separate
Lestarikan Budaya dan Bahasa Daerah Cirebon Dengan mengeksplorasi Kekayaan Ragam Budaya Cirebon
banner ad
logo
yudi sayidi, S.PdI,_smpn1awn.blogspot.com

BABAD

RADEN WALANGSUNGSANG LELANA Nalika Raden Walangsungsang teka ning gunung cangak, Raden Walangsungsang ngedeleng wit kiara kang unggal pange ana bango kang lagi pada leren. Raden Walangsungsang duwe maksud arep nangkep salah siji bango mau, tapi ngrasa watir mengko bakal mabur kabeh lan nambah adoh, lantas inget ning pusakae mangrupa kopiah waring ingkang kasiate bisa bli kedeleng ning sapa bae, kepanjing jin lan setan. Kopiah waring gagean dienggo, terus Walangsungsang njokot pring kang arep digawe bubu lan dipasangi salah sawiji kiara. Ning sejerone bubu dieseni iwak. Puguh bae bango-bango mau pada seneng ndeleng iwak ning bubu, terus pada ribut suarane muni santer pisan, ndadiaken krungu ning Raja Bango (Sang Hyang Bango) lan gage bae mareki ning rakyate. Raja Bango ndadak sekala pengen gage-gage njukut iwak kang ana ning jero bubu, sampe deweke manjing perangkap lan ora bisa metu, lan akhire ditangkep dening Raden Walangsungsang. Raja Bango ngajukaken penjalukan maring Raden Walang Sungsang supaya aja disembeleh lan ngrasa taluk. Malah ngundang Raden Walang Sungsangmampir ning istanae arep diupai pusaka atawa jimat. Pas wis teka ning istanae Raja Bango, ndadak sekala Raja Bango bisa ngrubah wujude dadi pemuda kang ganteng lan nyerahaken pusaka maring Raden Walang Sungsang mengrupa pendil wesi, piring sarta barang. Kasiate barang pusaka mau yaiku, pendil wesi bisa dijaluki sego (sega) lan lawuane sepira bae ora diwatesi, lamun piring bisa nyumponi sega kebuli sarta barang bisa nyaosi 100.000 bala tentara. Sang Hyang Bango uga ngupai aran kanggo Raden Walang Sungsang yaiku Raden Kuncung, sauwise mengkonon Raden Walang Sungsang nerusaken lelampahane nuju maring Gunung Jati. Asal Usul Cirebon Menurut kitab purwaka caruban nagari, aran Cirebon asale sing tembung sarumban kang artie ‘campuran’, nginget kota iku digenahi lan dihuni pirang-pirang suku lan budaya. Purwaka caruban nagari iku diungkapaken, kang dikutip Arif kurniawan, penduduk iku nyebut cerbon “negeri gede” sampe kiyen bli setitik wong cerbon masih nyebut-nyebut Cirebon karo ‘Grage’ omongan kang sing asale sing “negeri gede”. Aran cerbon sebenere wis kesohor sing dunia internasional sing awit awal abad 16 Tomi Pires, musafir Portugis kang teka ning nusantara wiwit abad 16 nyatet bahwa Cirebon kang deweke singgahi ngerupaaken kota pelabuhan kang ramah (Cortesao 1994:179). Konon aran cirebon jaresih awite dipai seng wong-wong sunda kang seneng lan kesengsem ning rebon, jare wong cerbone, kang artie urang cilik kanggo gawe trasi. Alkisah, serombongan wong Rajagaluh teka ning umae Pangeran Cakrabuana penguasa cerbon, rombongan dijamu panganan kang iwake trasi, ya rebon iku.

0 komentar:

Posting Komentar

logo
Copyright © 2012 Basa Cerbon ~ اللغة سيريبون ~ يودى الشريف.
Blogger Template by Clairvo