separate
Lestarikan Budaya dan Bahasa Daerah Cirebon Dengan mengeksplorasi Kekayaan Ragam Budaya Cirebon
banner ad
logo
yudi sayidi, S.PdI,_smpn1awn.blogspot.com

Ngomong Ngenggo Telphon

Ngomong Ning Telphon Aldi : “ Ora krasa ya Dev, kegiatan MOS wis pragat “. Devi : “ Bener omongane sira. Perkiraane isun MOS iku kegiatane kaya ‘ pemloncoan ‘ mengkonon ka, nyatae para siswa dikenalaken ning lingkungan sekolahan. Ning kegiatan MOS sing disenengi apa, Rud ?” Aldi : Kegiatan sing dibimbing Pak Gatot “. Devi : “ O ……., penghangat suasana”. Aldi : “ Iya, Dev. Kuwen weru dewek ning kegiatan mau kita karo sebatur diajari – –_Pak Sam, maju Ngudari tali, tanpine kita sebatur bli bisa dadi digeguyu. Wah , ……, isin pisa ca. “ Devi : kita dewek seneng ning kegiatan mau. Dudu Di, ana ning SMP kita (isun) tambah kegiatan lan mata pelajaran, kira – kirae sing disenengi mapel apa?” Aldi : “ Bahasa Inggris. Sira si, Dev ?” Devi : “Basa Jawa. Sebabe gurue gawe nyenegaken. Apa maning mbaka lagi nyekar (nembang). Wah, suarae enakan pisan”. Aldi : Sira mengkonon ta Dev, pinter nembang. Kita baka nembang larase bli bisa.” Devi : “ Dudu Di, sira ku seneng pelajaran Basa Inggris apa sebabe ?” Aldi : Sebabe isun pengin adadi guide.” Devi : “ Lha wong laka potongane siraku mung bisae yes …….bae je pengin dadi guide” Aldi : “ Ssst ….. aja seru – seru !” ( ngrungu swara bel ) Devi : “ Bubar ngaso kelase ira pelajaran apa Di /” Aldi : “Basa Jawa, ari kelas sira Dev ?” Devi : “Pembiasaan, ayo manjing kelas!” Aldi : “ Ayo !” Aldi karo Devi manjing ning kelase dewek-dewek ) NGENGGO TELEPON Liburan sekolah Andi diajak kesah keluargane teng Tangkuban Perahu Lembang, Bandung. Sesampune dugi teng ngriku Andi pengen nelpon teng rencang-rencange diantawise Erin. Habib : “Halo, Assalamu’alaikum Wr.Wb” Nida : “Waalaikumsalam Wr.Wb, punten niki sinten yah?” Habib : “Kula Habib, Nid” Nida : “Habib pundi yah?” Habib : “Masa kesupen, Habib rencang sakelase sira!” Nida : “Oh...Habib Darusman yah! Maaf disangka sinten, tumben sih sira nelpon” Habib : “Enggih Nid kula wonten teng Bandung siweg liburan sareng keluarga” Nida : “Wah...Hebat pisan ya Bib ! Teras sampun teng pundi mawon?” Habib : “Wau enjing kula sampun kesah teng Tangkuban Perahu, Nid, wah hawane atis pisan Nid! Lan dalane belak-belok, munggah-mudun” Nida : “Oh mekaten, terus wonten napa mawon teng riku?” Habib : “Wonten pemandangan sing indah pisan, kawah gunung, tiyang sadean switer lan cendramata sing murah-murah” Nida : “Atuh Erin kabagiann ya Bib?” Habib : “Insya Allah Nid, mengkin kula tumbas akeh yah!” Nida : “Kesuwun ya Bib, oh ya Bib niki wonten rencang-rencang teng ngriki, ajeng ny nyarios mboten?” Habib : “Oh maaf Rin pulsa pulsa kula sakedik malih, salam mawon ya kangge Sadayane, mengkin kula dugi mesti cerita” Nida : “Enggih Bib, kesuwun, ati-ati yah!” Habib : “Sampun atuh Nid, mekaten mawon, salam kangge Mimi lan Ramane Nida. Wassalamu’alaikum Wr. Wb” Nida : “Waalaikumsalam Wr. Wb

0 komentar:

Posting Komentar

logo
Copyright © 2012 Basa Cerbon ~ اللغة سيريبون ~ يودى الشريف.
Blogger Template by Clairvo