separate
Lestarikan Budaya dan Bahasa Daerah Cirebon Dengan mengeksplorasi Kekayaan Ragam Budaya Cirebon
banner ad
logo
yudi sayidi, S.PdI,_smpn1awn.blogspot.com

KARANGAN EKSPOSISI

PAPAT SYEKH LAN KHOLIFAH Ning jaman Khalifah Mansyur, arep diangkat salah siji syekh sufi ngenggo nyekel jabatan hakim agung kerajaan. Sebab iki kepapat syekh mau arep diundang ning Istana lan arep ditakoni kesanggupane nyekel jabatan mau. Abu khanifah salah sawiji ulama ahli hukum ngomong:”Kaula arep minggat lan emong dadi pejabat, Misar arep pura-pura edan, Sufyan arep lunga ning negara sejen, maka pastie kang dadi hakim agung langka sejene mung Syuraih bae”. Abu khanifah njelasaken alesane sampe kira-kira Khalifah percaya, lan bener bae ditrima alesane. Sejen karo Misar, deweke bli kepengen kedudukan atawa jabatanhakim agung. Misar mareki Kholifah karo nangis lan ngambung tangane, nuli ngomong:” Apa sampeyan waras-waras bae, terus priben anak-anake sampeyan lan ingon-ingone ditaro ning endi, teka bli takon”. “Seret wong edan iki sing adepane kaula! “Omonge Khalifah. “ Wis tambah nemen edane wong iki,” jare Khalifah sewot. Akhire kari Syuraih kang pura-pura gering. Apes nasibe sebab Khalifah Mansyur nggulati tabib kongkon ngobati, kepaksa syuraih nrima dadi hakim agung.

0 komentar:

Posting Komentar

logo
Copyright © 2012 Basa Cerbon ~ اللغة سيريبون ~ يودى الشريف.
Blogger Template by Clairvo