separate
Lestarikan Budaya dan Bahasa Daerah Cirebon Dengan mengeksplorasi Kekayaan Ragam Budaya Cirebon
banner ad
logo
yudi sayidi, S.PdI,_smpn1awn.blogspot.com

Guritan ~ Cerbon


Guritan 
Laut Saksi Bisu


Sumliwir angin laut ning tepi pantai
Nylendep ning awak mami
Krasa atis ning jero ati
Mangmung ora ana kang mbaturi

Duh gusti ingkang welas asih
Sukma kula kaya dene banyu ombak
Kosong mlompong ora ana isi
Nyamber watu karang laut kejawanan

Banyumata kering netes nyiprati pasir putih
Gawe perih luka sejeroning ati
Ditinggal lunga dadi nelangsa ati
Ngaratapi kang wis beli dadi siji

Dermaga sing dadi kenangan madu kasih
Ngucap janji sehidup semati
Nanging mentari wis ora maringi
Manjing mlingsep tengah segara

Tetegana ati kula siji
Mbaturi ambane segara kang ora pasti
Nunggoni pelangi sesore langit
Njembarakan ati

0 komentar:

Posting Komentar

logo
Copyright © 2012 Basa Cerbon ~ اللغة سيريبون ~ يودى الشريف.
Blogger Template by Clairvo