separate
Lestarikan Budaya dan Bahasa Daerah Cirebon Dengan mengeksplorasi Kekayaan Ragam Budaya Cirebon
banner ad
logo
yudi sayidi, S.PdI,_smpn1awn.blogspot.com

WADANAN + POYOKAN






Wadanan Lan Poyokan

Ya, isun arep cerita maning waktu bengiyen masih bocah lembutan. Kudu maklum, para batur separa kanca, masa cilik iku waya sing paling indah, dadi angel pisan diilang’aken. Mbrubul bae metu, kaya banyu matae rangda tuwa sing bli payu – payu laki.
Sekiyen, isun arep kanda ‘wadanan’ atawa diwadani, mirip – mirip kaya dipoyoki.
“Mentang – mentang kita wong bli gableg apa – apa, cuman gableg utang sing blaratan separan – paran, dadi tempat idu’e wong kampung, dipoyoki ambal dina bli pragat – pragat…” jare Mbok Wangsi, sambil nangis getun ning arep umah sing wis ndoyong ngalor.
Iku salah sawiji’ne contoh dipoyoki. Mungkin, lamun jare Bahasa Indonesia’nya tuh “diejek”. Iya kan batur – batur semuah? Hehehehe….
Karena Mbok Wangsi akeh utangnya, jadi dia dipoyoki ambal dina…. (wis ah, dadi keterus’en ngomong Indonesia’an ne!)
Contoh sejen’ne :
“Ih, sikil ira akeh koreng’e, nrembel kabeh kaya kancing kelambi, awas mengko dadi budug..!” sejak awit iku, si Kusnadi sing akeh koreng’e di wadani Kusnadi Budug.
Memang sih, rada – rada samar mbeda’nang poyokan karo wadanan. Diwadani ya dipoyoki, kuh pada bae, tipis pisan beda’ne. Samar iku jare Kang Ato ( Sunarto Marta Atmadja, idola tarling jaman bengiyen ) ramyang – ramyang.
Lah, jaman isun cilik bengiyen, akeh pisan wadanan lan poyokan sing kanggo sewoan, guyonan, karo batur – batur. Ana sing diwadani Jumari Blekutak, gara – gara si Jumari kulite ireng pisan, kaya blekutak. Ana maning Misnen Cungkring, gara – gara si Misnen cungur’e rada bengkung lan dawa kaya Cungkring.
Lamun Kamad Ndlagdag, sampeyan weu bli sejarah’e? Mengkenen, si Kamad iki bocah’e bandel pisan, bli ketulungan, karo sapa bae ngelawan, termasuk ning wong tuwa’ne dewek. Akhire, wong tuwa’e Kamad nyupatani (weru bli, nyupatani kuh? ) “sira kuh, ndlagdag pisan dadi bocah, tak supatani dadi Cristian Sugiono sira kuh ya!!…”
Ndlagdag, iku artine kuwalat ning wong tuwa. Sedurunge, diwadani Kamad Cristian Sugiono, tapi lantaran tampang Cristian Sugiono karo rai Kamad adoh pisan beda’e, kaya Jamblang karo New York, akhire diwadani Kamad Ndlagdag bae…
“Ayo sih, wadani isun Kamad Cristian Sugiono bae…” jare si Kamad, nangis – nangis njaluk tulung. Batur – bature, pada melet’nang ilat kabeh…”Weeek!! Enak temen, sira diwadani Cristian Sugiono, melas ning Titi Kamal’e…”
Ikulah, batur – batur kabeh, sekelumit guyonan waktu jaman cilik bengiyen. Padahal akeh pisan wadanan lan poyokan sejen’ne, tapi berhubung tangan wis pegel…terpaksa sampe ning kene dikit ya?
Ari, cerita wadanan / poyokan batur – batur sampeyan sih pripun? Ayo gah, pada cerita – cerita ning kene, ambir rame….

Isun masih kelingan waktu cilik, seneng pisan nonton wayang. Apamaning, sing ndalange Dalang Akirna Hadiwekasan lan sinden’ne Itih S. Pada kelingan bli, ning dalang Akir lan sinden Itih S ? Wah, lamun pada klalen, ya melas pisan…

Soale waktu iku, Dalang Akir dalang sing paling terkenal lan kondang ning seluruh wilayah Cerbon. Suarane pas lamun ngomong dadi suara Cungkring, Dorna, Betara Guru, Gatotkaca, Semar, lan wayang – wayang sejen’ne. Suarane beda – beda lamun ngomong dadi tokoh wayang mau, bli pada bae lan bli cempreng.

Description: 180px-petruk1Terus, sinden Itih S, terkenal pisan lantaran wong’e masih nom lan ayu,…gembleng pisan! Suarane enak lan empuk, dadi akeh wong nonton sing pengen pada kenalan karo sinden Itih S mau. Terus biasane, wong nonton pada kirim – kirim lagu, misale lagu Kembang Boled, ngirime kanggo amplop sing ditulisi surat karo ana selipan duwit’e.
Wah, waktu iku sinden Itih S, ibarat’e kaya dadi Agnes Monica versi Cerbon lamun jaman sekiyen sih…. Pokoke laranglah, lamun nanggap dalang Akir karo Sinden Itih S mau.

Mbuh, saiki priben ya kabare Sinden Itih S lan Pak Dalang Akir mau? Ana beli, anak putune sing dadi dalang lan sinden?

Jaman sekiyen wis akeh tontonan sih, ana Organ Tunggal, Layar Tancep, Orkes Dangdut. Terus bocah nom’an wis pada kesambet jaman modern, pada males yah lamun nonton wayang ?
“Ah, wayang kuh tontonane wong tuwa, gawe ngantuk bae…” jare Misnen, sing biasa diceluk Boled ning batur – bature.
“Masih mending gan nonton dangdut artis ibu kota …Dewi Persik! Goyange gawe ontreg dunya!”

Jaman sekiyen, ana beli sing masih pengen dadi sinden lan dalang ya?

“Ah, cuman wong goblog sing pengen dadi dalang kuh…masih mending belajar organ tunggal, pencet – pencet wis praktis, bli usah nabuh gong, nabuh kemong, nabuh kendang ….gawe ruwed bae!” jare Miskad, sing lahire dina Kemis lan akeh wong kendat ( gantung diri ).

“Apamaning dadi sinden, oli saweran cuma limangatus perak, cangkem pegel, boyok linu…” jare Marpu’ah, sing biasa diceluk Inul karo batur – bature, soale bokonge rada njongkeng lantaran wudun’ne bli waras – waras .

Ya, bener uga sih…
Apa maning jaman sekiyen wis langka sing pada nanggap wayang kulit, akeh’e pada nanggap organ tunggal lan orkes dangdut…

Priben jeh ? Sampeyan sih pada gelem bli dadi dalang lan sinden wayang ?
 

0 komentar:

Posting Komentar

logo
Copyright © 2012 Basa Cerbon ~ اللغة سيريبون ~ يودى الشريف.
Blogger Template by Clairvo