KESERASIAN UKARA
Keserasian Ukara
Tiyang damel ukara sejatine dumasar pangauningan piyambek mangenani lingkungan sekelilinge, dados mboten mumkin raose yen saged manggihi ukara kados teng andap puniki.
Watu iku nggebug adinisun.
Ayamisun udud limang lenjer.

Upami diteliti, sanajad ukara teng
inggil punika secara adegan atanapi struktur gadah syarat dados setunggal ukara
kang sampurna keranten gadah subjek, predikat, lan objek, nanging ukara-ukara
kang wonten teng inggil punika wonten keanehane keranten ukara-ukara punika
mboten wonten kesaluyuan makna antawis subjek, predikat, lan objeke. Hal punika
dumados keranten subjek punika mboten gadah syarat kangge nglakokaken tindakan
kados mekaten.
3. Pemalikan Urutan Tembung
Mboten mustahil wonten pemalikan tembung kangge ngedalaken maksad kang sampun temtos kados punapa kang dimaksad dening pegangge basa. Umume pemalikan urutan tembung punika dikakokaken dening tiyang kang migunakaken basa lisan. Ukara kang wujude kados punika umume disebat ukara topik – sebutan.
Umpamie :
Istri Pak Agung ninggal wau enjing.
Pak Agung istrie ninggal wau enjing.
Gaji pegawe ora bakal munggah.
Pegawe gajie ora bakal munggah.

4. Pewiyaran Ukara Salancar
Ukara salancar saged dipiwiyar kaliyan tembung-tembung keterangan keranten keterangan pancen sanes ngrupiaken unsur inti teng ukara. Artose, sanajan mboten wonten keterangan ugi setunggale ukara sampun gadah makna kang mangadeg.
Umpamie :
Wingi deweke nangkep kidang punika. (keterangan waktos)
Wingi deweke nagkep kidang punika teng alas. (keterangan panggenan)
Wingi deweke nagkep kidang punika teng alas kangge dipendet kulite. (keterangan tujuan)
Wingi deweke nagkep kidang punika ngangge jala teng alas kangge dipendet kulite. (keterangan alat)
Indonesia tansah nglunasi utang luar negri. (keterangan cara)
Pak Kuwu ngrumusaken peraturan desa kaliyan anggota LPMD lan BPD. (keterangan pengampil)
Tekade luru pegawean ning tanah sebrang kaya gunung watu. (keterangan similatif)
Akeh pemimpin kang lumengser krana duwe wadon sejen. (keterangan sebab)
Keloro utusan arep ngrundingaken kerja sama diplomatik setunggal kaliyan sanese. (keterangan liyan).

E. Klausa
Klausa nggih niku ijenan (satuan) gramatik kang magadege saking predikat. Predikat punika kenging dikintil dening subjek, objek, pengajeg (pelengkap), atanapi keterangan atanapi mboten dikintil dening subjek, objek, pengajeg (pelengkap), atanapi keterangan. Selerese unsur klausa nggih niku jejer (subjek) kaliyan ceriosan (predikat) keranten sebagian ageng klausa punika mangadege binangun saking jejer (subjek) kaliyan ceriosan (predikat). Sanajan mekaten, teng ukara kang subjek atanapi jejere sami, subjek punika asring dibucal.
Umpamie :
Waktu Nissa lagi blajar numpak pit, Hafizh nangis digendong dening Asep.

Ukara teng inggil punika gadah
sekawan klausa kang secara lengkepe kados teng andap puniki.
(a) Nissa lagi blajar
(b) Nissa numpak pit
(c) Hafizh nangis
(d) Hafizh digendong dening Asep
(a) Nissa lagi blajar
(b) Nissa numpak pit
(c) Hafizh nangis
(d) Hafizh digendong dening Asep
Akibat penggabungan klausa 1 kaliyan
klausa 2, lan klausa 3 kaliyan klausa 4, teng klausa 2 lan klausa 4 subjeke
punika (Nissa lan Hafizh) dibucal. Kaliyan penjelasan teng inggil punika jelas
nyaniya kang tansah wonten teng unggal klausa nggih niku predikat. Unsur kang
sanese kenging wonten kenging mboten wonten.
1. Tetenger Klausa
Umume kang disebat kaliyan klausa punika gadah tetenger kadost teng andap puniki :
a. Ngrupiaken wangun gramatik kang ngisi lanjaran ukara, maksade klausa punika selamie wonten teng selebete ukara.
b. Ngrupiaken wangun gramatik kang predikatif, nggih niku wangunan basa kang ngandung tetali jejer (subjek) lan
ceriosan (predikat).
c. Saged ditambih kaliyan unsur udagan (objek), pengajeg (komplemen/pelengkep), atanapi keterangan (adverbial).
d. Unsur inti kang ngrupiaken jejer saged diicalaken saking wangunane kelawan mboten ngrobih makna segemblenge.

0 komentar:
Posting Komentar