separate
Lestarikan Budaya dan Bahasa Daerah Cirebon Dengan mengeksplorasi Kekayaan Ragam Budaya Cirebon
banner ad
logo
yudi sayidi, S.PdI,_smpn1awn.blogspot.com

UKARA



Ukara
Ukara nggih niku kemanunggalan atanapi kesatuan tutur kang ngungkapaken setunggale konsep atanapi pikiran lan pengraosan. Ukara ngrupiaken unsur basa kang secara relatif saged mangadeg piyambek, gadah pola intonasi akhir atanapi final, secara aktual atanapi potensial diwangun dening klausa.
Ukara selebete basa Cerbon saged ditingal saking pinten-pinten dumasare, nggih niku dumasar jinis klausa lan sifat hubungane kaliyan aktor-aktor aksise. Teng basa Cerbon gadah tipe-tipe kados teng andap puniki.
1. Jenis-jenis Ukara
Ukara saged digolongaken dados kalih jenis, nggih niku dumasar wangun lan dumasar makna. Ramlan mbagi ukara dumasar jumlah klausa kaliyan intonasi.
a. Dumasar teng wangune, ukara saged dibagi dados kalih jenis, nggih niku ukara salambar kalian ukara camboran.
1) Ukara Salambar
Ukara salambar nggih niku ukara kang cumi gadah setunggal klausa. Ukara salambar teng basa Cerbon punika wonten ukara salambar kang basajan (sederhana) nggih niku ukara salambar kang magadege teng atase setunggal subjek lan setunggal predikat, lan ukara salambar kang rumit nggih niku ukara salambar kang magadege teng atase setunggal subjek, setunggal predikat, lan setunggal objek, saged ditambih kaliyan keterangan atanapi mboten. Teng hal puniki basa Cerbon gangsal gangsal jenis ukara salambar, nggih niku :
a) Ukara salambar predikat nominal
Ukara salambar predikat nominal disebat ugi ukara ekuatif ngrupiaken ukara kang cumi gadah setunggal klausa lan unsur pangwangun predikate ngrupiaken tembung saking golongan nominal.
Umpamie :
Buku punika cetakan rineka cipta.
Buku citakan Rineka Cipta punika.
Punika buku citakan Rineka Cipta.
b) Ukara salambar predikat adjektiva
Ukara salambar predikat adjektiva ngrupiaken ukara kang cumi gadah setunggal klausa lan unsur kang mangun predikate punika saking golongan tembung adjektiva (tembung sipat).
Umpamie :
Bapa siweg sakit.
Omongane wong iku bener.
Tatik pancen badeg.
c) Ukara salambar predikat verba
Ukara salambar predikat verba ngrupiaken ukara kang cumi gadah setunggal klausa lan unsur kang mangun predikate punika saking golongan tembung verba (tembung kriya). Ukara salambar predikat verba punika katah jenis lan sebutane kados dene :
(1) Ukara tantransitif (taktransitif), nggih niku ukara salambar predikat verbal kang mboten gadah objek atanapi pangajeg. Ukara jenis puniki cumi gadah subjek lan predikat mawon, atanapi saged dikintil kaliyan keterangan.
Umpamie :
Bu Nabilla siweg blanja.
Pak Aqshal dereng dugi.
Danu dereng dahar.
(2) Ukara ekatransitif
Ukara ekatransitif nggih niku ukara kang cumi gadah setunggal klausa kang gadah objek nanging mboten gadah pengajeg. Ukara jenis puniki gadah tigang unsur, nggih niku subjek, predikat, lan objek.
Umpamie :
Ujian sekolah nemtokaken nasibe para siswa.
Presiden ngijini pembentukan panitia kerja.
Mang Daspan kerubonan rajeg.
(3) Ukara dwitransitif
Ukara puniki secara semantik ngungkapaken hubungan maujud. Teng wangun aktif, wangun kang maujud punika ngrupiaken subjek, predikat, objek, lan pengajeg (pelengkep).
Umpamie :
Nissa siweg ngilaraken adine pedamelan (dwitransitif benefaktif).
Kula kedah numbasaken pecil hadiah ulang taun.
Sira diupai kesempatan dening dosen iku (dwitransitif direktif).
Aqshal dikirimi duwit dening wong tuwa unggal wulan.
(4) Ukara semitransitif
Umpamie :
Amir ketiban wit gedang.
Ning kana sira bakal sering kudanan salju.
Perbuatane keweruhan dening bapae.
Secara sekilas kesekawan ukara teng inggil punika gadah struktur atanapi adegan kang sami, nanging upami diperhatekaken ketingal wonten bentene. Kesekawan ukara teng inggil punika subjeke mboten nglampahaken panggawe, justru ketiban kewontenan atanapi kesialan.
(5) Ukara pasif
Pengertosan aktif kaliyan pasif teng ukara nyangkut hal-hal kados verba kang dados predikat, subjek, objek, lan predikat kang dipianggene.
Umpamie :
Masalah punika sampun disumerepi dening tiyang sepahe.
Deweke kepentung dening kakange.
(6) Ukara aktif
Ukara aktif nggih niku ukara kang subjeke nglampahaken pedamelan atanapi perbuatan.
Umpamie :
Salsa lagi mangan rujak.
Nissa ngajak adine jalan-jalan.
Zahra nggedag kucing.
d) Ukara salambar predikat preposisi
Ukara salambar predikat preposisi ngrupiaken ukara kang cumi gadah setunggal klausa lan unsure kang mangun predikate punika saking golongan tembung preposisi (tembung ajeng). Sedanten frasa preposisional saged didadosaken predikat ukara.
Umpamie :
Yati bade kesah teng IKIP dinten nikiyen.
Umahe Bi Tini ning Karangreja.
Wak De wonten teng Puri Celkancang.
e) Ukara salambar predikat frasa sanes
Ukara salambar predikat frasa sanes ngrupiaken ukara kang cumi gadah setunggal klausa lan unsur kang mangun predikate punika saking golongan tembung keterangan lan wilangan. Ukara jenis puniki ngrupiaken ukara kang predikate nyimpang saking pola kang sampun diwicarakaken kados teng inggil punika.
Umpamie :
Anake akeh.
Mulaie jam sangaan.
Keboe Mang Misti mung loro.
2) Ukara Camboran
Ukara camboran saged diwincik miturut hubungan antawis klausa-klausa pangwangune.
a) Dumasaraken makna hubungan hubungan klausa-klausa pangwanhune punika, ukara camboran teng basa Cerbon saged digolongaken kados teng andap piniki.
(1) Ukara Ajungtif
Ukara ajungtif (ukara tambih) nggih niku ukara kang klausa-klausae dihubungaken kaliyan migunakaken tembung sambung kados dene : lan, sarta, tur, yaiku, ya, turug-turug, tambah-tambah, lan maning, nuli, mbari, bara-bara lan sapanunggalane.
Umpamie :
Mubile Pak Kaji ngemot limang kranjang pelem, lan unggal kranjang isie sewu iji pelem gedong gincu.
Rujake Bi Saenah ya pedes ya sedep.
(2) Ukara Lelawanan
Ukara lelawanan punika ukara kang ngandung makna lelawanan. hal punika ditandai kaliyan pianggean tembung sambung (konjungsi) lelawanan kados dene : abong-abong, padahal, sanajan, nanging, lan sapanunggalane.
Umpamie :
Abong-abong ning rayat cilik, papagan bae mbuwang rai.
Mekonon sih mekonon, nanging aja kaya konon.
Bisae nyalahaken isun bae, padahal sih anake sing njukut jambu.
(3) Ukara Konsesif
Ukara konsesif nggih niku ukara kang klausa-klausae dihubungaken kaliyan migunakaken konjungsi sanajan lan nanging.
Umpamie :
Ziarah ning Gunung jati baguse sih mlaku sanajan adoh yen kiyeng kah lakonana.
Kakange pinter ning bidang apa bae nanging adine ora ngerti apa-apa..
(4) Ukara Disjungtif
Ukara disjungtif nggih niku ukara kang ngandung klausa-klausa pilihan kang dihubungaken kaliyan migunakaken konjungsi kados dene : utawa, atanapi, nanging, mbuh, arep sejene, kajaba, Cuma, bae, mung, tah, lan sapanunggalane.
Umpamie :
Mbuh sugih mbuh mlarat, yen ana gerbu tikus ya baguse sih mangkat.
Arep duwe arep beli, ari duwe utang ya angger bae kudu mikir bayare.
(5) Ukara Sebab Akibat
Ukara sebab akibat nggih biku ukara kang ngandung klausa kang nuduhaken sebab–akibat. Lumrahe ukara punika dihubungaken kaliyan pianggean konjungsi kados dene : lantaran, jalaran, keranten, sebab, reh, rehing, sarehing, asale, ngantos, lan sapanunggalane.
Umpamie :
Punten mawon, kula mboten saged milet lantaran mengkin dalu wonten pengaosan teng dusun.
Dina kiyen, Salsa bli mangkat sekola asale dijak dening mimie mangkat kondangan.
(6) Ukara Kondisional
Ukara kondisional (ukara syarat) nggih niku ukara kang ditengeri kaliyan penggunaan konjungsi lamon, umpama, asal, yen mengkonon, lan sapanunggalane.
Umpamie :
Lamon pengen lulus kudu wekel sinau.
Asal wekel sinaue, pasti bisa lulus.
Yen mengkonon, ayuh gagian mangkat!
(7) Ukara Temporal
Ukara temporal (ukara waktos) nggih niku ukara kang klausa-klausae dihubungaken kaliyan konjungsi kang nuduhaken waktos kados dene : waktu, nalika, sederenge, sesampune, samangke, bari, ari, bakda, nuju, siweg, lan sapanunggalane.
Umpamie :
Mama dugi sajing kantor nalika mimi siwek mbetek.
Sesampune dahar, Hafizh kesah sekolah.
Samangke ingsun aweh pariwara, sira gae metua.
(8) Ukara Undag-Undagan
Ukara undag-undagan nggih niku ukara kang klausa-klausae dihubungaken kaliyan pianggean konjungsi kang nuduhaken tetingkatan, kados dene : boro-boro, aja bara, apa maning, pilang bara, malah, malahan, lan sapanunggalane.
Umpamie :
Boro-boro rabi loro, rabi siji gan kengelan.
Aja abaran pengen duwe motor, nggo tuku pit mini bae ora sanggup.
Pilang bara arep gawe sugih, aja ngedo bae wis mending.
(9) Ukara Komparatif
Ukara komparatif nggih niku ukara kang klausa-klausae dihubungaken kaliyan pianggen konjungsi kang nuduhaken bebandingan, kados dene : kaya, kaya dene, lir, lir kadia, kadia, semu, semu-semu, rada, rada-rada, lan sapanunggalane.
Umpamie :
Bocah iku pintere kaya bapane.
Omongane Madyani rada-rada mblasar
(10) Ukara Final
Ukara final nggih niku ukara kang klausa-klausae biasae dihubungaken kaliyan konjungsi kang nuduhaken pungkesan, kados dene supaya, malar, sangkan, sambir, sambiran, aja-aja, lan sapanunggalane.
Umpamie :
Aja-aja Pak Maftuki wis tekang Cerbon.
Sambiran ora rekasa, moten klambie ning tas!
(11) Ukara Pelengkep
Ukara pelengkep nggih niku ukara kang klausa-klausae dihubunganken kaliyan konjungsi yen, seumpama, lamon, lan sapanunggalane.
Umpamie :
Wis dadi kepotusan yen wulan arep gaji pegawe arep munggah.
Wis ana kabar yen korban tabrakan wis ketulungan.
b) Dumasar Wangune, ukara camboran teng basa Cerbon puniku wonten kalih cacahe, nggih niku ukara camboran salancar kaliyan ukara camboran undag-undagan.
(1) Ukara camboran salancar
Ukara camboran salancar ngrupiaken ukara kang diwangun dening kalih klausa atanapi langkung kang sedanten klausae ngrupiaken unsur inti atanapi babon klausa. Ukara camboran salancar mboten gadah klausa andapan.
Umpamie :
Bapak siweg maos majalah, Nissa nyiram petetan, sedeng mimi njait rasukan.
Hafizh tumbas rambutan lan Arif tumbas salak pondoh.
(2) Ukara camboran undag-undagan
Ukara camboran undag-undagan ngrupiaken ukara kang diwangun dening kalih klausa atanapi langkung kang sedanten klausa punika mangadeg saking klausa inti atanapi babon klausa lan klausa sanese ngrupiaken klausa andapan. Klausa andapan ciri-cirie wonten teng sepengkere konjungsi.
Umpamie :
Lamon isun duwe duit, isun arep nglungakaken mimi munggah kaji.
Isun arep nglungakaken mimi munggah kaji, lamon isun duwe duit.
Nabilla tetep mangkat sekolah senajan awake lagi blenak.
Senajan awake lagi blenak Nabilla tetep mangkat sekolah.
Klausa lamon isun duwe duit teng ukara kaping setunggal kaliyan senajan awake lagi blenak teng ukara kaping sekawan ngrupiaken klausa andapan sanajan template klausa punika wonten teng ajeng.
c) Ditingal saking segi maknae (nilai komunikatife), ukara saged dibentenaken dados gangsal jenis, nggih niku ukara warta, ukara prentah, ukara tangled, ukara seron, lan ukara emfatik.
(1) Ukara warta
Ukara warta punika asring disebat ukara deklaratif, nggih niku ukara kang isie ngewartakaken setunggale hal dumateng pemaos atanapi pemireng.
Umpamie :
Wau enjing wonten tabrakan teng cakete kantor kecamatan.
Kula ningal wonten mobil mlebet teng lepen wau dalu.
(2) Ukara prentah
Ukara prentah disebat ugi ukara imperatif, nggih niku ukara kang tujuane ngenken tiyang kang diajak micareng, atanapi nyukani prentah kangge nglakokaken hal punapa kang diprentah atanapi diparengaken dening pamicareng atanapi penyerat. Ukara prentah punika biasae diwusanai kaliyan tanda seron (!).
Umpamie :
Tulung jokotaken kompa ning Mang Dulatip!
Aja duwur-duwur maneke, bokat tiba!
Ukara prentah punika saged diwincik atanapi dibagi dados gangsal jenise, nggih niku ukara prentah tantransitif (taktransitif), ukara prentah transitif aktif, ukara prentah pasif, ukara prentah cara pengalusan, lan ukara prentah bentuk ingkar.
(a) Ukara prentah tantransitif (taktransitif)
Ukara prentah tantransitif (taktransitif) biasae mboten wonten subjeke, mertahanaken bentuk verba kados punapa wontene, lan ditambih kaliyan partikel –a.
Umpamie :
Sewaktu-waktu nungganga bis kota ambir weruh keanaan sejerone bis kota!
Nggawaa sangu kang cukup!
(b) Ukara prentah transitif aktif
Ukara prentah transitif aktif biasae ngrobih bentuk dasar dados bentuk prentah kaliyan ngicalaken prefiks N– saking verbal aN– ditambih kaliyan partikel –a.
Umpamie :
Beresana buku-buku kang ana ning duwure meja!
Benerana pit damese Fachri kang rusak!
(c) Ukara prentah pasif
Ukara prentah pasif punika bentuk verbae maksih masih tetep teng bentuk pasif lan urutan tembunge ugi mboten robih.
Umpamie :
Kardus kuen kuh gagian dikirim kiyen!
Didol bae sih mobil wis bodol kuh!
(d) Ukara prentah cara pengalusan
Ukara prentah cara pengalusan nggih niku ukara kang kangge ngalusakene migunakaken tembung ‘tulung, punten, nacak, coba, mangga’, lan sapanunggalane.
Umpamie :
Tulung tumbasaken udud, De!
Coba undangaken mang Misti kongkon mene!
Mangga mlebet, Bu!
(e) Ukara prentah bentuk ingkar
Ukara prentah bentuk ingkar nggih niku ukara prentah kang diseseli bentuk ingkar ‘aja, mboten kenging, atanapi sampun’.
Umpamie :
Dokumen rahasia aja diwaca!
Dokumen puniki tulung sampun dibucal!
kamer punika mboten kenging dilebeti!
(3) Ukara tangled
Ukara tangled disebat ugi ukara interogatif, nggih niku ukara kang isie nangledaken setunggale hal. Ukara punika saged disukani tembung tangled atanapi mboten.
Umpamie :
Punapa kang dados lantaran ngantos kewontenane kados mekaten?
Saged mboten kesah saniki?
Sampun pragat dereng ngerjakaken soale?
Sinten kang siweg mbakar boled?
Lagi apa sih, Cung, dedogrog bae ning lawang kuh?
(4) Ukara seron
Ukara seron atanapi interjektif ukara kang ngungkapaken peraosan kagum. Keranten peraosan kagum punika kinait kaliyan sifat, ukara seron cumi saged didamel saking ukara warta kang predikate adjektiva. Cara damel ukara puniki kados teng andap puniki.
(a) urutan ukara diwalik saking S – P dados P – S
(b) tambihaken partikel –e teng predikat
(c) tambihaken teng ajenge predikat kaliyan tembung seru
Umpamie :
Pergaulan bocah-bocah nom jaman sekiyen bebas sanget.
Alangkah bebase pergaulan bocah-bocah nom jaman sekiyen!
Pemandangan sing duwur gunung bagus pisan.
Dudu musuh baguse pemandangan sing duwure gunung!
(5) Ukara emfatik
Ukara emfatik nggih niku ukara kang nyukani penegesan kusus teng subjek. Penegesan punika saged dilakokaken kaliyan nambihaken partikel –e lan nambihaken tembung sambung kang atanapi sing teng pengkere subjek atanapi jejer.
Umpamie :
Panjenengan ngawiti tukaran iki.
Panjenengane sing ngawiti tukaran iki!
Masyarakat desa mrotes kebijakan pemerentah kabupaten.
Masyarakat desae kang mrotes kebijakan pemerentah kabupaten!

0 komentar:

Posting Komentar

logo
Copyright © 2012 Basa Cerbon ~ اللغة سيريبون ~ يودى الشريف.
Blogger Template by Clairvo