separate
Lestarikan Budaya dan Bahasa Daerah Cirebon Dengan mengeksplorasi Kekayaan Ragam Budaya Cirebon
banner ad
logo
yudi sayidi, S.PdI,_smpn1awn.blogspot.com

Paribasa_Pribasan



Paribasan ( K – L )

Tuladha Basa Rinengga

Paribasan, Bebasan lan Saloka ( K – L )

Kaya wedus di umbar ing pakarangan
Kesenengan amarga oleh akeh apa seng dibutuhke
( Merasa senang karena dapat banyak apa yang dia cari )
Kebanjiran segara madu
Wong kang oleh rejeki akeh banget
( Orang yang memperoleh rejeki yang banyak sekali )
Kebo ilang tombok kandang
Kelangan  barang isik ngetokake ragad kanggo nggoleki barang kang ilang mau
( Kehilangan sesuatu, dan masih harus keluar biaya untuk mencarinya )
Kebo kabotan sungu
Wong nduwe anak akeh ananging rekasa anggone ngopeni
( Orang tuwa yang mempunyai anak banyak, tetapi susah dalam menghidupi mereka )
Kebo mulih menyang kandange
Wong wis lunga suwe, mulih menyang panggonan asale
( Orang yang sudah pergi lama terus pulang kerumahnya )
Kebo nusu gedel
Wong tuwa njaluk wuruk marang wong enom
( Orang tuwa minta tau dari orang yang masih muda )
Kegeden empyak kurang cagak
Kegedhen kekarepan kurang bandha
( Besar kemauan tiada biaya )
Kajugrugan gunung menyan
Oleh rejeki kang akeh banget
( Mendapatkan rejeki yang banyak sekali
Kekdudung walulang macan
Ngapusi wong, sarana njaluk tulung marang wong kang dipercaya dening wong sing di apusi mau
( Menipu orang, dengan menggunakan sarana orang lain yang dipercaya oleh orang yang ditipu tersebut )
Kelacak kepatak
Wong kang wus ora bisa mungkir maneh saka keluputan awit wis kabukten
( Orang yang sudah tidak bisa membela diri, karena sudah terbukti bersalah )
Kemladeyan ngajak sempal
Wong mondok ( nunut ) ananging marake rusak
( Orang yang nebeng di rumah orang, tetapi malah menimbulkan kerusakan )
Kencana wingka
Sanajan anake ora ayu utawa ora nggantheng, ananging wong tuwane tetep nresnani.
( Walaupun anaknya tidak cantik atau ganteng tetapi orang tua tetep menyayanginya )
Kenes ora ethes
Wong wadon kang akeh umuke, nanging bodho
( Orang perempuan yang sombong, tatapi bodoh )
Keplok ora tombok
Melu seneng-seneng, ananging ora gelem kelangan
( Ikut bahagianya tetapi tidak mau kehilangan biaya )
Kere munggah ing mbale
Wong cilik dipek bojo priyayi gedhe
( Orang Miskin / kecil diambil jodoh oleh orang kaya / besar )
Kere nemoni malem
Wong kang bedigasan
( Orang yang bringasan )
Kerot tanpa untu
Nduwe kekarepan ananging ora duwe saranane / bandhane
( Punya keinginan tetapi tidak ada sarana / hartanya )
Ketepang nggrangsang gunung
Wong nduwe kekarepan sing mokal kelakon
( Orang yang punya keinginan yang tidak mungkin tercapai )
Kethek saranggon
Wong ala serombongan
( Orang tidak baik dalam jumlah banyak / satu rumbongan )
Katiban awu anget
Ora ngerti apa-apa ananging di dakwa
( Tidak tau apa malah di tuduh )
Ketula-tula ketah
Wong kang tansah nandhang rekasa
( Orang yang selalu dalam kesusahan )
Klething wadah masin
Wong sing wis kulina pagaweyane ala, senajan marenana, ananging isih ana kala mangsane nglakoni pegawean kang ala maneh
( Orang yang sudah terbiasa melakukan keburukan, walaupun sudah bertaubat, adakalanya mengulanginya kembali )
Kleyang kabur kanginan
Wong kang ora nduwe papan panggonan ( omah ) sing tetep
( Orang yang tidak punya tempat tinggal tetap )
Kongsi jambul wanen
Nganti tuwa banget ( Sampai tua sekali )
Kriwikan dadi grojogan
Perkara kang sepele  dadi perkara kang gedhe
( Persoalan yang sepele / mudah jadi persoalan yang besar / sulit )
Kuncung nganti gelung
Suwe banget ora nepati janjine
( Lama sekali tidak menepati janjinya )
Kumenthus ora becus
Wong kang umuk ananging ora sembada
( Orang yang besar mulut tapi tak ada bukti nyata )
Kurung munggah lumbung
Batur dipek bojo karo bendarane
( Pembantu di nikahi tuanya sendiri )
Kutuk nggendhong kemiri
Wong wadon manganggo barang kang larang banget regane
( Perempuan yang menggunakan perhiasan sangat mahal )
Kutuk marani sunduk
Wong kang njarag marang bilahi
( Orang yang sengaja bikin masalah )

Ladak kacangklak
Wong kang angkuh nemoni pakewuh
( Orang sombong yang dipermalukan )
Lambe satumang kari samerang
Bocah kang dituturi bola-bali, meksa tetep ora nggugu
( Anak yang dibilangi berulang kali tetap saja tidak patuh )
Lanang karoban manis
Wong kang bagus rupane uga bagus budine
( Pemuda yang Tampan dan baik perbuatanya )
Legan golek momongan
Wong kang wes kepenak malah nggolek kangelan
( Orang yang tenang masih mencari kesusahan )
Lumpuh ngideri jagad
Wong kang nduweni kekarepan ananging ora keturutan
( Orang yang mempunyai angan-angan yang tidak tercapai )
Padosi Paribasan kanthi lantaran : 
( A - D ) ( D - K ) ( K - L ) ( M - R ) ( S - Y ) 

0 komentar:

Posting Komentar

logo
Copyright © 2012 Basa Cerbon ~ اللغة سيريبون ~ يودى الشريف.
Blogger Template by Clairvo