Basa Cerbon
Basa Cerbon..
Bahasa Cirebon atau Basa Cerbon
jenis “Bagongan” atau pergaulan sehari-hari perlu diajarkan di sekolah dasar
karena selama ini Basa Cerbon yang diberikan di sekolah tingkatannya terlalu
tinggi bagi seorang pemula, apalagi banyak orang tua siswa yang sudah tidak
lagi menggunakan Basa Cerbon tingkatan kromo inggil
Iseng , ngetiknang basa cerbon. ketemu bari artikel
iki. Ari di perhatinang pergaulan
sedina dina ning cerbon jaman sekien, terutama ning kotae, bocah – bocah
sekola ketone wis jarang sing nganggo basa cerbon. Akehe nganggo bahasa
Indonesia. Ana tetangga parek umah, embok bapane asli
cerbon, tapi anak – anakane laka sing bisa basa cerbon, aja maning bebasan
sing angel, cerbon bagongan kang biasa bae jeh bli bisa. dadi wong tua bari
anak komunikasie nganggo bahasa Indonesia.
Jaman kita sekola bengien durung ana
pelajaran basa cerbon. Tapi sing awit cilik bari wong tua ari ngomong basa
cerbonan bae. Pas manjing smp anae pelajaran basa sunda.
Salah siji kang jadi perhatian
maning, coba sepisan2 perhatinang radio kang ana ning cerbon utamae kang sering
dirungu karo bocah sekola. Keakehane iku penyiar ari siaran nganggo bahasa
Indonesia logat jakartaan (betawi?) kang ana elu, elo gue, gua, dsb. Sok
gemuyu dewek ari kebeneran lagi dolan ning mall –
mall kang blaratan ning cerbon atawa lagi ning dalan, ana bocah
nganggo seragam sekola cerbon, tapi ngomonge jakarta-an:-). rada brebes mili…..
Mung sekien sing dadi rada getun
dewek (tapi insya Allah masih bisa dibeneri) isun durung bisa bebasan sing
bener. Ngerti bebasan cuman setitik, kang perlu2 bae. kadang kadang sok
isin ari bebasan bari wong tua, terus mentok maksude sih
ngerti tapi ngomonge gah li bisa. Ari wis mengkonon terpaksa nganggo jurus
pamungkas, punten Pa/Bu, kulae dereng saged bebasan, terus melengos
nyingkir sing adoh hehehe
Matur nuwun kang wis gawe situs kie. Situs kaya kieu kuh berguna pisan
utamane kanggo generasi enom cirebon. Supaya weruh ning cirebon lan budayane,
sejarahe. Budaya lan sejarah cirebon iku hebet. Aja sampe kita weruh budaya
jepang, amerika, tapi budaya dewek bli weruh.Mengenai bahasa isun setuju pisan yen kita kuh kudu ngelestariena bahasa leluhur kita, bahasa wong tua kita. Lantaran kita wong cerbon ya…bahasa kue bahasa cerbon.
Tapi ning cerbon kuh sing berkembang dudu bahasa cerbon wungkul, ana oge bahasa sunda, bahasa sunda khas cerbon. Rada sejen karo basa sunda bandung. Nah lantaran ning umah bahasa sing di enggo bahasa sunda ya…kula ngajarena ning bocah sing cilik mula basa sunda, basa sunda dialek cirebbon. Nah mun ana sitng takon, “guning sira bisa basa cerbon?” Jawabe gampang. Sekian % wong cerbon, minimal bisa loro bahasa; bahasa cerbon lan bahasa sunda dialek cirebon. Bahasa cerbon setitik-setitik diajarena ning bocah.
Tentang bahasa babasan, ning umah kita,
daerah ciledug kab. cirebon hampir langka sing nganggo. Jadi tua enom ari
ngobrol bahasane pada kabeh. Ya…kaya bahasa kita kie. Istilahe bahasa bagongan,
ya?
~~~~~~~~~~~~~~~~~~~~~~~~~~~~~~~~~~~~~~~~~~~~~
Baka
wong cerbon kudu seneng lan demen ning bahasane, jareh wong dianggep
ketinggalan zaman atanapi jadul tapi bahasa merupakan identitas bagi suatu
daerah. Memang bocah-bocah nom semene kayane wirang lan isin baka ngomong
bahasa cerbon, lebih seneng nganggo bahasa liane jarene lebih gaul atanapi
lebih moderen.
Sedulur kabeh yuk kita lestaraken bahasa kita sing merupakan budaya kita, lamon dudu kita sapa maning coba? sementen mawon komentar kula lamon ana kelepatan atanapi kesawonan mugi nyuwun agung pangapunten sing katah wasalam
Sedulur kabeh yuk kita lestaraken bahasa kita sing merupakan budaya kita, lamon dudu kita sapa maning coba? sementen mawon komentar kula lamon ana kelepatan atanapi kesawonan mugi nyuwun agung pangapunten sing katah wasalam
Keleresan kula sing linggih dados Ketua Lembaga Basa lan
Sastra Cerbon (LBSC). Lembaga puniki ngrupiyaken lembaga resmi kang didamel
Pemerintah Provinsi Jawa Barat teng selebete Kongres Basa Cerbon I, kaping 31
Juli – 2 Agustus 2007 teng Hotel Prima Cirebon. Teng Kongres punika sampun
disyahaken yen basa Cerbon mung nggadahi kalih undak usuk, inggih punika basa
Padinan (sehari-hari) lan Bebasan (alus). LBSC sampun natar 90 guru inti basa
Cerbon lan 66 guru inti kesenian tarling teng Lembang, sasi April lan Juli kang
krihin. Kamus dasar sampun didamel, kantun disempurnakaken. Lan teng akir taun
2011 insya Allah bade diterbitaken buku ajar lan penunjang ajar basa Cerbon.
Ngrupiyaken kerjasareng Disdik Jawa Barat cq Balai Bahasa dan Kesenian Daerah
Jawa Barat. Kangge pelestarian teng surat kabar, kula wontenaken kerjasareng
koran Pikiran Rakyat Bandung kang bedaraken basa Cerbon unggal dinten Rebo
(nembe kalih minggu sesasih). Insya Allah taun ajeng bade unggal dinten Rebo.
Wasta rubrike nglayari basa Cerbon teng suplemen Pikiran Rakyat edisi Cirebon. Matur
kesuwun
Punten, kita ge wis kangen pengen ngomong cerbon tapi langka
bature, jadi ngomong indonesia bae… tapi lamun ana artikel, atawa blog tentang
cirebon seneng pisan. kira kira ana kang eru bli blog atawa situs kang
cirebonan
0 komentar:
Posting Komentar