari kehidupan
yang tidak terlatih dalam metode
dan hanya penuh hafalan kesimpulan
yang hanya terlatih sebagai pemakai
tetapi kurang latihan bebas berkarya
pendidikan tidak memuaskannya dari kehidupan

Aku bertanya :
apakah gunanya pendidikan
bila hanya akan membuat seseorang menjadi asing
di tengah kenyataan persoalannya?
apakah guna pendidikan
bila hanya mendorong seseorang
menjadi laying-layang di ibukota
kikuk pulang ke daerahnya?

apakah guna seseorang
belajar filsafat, sastra, teknologi, ilmu kedokteran
atau apa saja
bila khirnya
ketika ia pulang ke daerahnya, lalu berkata :
“Di sini aku merasa asing dan sepi!”
(1975)

Tema umum ‘Sajak Seonggok Jagung’ teng inggil punika nggih niku kagesangan (janma), sedeng tema khususe nggih niku kebotensaluyuan antawis asil kang diasilaken dening proses pendidikan kaliyan tuntutan kang diparengaken dening masyarakat ngantos ngakibataken pengangguran lan kehamhaman (kegamangan) jiwa para lulusan kang mboten saged ginawe (berbuat) punapa-punapa teng kagesangan piyambeke.
Feeling atanapi rasa kang wonten teng sajak teng inggil punika nggih niku, Rendra gadah pendapat nyaniya pendidikan teng negara puniki sampun gagal. Pendidikan cumi saged nyiptakaken janma-janma males, pengimpi, keasing, lan hamham.
Tone atanapi nada sajak teng inggil punika nggih niku, Rendra ngajak atanapi ngemutaken kaula sami nyaniya pendidikan teng Indonesia puniki kedah sigra diberesi, keranten mboten saluyu kaliyan hakikat lan tujuan pendidikan.
Subject matter atanapi amanat kang diaturaken dening sajak teng inggi punika nggih niku, Rendra ngemutaken kaula sami, masyarakat lan pemerentah nyaniya pendidikan teng Indonesia puniki kedah sigra diberesi. Kaliyan komparasi ironis, Rendra nuduhaken pemuda kang kirang sekolahan malah langkung unggul tinimbang pemuda lulusan SLA.




2 komentar:

  1. pa, punten, kula bade nyuwun copas. kesuwun ilmue.

    BalasHapus
  2. Ass.....
    Sedulur-sedulur aja pada pegot,ingat saka tatal Ng Cirebon.
    Kula Niki ingat sedulur warga panjunan,

    BalasHapus

logo
Copyright © 2012 Basa Cerbon ~ اللغة سيريبون ~ يودى الشريف.
Blogger Template by Clairvo