separate
Lestarikan Budaya dan Bahasa Daerah Cirebon Dengan mengeksplorasi Kekayaan Ragam Budaya Cirebon
banner ad
logo
yudi sayidi, S.PdI,_smpn1awn.blogspot.com

UNSUR LAN FUNGSI KLAUSA



Unsur Fungsional Klausa
Selebete pamedaran kang sampun diwicarakaken teng inggil punika saged dicendekaken upami wangenan klausa kang paling jembare disusun saking jejer atanapi subjek, predikat, ceriosan, udagan atanapi pelengkep, lan keterangan. Unsur klausa kang disebat jejer, predikat, ceriosan, undagan, pelengkep, lan keterangan punika ngrupiaken unsur fungsional klausa nggih niku unsur-unsur kang nempati atanapi mancen fungsi-fungsi gramatik teng klausa.
a. Jejer atanapi subjek
Jejer anapi subjek punika nggih niku unsur klausa kang nuduhaken punapa-punapa kang diceriosaken dening penyatur. Contoe teng klausa udan grimis mulai tumurun penyatur nriosaken udan grimis. Frase udan grimis nuduhaken jejer atanapi subjek. Jejer biasae arupi tembung atanapi frase nominal atanapi dianggep nominal. Jejer biasae arupi tembung atanapi frasa barang, nanging saged ugi arupi tembung atanapi frasa sanese kang dibarangaken atanapi dianggep barang. Sedanten jejer punika biasae saged ditengeri kaliyan klitik –e, atanapi penuduh niki, niku, atanapi nika, atanapi dening tembung penangtos (penganteb) kuh, sih, atanapi gah.
b. Ceriosan atanapi predikat
Ceriosan punika unsur klausa kang nuduhaken punapa-punapa kang dipertelakaken dening penyatur mangenani jejer. Umpamae teng klausa ‘udan grigis mulai tumurun’ penyatur nyeriosaken yen udan grimis punika mulai tumurun. Frasa mulai tumurun punika disdebate ceriosan atanapi predikat.
Ceriosan biasae arupi tembung atanapi frasa kanng kagolong teng kelompok tembung atanapi frasa kriya. Nanging saged ugi diwangun dening kewontenan, barang, wilangan, lan frasa pengantet. Biasae ceriosan punika saged dipigunakaken kangge njawab pitangledan pripun, punapa, atanapi siweg punapa.
c. Udagan atanapi objek
Udagan nggih niku unsur klausa kang nglengkepi ceriosan kang arupi tembung atanapi frasa kriya transitif lan saged rinobih dados jejer teng klausa aktif. Umpamie isi lemarie teng klausa kula mberesi isi lemarie. Frase isi lemarie nglengkepi ceriosan kang arupi tembung pedamelan (kriya) transitif (mberesi) lan robih dados jejer teng klausa pasife dados isi lemarie diberesi dening kula.
Udagan biasae arupi tembung atanapi frase kang kelebet teng golongan nominal atanapi kang dinominalaken. Undagan mboten saged dipisahaken kaliyan ceriosan kang arupi tembung atanapi frasa pedamelan transitif.
d. Pengajeg (pelengkep) atanapi komplemen
Pengajeg nggih niku unsur klausa kang nglengkepi ceriosan kang arupi tembung atanapi frasa pedamelan semi transitif lan bitransitif katut tembung atanapi frasa sifat. Upami klausae didamel klausa pasif, pengajeg punika mboten saged robih dados jejer atanapi mboten saged didadosaken jejer.
e. Keterangan
Keterangan nggih niku unsur klausa kang mertelakaken ceriosan kang nyukani informasi tambihan mangenani punapa-punapa kang dituduhaken dening jejer, ceriosan, atanapi objek kados mangenani waktos, tempat, cara, tujuan, lan sapanunggalane.
3. Analisis Klausa
Analis klausa saged dilampahaken dumasar fungsi unsur-unsure, dumasar kategori tembung atanapi frasa kang dados unsure, lan dumasar makna unsur-unsure.
a. Analisis Klausa dumasar fungsi unsur-unsure
1) Subjek lan Predikat
Umpamie :
badane lemes ndedes
S – P
bapae tukang kayu
S – P
2) Objek lan Pelengkep
Umpamie :
Salsa mangan bonteng
S – P – O
Indonesia dumasar Pancasila
S – P – Pel
3) Keterangan
Umpamie :
desa-desa punika hancur akibat angin puyuh
S – P – Ket
adie Mang Misti kelenger wingi sore
S – P – Ket
b. Analisis Klausa dumasar kategori tembung atanapi frasa kang dados unsure
Analisis klausa dumasaraken kategori tembung atanapi frasa kang dados unsur klausa teng ngriki disebate klausa kategorial. Dumasar kategorie predicate punika, klausaged dibagi dados klausa predikat verba, klausa predikat nomina, klausa predikat adjektiva, klausa predikat, wilangan, lan klausa predikat frasa ajeng.
Umpamie :
kula sampun ngadep komandan wau dalu
F : S – P – O – Ket
K : nominal – verba – nominal – ket
gedong punika gedong sekolah kula sengiyen
F : S – P – Ket
K : nominal – nominal – ket
Indonesia subur pisan
F : S – P
K : nominal – adjektiva
jendela kamere cumi tiga
F : S – P
K : nominal – wilangan
Pak Guru ngajar teng kelas
F : S – P – Ket
K : nominal – verba – frasa ajeng
c. Analisis Klausa dumasar Makna Unsur-unsure
Saliyane mangadeg saking fungsi lan kategorie, klausa ugi mangadeg saking makna kang sampun temtos. Makna kang setunggal tinalenan kaliyan makna kang dinyatakaken dening fungsi kang sanese.
Umpamie :
Aqshal mbaturi Fachri ning toko sepatu sedelat..
F : S – P – O – Ket 1 – Ket 2
K : N – V – N – Frasa ajeng – Ket
M : pelaku – tindakan – penderita – tempat – waktu
1) Makna Predikat
Makna kang digadahi dening ceriosan atanapi predikat punika kados teng andap puniki.
a) tindakan, umpamie : Nabilla siweg blajar
b) kewontenan, umpamie : rambute ireng lan pasek
c) pengenal, umpamie : tiyang punika Bupati Cirebon
d) jumlah, umpamie : sikile meja ana papat
2) Makna Subjek
Makna kang digadahi dening jejer atanapi subjek punika kados teng andap puniki.
a) pelaku, umpamie : Zahra siweg blajar
b) alat, umpamie : mobil trik ngangkut beras
c) sebab, umpamie : banjir ngancuraken desa
d) penderita umpamie : dalan-dalan lagi diberesi
e) asil, umpamie : beras murah diadol dening pemrentah
f) tempat, umpamie : Kraton Kanoman sering ditekani dening turis mancanegara
g) pengalaman, umpamie : pengaruhe tambah wiyar
h) dikenal, umpamie : bapae pegawe kedutaan
i) penerang, umpamie : bocah kuen ditukokaken pit dening bapae
j) kajumblah, umpamie : sikile meja ana papat
3) Makna Objek 1
Makna kang digadahi dening udagan 1 atanapi objek 1 punika kados teng andap puniki.
a) penderita, umpamie : Amir mentung kucing ping pirang-pirang
b) penerang, umpamie : Pak Rodin nukuaken anake golek-golekan
c) tempat, umpamie : akeh turis kang nekai Candi Borobudur
d) alat, umpamie : pulisi nembak penjahat nganggo pestol
e) asil, umpamie : pemrentah lagi mbangun dalan-dalan anyar
4) Makna Objek 2
Makna kang digadahi dening udagan 2 atanapi objek 2 punika kados teng andap puniki.
a) penderita, umpamie : Budi nukokaken adine buku anyar
b) asil, umpamie : Akmad ngetikaken surat adine
5) Makna Pengajeg
Makna kang digadahi dening pengajeg atanapi pelengkep (komplemen) punika kados teng andap puniki.
a) penderita, umpamie : katah mahasiswa blajar basa Cerbon
b) alat, umpamie : Nabillah lan Zahra bebarengan sekolah
6) Makna Keterangan
a) panggenan
Keterangan panggenan atanapi tempat (lokatif) punika keterangan kang mertelakaken panggenan lumangsunge kedadosan, peristiwa, atanapi setunggale pedamelan, nggih niku mertelakaken tempat kang dianciki, kang dituju, lan kang ditinggalaken.
Keterangan tempat saged dipigunakaken kangge njawab pitangledan : teng pundi, mendi, nggir endi, sing endi, lan sapanunggalane.
Umpamie :
Nissa ngobrol mbari tatik ning buri umah
kula naruh yatra teng laci lemantun
mamange nembe teka sing Irian
b) waktu
Keterangan waktos punika keterangan kang mertelakaken waktos lumangsunge kedadosan, peristiwa, atanapi setunggale pedamelan, nggih niku mertelakaken waktos kang sampun kalangkung, kang siweg dilampahaken, kang bakal dilampahaken, lan lamie waktos.
Keterangan waktos saged dipigunakaken kangge njawab pitangledan : kapan, sing awit kapan, sampe kapan, lan sapanunggalane.
Umpamie :
bapa wingi tuku pit anyar
bocah kuh wis baling sing awit mau
deweke mengko mene maning
bapane isun arep mangkat ning Jakarta
isun nembe teka sing sekolahan
c) cara
Keterangan cara punika keterangan kang mertelakaken kepripun lumangsunge kedadosan, peristiwa, atanapi setunggale pedamelan, nggih niku mertelakaken cara kang dipigunakaken kangge nglampahaken kedadosan, peristiwa, atanapi setunggale pedamelan.
Keterangan cara biasae ditengeri kaliyan pianggean tembung-tembung kang nuduhaken sifat atanapi kewontenan setunggale kedadosan, atanapi proses, kados kelawan, kaliyan, bari, lan sapanunggalane.
Umpamie :
mahasiswa blajar basa Cerbon kelawan sregep
Hafizh mlayu santer pisan
Mang Darta gegerokan ngundang-undang anake
d) penerima
Keterangan penerima punika keterangan kang mertelakaken tujuan lumangsunge kedadosan, peristiwa, atanapi setunggale pedamelan, nggih niku mertelakaken tujuan atanapi alamat.
Keterangan penerima saged dipigunakaken kangge njawab pitangledan : kangge sinten, dumateng sinten, lan sapanunggalane.
Umpamie :
piyambeke ngirim serat dumateng kula
nyuwuna pituduh marang Gusti Allah
Ulum ngenakaken surat ning Pak Kuwu
e) tujuan
Keterangan tujuan punika keterangan kang mertelakaken maksad atanapi tujuan lumangsunge kedadosan, peristiwa, atanapi setunggale pedamelan, nggih niku mertelakaken maksad lan tujuan nglampahaken panggawe.
Keterangan waktos saged dipigunakaken kangge njawab pitangledan : siweg punapa atanapi sareng sinten pedamelan kang dipertelakaken punika dilampahaken. Keterangan punika biasae arupi frasa pengantet kang diawiti kaliyan pianggean tembung kangge atanapi demi.
Umpamie :
tiyang sepah punika tumbas sepede kangge putrane
kanggo kepentingan umum kita kabeh ngadegaken mesjid iki
demi kelancaran lalu lintas, supir kudu nurut ning peraturan
f) kegunaan
Keterangan kegunaan punika keterangan kang mertelakaken kagunan setunggale hal atanapi pedamelan kang mangenani atawa kewengku dening kewontenan, kedadosan, atanapi pedamelan kang dipertelakaken dening ceriosan teng setunggale klausa.
Keterangan kegunaan biasae ditandai kaliyan tembung kedah, kudu, wajib, lan sapanunggalane.
Umpamie :
rumus matematika kedah diplajari
sedurunge melu kudu ndaftar dikit
peserta penataran wajib nganggo klambi batik
g) peserta/pembarung
Keterangan peserta punika keterangan kang mertelakaken sinten-sinten atanapi punapa-punapa kang ngrencangi atanapi nyarengi jejer anggene nglampahaken pedamelan kang dilampahaken dening jejer.
Keterangan peserta atanapi pembarung biasae arupi frasa pengantet lan diawiti kaliyan pianggean tembung: kaliyan, karo, sareng, lan sapanunggalane.
Umpamie :
Akmad siweg ngobrol kaliyan rencang-rencange
deweke lunga ning Jakarta karo isun
bapa kesah teng Grage sareng kula
Tatik nangis bari gluntungan
h) alat
Keterangan alat punika keterangan kang mertelakaken punapa kang dados alat atanapi perabot kang dipigunakaken kangge nglampahaken pedamelan kang dilampahaken dening ceriosan.
Keterangan alat biasae arupi frasa pengantet kang diawiti kaliyan pianggean tembung ngangge, karo, lan sapanunggalane.
Umpamie :
nelayan narik prau nganggo tambang
getih kang bleberan dikored karo klambie
i) sebab
Keterangan sebab punika keterangan kang mertelakaken setunggal sebab lumangsunge kedadosan, peristiwa, atanapi setunggale pedamelan kang dilampahaken, nggih niku mertelakaken sebab.
Keterangan sebab biasae arupi tembung atanapi frasa kang diawiti kaliyan pianggean tembung-tembung keranten, sebab, lantaran, pedah, padu, lan sapanunggalane.
Umpamie :
wong mau bli bisa mlaku, lantaran mabok
badane teles kebes kenang udan
padu sedulure bae dipai akeh
j) pelaku
Keterangan pelaku punika keterangan kang mertelakaken yen setunggale hal atanapi pedamelan kang mangenani atawa kewengku dening kewontenan, kedadosan, atanapi pedamelan kang dipertelakaken dening ceriosan teng setunggale klausa punika dilampahaken dening tiyang, lembaga, atanapi instani sanes.
Keterangan pelaku biasae ditandai kaliyan tembung dening.
Umpamie :
buku punika wis diterbitaken dening penerbit kang sami
sambutan kang kaping kalih bade diwedaraken dening Pak Camat
k) keseringan
Keterangan keseringan atanapi frekuensi punika keterangan kang mertelakaken intensitas lumangsunge setunggale hal atanapi pedamelan kang mangenani atawa kewengku dening kewontenan, kedadosan, atanapi pedamelan kang dipertelakaken dening ceriosan teng setunggale klausa.
Keterangan keseringan ngrupiaken tembung atanapi frasa kang biasae ditandai kaliyan tembung : ping atanapi kewalikan.
Umpamie :
wis ping pirang-pirang Nissa nggawekaken kopi nggo bapae
kula sesasih sepisan nyaba teng kota
isun sidang kari ping loro maning
l) bebandingan
Keterangan bebandingan punika keterangan kang mertelakaken sami atanapi bentene setunggal hal atanapi setunggal kewontenan, kedadosan, atanapi pedamelan kang dipertelakaken dening ceriosan kaliyan setunggal hal, kewontenan, kedadosan, atanapi pedamelan sanese.
Keterangan bebandingan biasae ditandai kaliyan tembung : kaya, siga, lir kadya, lir penda, kados dene, ibarat, prasasat, tinimbang, lan sapanunggalane.
Umpamie :
umae Wa Kaji mangrong-magrong kaya kraton
awake begang siga gesek tekek
rambute alus lir penda kapas
desae luwih adoh tinimbang desaisun
m) pengecualian
Keterangan pengecualian punika keterangan kang mertelakaken sifat kekhususan setunggale hal atanapi pedamelan kang mangenani atawa kawengku dening kewontenan, kedadosan, atanapi pedamelan kang dipertelakaken dening ceriosan teng setunggale klausa punika.
Keterangan pengecualian biasae ditandai kaliyan tembung : kecuali, iwal, kejaba, lan sapanunggalane.
Umpamie :
wong kabeh wis mangkat iwal Budi
unggal dina isun mangkat kerja kecuali dina libur
sekabeh wis kenang giliran kejaba Mang Misti
n) aspek
Keterangan aspek punika keterangan kang mertelakaken lumangsunge atanapi kedadosan setunggal pedamelan atanapi kewontenan, atanapi kedadosan, kang dipertelakaken dening ceriosan teng setunggale klausa. Benten kaliyan klausa keterangan sanese, klausa keterangan aspek punika katahe petaliane raket pindah kaliyan ceriosan ngantos ngrupiaken setunggal frasa kaliyan…. minangka puser ceriosane.
Keterangan aspek kang arupi frasa kaliyan ceriosan saged dititeni teng pamedaran frasa.
Umpamie :
slup deweke manjing ning jero umah
jleg, Amir anjlog sing deduwuran
ngak, lawang gede mulai dibuka
brusut, welute ucul sing gegeman tangan
o) modalitas
Keterangan modalitas punika keterangan kang mertelakaken sikap, pemadegan, atanapi tafsiran subjektif penyatur teng isi tuturan kang diucapaken dening piyambeke atawa teng lumangsunge kedadosan, kewontenan, atanapi pedamelan kang dipertelakaken dening ceriosan teng setunggale klausa. Dibandingaken kaliyan aspek, teng ukara atanapi lanjaran klausa, modalitas punika panggenane langkung bebas.
Umpamie :
rupane tamu kuh bli sida teka
wayah mene mbokat bocah kuh wis balik
delengane bocah kuh sing isuk durung katon metu sing kamer
kaya-kayae sih bapa kuh wis balik maning
4. Penggolongan Klausa
Klausa saged digolongaken dumasar tigang hal, nggih niku, dumasar struktur intern, dumasar wonten atanapi mboten wontene tembung negatif kang secara gramatik negatifaken predikat, dumasar kategori tembung atanapi frasa kang nempati fungsi predikat.
a. Penggolongan klausa dumasar struktur intern
Dumasar struktur interene, penggolongan klausa saged kaperang dados klausa lengkap lan klausa mboten lengkap.
1) Klausa lengkep
Klausa lengkep nggih niku klausa kang wonten subjeke. Klausa lengkep saged dibentenaken dados klausa lengkep susunan biasa kaliyan klausa lengkep susunan inversi.
a) klausa lengkep susunan biasa
Umpamie :
badane tiyang puniku ageng sanget
S – P
sungkrah buangen
S – P
b) klausa lengkep susunan inversi, nggih niku klausa kang susunan antawis subjek kaliyan predikate diwalik.
Umpamie :
ageng sanget badane tiyang puniku
P – S
buangen sungkrah
P – S
2) Klausa mboten lengkep
Klausa mboten lengkep nggih niku klausa kang mboten wonten subjeke.
Umpamie :
siweg dolanan
P
nulis surat
P – O
sampun kesah teng Jakarta
P – Ket
b. Penggolongan klausa dumasar distribusi unit atanapi unsure, klausa saged dibentenaken dados klausa bebas kaliyan klausa kauger (terikat)
1) Klausa Bebas
Klausa bebas nggih niku klausa kang saged dados ukara kang mandiri teng omongan atanapi wacana. Umpamie, klausa kakange sregep medamel lan adine males medamel teng ukara Kakange sregep, adine males medamel, punika kalih klausa kang saged dados ukara-ukara kang mandiri kados dene Kakange sregep medamel. Adine males medamel. Klausa bebas saged dibagi dados klausa verbal lan klausa nonverbal.
a) Klausa Verbal
Klausa verbal nggih niku klausa kang predikate mangadeg saking tembung golongan verbal (tembung kriya). Klausa verbal secara umum saged dibagi dados klausa verbal aktif lan klausa verbal pasif.
Klausa verbal aktif nggih niku klausa verbal kang predikate arupi tembung atanapi frasa verbal saking golongan tembung verbal (tembung kriya) kang jejere nglampahaken pedamelan.
Umpamie :
Nissa tuku rambutan
Tatik dolanan lemah
Salsa nangis glosoan
b) Klausa Nominal
Klausa nominal nggih niku klausa kang predikate saking tembung atanapi kelompok tembung frasa golongan nominal.
Umpamie :
piyambeke guru agama
kang ditumbas dening Bi Nengsih puniku kacang ijem
bapae Camat Kapetakan
c) Klausa Wilangan
Klausa wilangan nggih niku klausa kang predikate saking tembung atanapi kelompok tembung frasa golongan wilangan.
Umpamie :
glindingane mobil trek ana sepuluh
keboe cuma loro
mobile kari telu
seminggu mangakate mung sepisan
d) Klausa Keterangan
Klausa keterangan atanapi klausa adverbial nggih niku klausa lulugu kang predikate saking tembung golongan keterangan. Ditilik saking aros atanapi maknae, klausa keterangan saged dibentenaken dados :
(1) keterangan tempat
Klausa keterangan tempat atanapi lokatif nggih niku klausa keterangan kang nuduhaken tempat. Klausa punika ditengeri kaliyan pianggean tembung ning, teng, nggir, sebelah, lan sapanunggalane.
Umpamie :
geriyae teng Jakarta
bature ana ning buri
umae sebelah wetane kantor pulisi
(2) keterangan waktu
Klausa keterangan waktu atanapi temporal nggih niku klausa keterangan kang nuduhaken waktos.
Klausa punika ditengeri kaliyan pianggean tembung nalika, sapraptaning, nembe, sesampune, sederenge, siweg, unggal, barang, saban, salami, lan sapanunggalane.
Umpamie :
waktu Kanjeng Sultan tumeka
sapraptaning Raden Arjuna
nembe teka magas
dau lunga
sesampune kesah
arep mangkat
(3) keterangan syarat
Klausa keterangan syarat atanapi kondisional nggih niku klausa keterangan kang nuduhaken syarat kangge lumangsunge punapa-punapa kang dibrehaken dening klausa lelugu.
Klausa punika ditengeri kaliyan pianggean tembung upami, lamun, yen, asal, ari, darapon, lan sapanunggalane.
Umpamie :
upami sedanten peraturan saged dilampahaken
lamun ngko sore ora udan
yen duwe duit arep tuku computer
asal isune dijak
ari mekonon ya wis bae
(4) keterangan tujuan
Klausa keterangan tujuan atanapi purposif nggih niku klausa keterangan kang nuduhaken tujuan, nggih niku keterangan kang mertelakaken tujuan lumangsunge kegiatan kang diebregaken dening lelugu.
Klausa punika ditengeri kaliyan pianggean tembung ambir, supados, ngarah, sangkan, supaya, malar, lan sapanunggalane.
Umpamie :
ambir dadi wong bener
ngarah asile
sangkan aja ruwed bae
supaya beres
malar oli akeh
(5) keterangan sebab
Klausa keterangan sebab atanapi kausatif nggih niku klausa keterangan kang nuduhaken sebab lumangsunge kedadosan atanapi kewontenan kang diebregaken dening lelugu.
Klausa punika ditengeri kaliyan piyanggean tembung sebab, keranten, margi, lantaran, pedah, dumeh, lan sapanunggalane.
Umpamie :
sebab Yayu Ning wis dadi kepala sekolah
keranten kula dereng wonten yatra
margi kula ugi kedah mekaten
(6) keterangan akibat
Klausa keterangan akibat atanapi efektif nggih niku klausa keterangan kang mertelakaken akibat lumangsunge kedadosan atanapi kewontenan kang diebregaken dening ceriosan.
Klausa punika ditengeri kaliyan piyanggean tembung ngantos, sampe, satemah, lan sapanunggalane.
Umpamie :
sampe keimpi ana ning suwarga
ngantos kabedol oyod-oyode
nora wurung satemah anulari
(7) keterangan asil
Klausa keterangan asil atanapi resulatif nggih niku klausa keterangan kang nuduhaken asil lumangsunge kedadosan atanapi kewontenan kang diebregaken dening ceriosan klausa lelugue. Klausa punika ditengeri kaliyan piyanggean tembung kang nuduhaken asil, kados dene matek, mawi, niat, lan sapanunggalane.
Umpamie :
matek bocae bli gelem balik bae
mawi mbakta pengilon
niat amangkat ora kabangkat
(8) keterangan ngaku
Klausa keterangan ngaku atanapi konsesif nggih niku klausa keterangan kang nuduhaken lumangsunge kedadosan atanapi kewontenan kang diebregaken dening lelugu punika sampun mboten nyebabaken punapa-punapa.
Klausa punika ditengeri kaliyan piyanggean tembung najan, sanajan, sok sanajan, padan-padane, lan sapanunggalane.
Umpamie :
najan isun anake wong ora duwe
sanajan udan isun anger teka
padan-padane kang Asep butak sesigar
(9) keterangan cara
Klausa keterangan cara nggih niku klausa keterangan kang nuduhaken keterangan cara, nggih niku mertelakaken kepripun cara lumangsunge kedadosan atanapi kewontenan kang diebregaken dening lelugu.
Klausa punika ditengeri kaliyan piyanggean tembung bari, kelawan, karo, nganggo, lan sapanunggalane.
Umpamie :
bari tangane bli mandeg nyrowok jabur
kelawan ngati-ati
nganggo pacul
karo lemah wedi
(10) keterangan guna
Klausa keterangan guna nggih niku klausa keterangan kang nuduhaken guna, nggih niku keterangan kang mertelakaken guna atanapi mupangat lumangsunge kedadosan atanapi kewontenan kang diebregaken dening klausa lelugu.
Klausa punika ditengeri kaliyan piyanggean tembung kanggo, nggo, kangge, ambir, lan sapanunggalane.
Umpamie :
nggo nyenengaken ati
kanggo ngawinaken Aisyah
kangge nyampekaken weling teng bapa
ambiran atie seneng
(11) keterangan bebandingan
Klausa keterangan bebadningan atanapi similatif nggih niku klausa keterangan kang nuduhaken bebandingan, nggih niku mertelakaken persamian hal kang diebregaken dening ceriosan klausa lelugu/ klausa inti.
Klausa punika ditengeri kaliyan piyanggean tembung lir, kaya, prasasat, kados, lir kadia, sapertos, lan sapanunggalane.
Umpamie :
lir kodok kekureban batok
kaya kucing ndeleng dengdeng
lir kadia mas sinangling
sapertos lisa kaliyan toya
prasasat wong picek nembe melek
e) Klausa Wawaran.
Klausa wawaran atanapi deklaratif ngih niku klausa kang predikate ngewawaraken, mertelakaken, nerangaken, njelasaken, atanapi nyukani informasi. Klausa punika ngewengku klausa bebas lan klausa kauger.
f) Klausa Petangled,
Klausa patangled nggih niku klausa kang ngandung makna nagledaken atanapi nguji. Teng klausa punika, salah setunggal unsur fungsionale ngrupiaken tembung pitangledan. Klausa petangled punika saged dibagi dados :
(1) klausa petangledan golongan
Klausa petangledan golongan nggih niku klausa petangledan kang nangledaken golongan barang atanapi janma. Klausa punika salah setunggal unsur fungsionale atanapi bagbagane ngrupiaken tembung petangled punapa, apa, sapa, atanapi sinten atanapi arupi frasa kang diwangun dening tembung atanapi frasa barang (nominal) lan tembung petangled.
Umpamie :
piyambeke kuh sinten
bapae sapa
kakange guru apa
kaen sawahe sapa
apa kang dianggo
punapa kang dianglu
(2) klausa petangledan pedamelan
Klausa petangledan golongan nggih niku klausa petangledan kang nangledaken pedamelan. Klausa punika salah setunggal unsur fungsionale atanapi bagbagane ngrupiaken tembung petangled lagi apa, tes apa, arep apa, kenang apa, lan sapanunggalane.
Umpamie :
lagi apa sih utek bae ning jero kuh
lakie arep apa
anake kepriben
sikile kenang apa
tes apa sih pating krunggut ning buri kuh
(3) klausa petangledan kewontenan
Klausa petangledan kewontenan nggih niku klausa petangledan kang nangledaken kewontenan. Klausa punika salah setunggal unsur fungsionale atanapi bagbagane ngrupiaken tembung petangled kepripun.
Umpamie :
pripun sidae
pripun kesehatane
kados pundi kabare
(4) klausa petangledan jumblah
Klausa petangledan jumblah nggih niku klausa petangledan kang nangledaken jumblah, cacah, regi, atanapi sedantene barang atanapi jalma. Klausa punika salah setunggal unsur fungsionale atanapi bagbagane ngrupiaken tembung petangled kang ditengeri kaliyan tembung tangled pinten, pinten + tembung barang, pinten + tembung penaker kang nuduhake jumblah.
Umpamie :
regine pinten
suwene pirang jam
akehe pirang umah
krambil punika pinten manggar
(5) klausa petangledan ukuran
Klausa petangledan ukuran nggih niku klausa petangledan kang nangledaken ukuran kados dawa-cendek, wiyar-ciut, inggil-endep, lan sapanunggalane. Klausa punika salah setunggal unsur fungsionale atanapi bagbagane ngrupiaken tembung petangled sepinten, sepira.
Umpamie :
dawae sepira
jeroe sepira
ceteke sepinten
inggile sepinten
(6) klausa petangledan tempat
Klausa petangledan tempat nggih niku klausa petangledan kang nangledaken tempat atanapi panggenan. Klausa punika ditengeri kaliyan salah setunggal unsur fungsionale atanapi bagbagane punika ngrupiaken tembung petangled pundi, endi, kang, sing, saking, inggir, belah, lan sapanunggalane.
Umpamie :
Madapi kuh kang endi
rabie sih sing endi
umae inggir endi
umahe belah endie umahe Pak Camat
(7) klausa petangledan waktu
Klausa petangledan waktu nggih niku klausa petangledan kang nangledaken waktos. Klausa punika ditengeri salah setunggal unsur fungsionale atanapi bagbagane ngrupiaken tembung petangled kapan.
Umpamie :
ari ujian sih kapan
kapan bapae teka
kapan awite taun Hijriyah kuh
(8) klausa petangledan cara
Klausa petangledan cara nggih niku klausa petangledan kang nangledaken cara nglampahaken pedamelan. Klausa punika ditengeri salah setunggal unsur fungsionale atanapi bagbagane ngrupiaken tembung petangled priben, kepriben, kepripun, kepriyen, kapriye, kepriwen, lan sapanunggalane.
Umpamie :
ari mbreseni busi kuh priben
kepriben awite blajar numpak motor
(9) klausa petangledan sebab
Klausa petangledan sebab nggih niku klausa petangledan kang nangledaken perihal sebab musabab lumangsunge kedadosan atanapi peristiwa. Klausa punika ditengeri salah setunggal unsur fungsionale atanapi bagbagane ngrupiaken tembung atanapi frasa petangled kenang apa, punapa sebabe, atanapi nang apa.
Umpamie :
kenang apa sira dijak bli gelem
punapa sebabe saged mekaten kuh
nang apa sira bli tuku dewek
g) Klausa Panitah
Klausa panitah atanapi imperatif nggih niku klausa akang ngandung makna nitah, ngengken, mrentah, atanapi ngejak-ngejak kang tujuane punapa kang diomongaken atanapi kang diprentahaken punika dituruti dening kang diajak ngomong.
Klausa punika ceriosane (predikate) ngrupiaken tembung pedamelan kang dirangken kalian afiks –kaken, –aken, –nang, –na (mboten ngangge afiks di– lan aN–) tembung sifat kang ngangge tembung sing, saking, atanapi frasa pedamelan transitif wangun asal (lingga).
Umpamie :
segae tutupana
tutupaken lawange
gawakaken mene
dudoknang dalane
sira sing wekel blajar
kongkon dolan bocah kuh
h) Klausa Penganteb
Klausa penganteb atanapi klausa emfatik nggih niku klausa kang ngantebaken atanapi negesaken jejer klausa wawaran. Klausa punika arupi transformasi saking klausa wawaran kelawan ngrobih jejer klausa wawaran dados ceriosan teng klausa penganteb, dibarengi kaliyan nambihaken tembung seajenge jejer lan tembung pisan sewingkinge jejer klausa wawaran, ceriosan kaliyan unsur sanese klausa wawaran punika robih dados jejer klausa penganteb tur winangun klausa relatif.
Umpamie :
ya kita kabeh kang kudu sabar
ya deweke kang kudu mutusaken kuh
ya kita pisan kang bakal ketempuhan
i) Klausa frasa ajeng
Klausa frasa ajeng nggih niku klausa kang predicate saking tembung atanapi kelompok tembung frasa golongan frasa ajeng.
Umpamie :
beras kuen sing Cianjur
kredit iku kanggo petani cilik
layang saking Pak Camat
2) Klausa Kauger
Klausa kauger nggih iku klausa kang mboten saged dados ukara kang mandiri. Artose, klausa punika saged dados ukara nanging kedah wonten ukara kang sanese minangka stimuluse. Ukara kang arupi klausa kauger (terikat) punika kabengket dening ukara sanes, mboten bebas, atanapi mboten ucul saking ukara-ukara atanapi konteks ukarae. Umpamie klausa lamun lulus teng ukara Lamun lulus kula bade teng Bali. Klausa punika mboten saged mangadeg mandiri atanapi bebas, nanging saged dados ukara upami sampun wonten ukara sanese minangka stimuluse. Umpamie (Kapan sira mangkat ning Bali?). Lamun lulus.
c. Penggolongan Klausa Verbal
Klausa verbal saged dibagi dumasar kategorie, dumasar pertalian aktor kaliyan aksi atanapi pertalian kang nglampahaken pedamelane, dumasar wonten atanapi mboten wontene unsur negatif atanapi pemungkir teng ceriosane, lan dumasar kekhususane.
1) Dumasar kategori tembunge
Dumasar kategori tembunge, klausa verbal saged dibentenaken dados klausa verbal intransitif, klausa verbal monotransitif, klausa verbal dwitransitif, klausa verbal semitransitif, klausa verbal adjektif, klausa verbal aktif, lan klausa verbal pasif.
a) klausa verbal intransitif
Klausa verbal intransitif ngih niku klausa verbal kang predikate arupi tembung atanapi frasa verbal intransitif (tanlaju).
Umpamie :
deweke kuh ndodok
bocah-bocak lagi clingak-clinguk
kula siweg nganggur mawon
Amir blajar basa Cerbon
lungae wingi sore
b) klausa verbal monotransitif
Klausa verbal monotransitif ngih niku klausa verbal kang predikate arupi tembung atanapi frasa verbal monotransitif (ekalaju).
Umpamie :
bocah wadon njokot sapu
deweke nugel gedang
c) klausa verbal dwitransitif
Klausa verbal dwitransitif ngih niku klausa verbal kang predikate arupi tembung atanapi frasa verbal dwitransitif (dwilaju).
Umpamie :
deweke ngupai buku ning isun
deweke ngupai klambi dudu ngupai clana
d) klausa verbal semitransitif
Klausa verbal semitransitif ngih niku klausa verbal kang predikate arupi tembung atanapi frasa verbal semitransitif (madyalaju).
Umpamie :
Mang Kurdi dagang tebu
anake dadi guru
mboke tukang nembang
bibie doyan turu
e) klausa verbal adjektif,
Klausa verbal adjektif ngih niku klausa verbal kang predikate arupi tembung atanapi frasa verbal saking golongan tembung verbal adjektif.
Umpamie :
anake pinter-pinter
sawahe subur
umahe gede
karange amba
f) klausa verbal aktif,
Klausa verbal aktif ngih niku klausa verbal kang predikate arupi tembung atanapi frasa verbal saking golongan tembung verbal aktif, nggih niku verbal kang subjeke nglampahaken pedamelan.
Umpamie :
Amin ndamoni kopi panas
deweke cuma nungtun motor
isun dolan ning umae batur
g) klausa verbal pasif,
Klausa verbal pasif ngih niku klausa verbal kang predikate arupi tembung atanapi frasa verbal saking golongan tembung verbal pasif, nggih niku verbal kang subjeke dikenai panggawe (perbuatan).
Umpamie :
bengen presiden lan wakil presiden dipilih dening MPR
bobade wusanae keweruhan uga
endase Mang Misti ketiban klapa
2) Dumasar pertalian aktor kaliyan aksi atanapi pertalian kang nglampahaken pedamelane
Dumasar pertalian aktor kaliyan aksi atanapi pertalian kang nglampahaken pedamelane, klausa verbal saged dibentenaken dados klausa verbal medial lan klausa verbal resiprokal.
a) klausa verbal medial (refleksif)
Klausa verbal refleksif atanapi klausa verbal medial nggih niku klausa verbal kang jejere (subjek) nuduhaken kang nglampahaken sekaligus ngrandapaken pedamelan kang ditetelaken dening ceriosan.
Umpamie :
Cung Hafizh lagi ndadar awak
sira sih bli ngaji diri
Mang Misti wis lawas ngasingaken diri
Amir lagi ngumpetaken awak dewek
dadaren awak amrih lantip
b) klausa verbal resiprokal
Klausa verbal resiprokal atanapi klausa verbal silih wales nggih niku klausa verbal kang jejere nuduhaken pedamelan kang nglampahaken nembe ngrandap pedamelan kang ditetelaken dening ceriosan kang nuduhaken silih wales. Tembung kriya kang nuduhaken pedamelan silih wales punika biasae tembung kang dirangken silih–, nanging wonten ugi kang mboten ditengeri kaliyan tembung silih–.
Umpamie :
kang maen bal silih dupak
mama kaliyan mimi silih asih
wong gullet jeh genten gitik
bocah-bocah pada gegebugan
pemuda karo gadis pepandengan mata
3) Dumasar wonten atanapi mboten wontene unsur negatif atanapi pemungkir teng ceriosane, klausa verbal saged dibagi dados klausa verbal negatif lan klausa verbal pangluyu.
a) klausa verbal negatif
Klausa verbal negatif atanapi klausa verbal pamungkir nggih niku klausa verbal kang ceriosane ngrupiaken tembung atanapi frasa verbal pamungkir. Klausa punika saged arupi klausa-klausa kang sampun ditetelaken teng inggil kang ceriosane dinegatifaken dening tembung-tembung sanes, mboten, dereng, moal, mong, lan sapanunggalane.
Umpamie :
wong kene mah ora ngungsi
wong kabeh bli bakal diwarai
isun sih durung tuku buku
b) klausa verbal pangluyu
Klausa verbal pangluyu nggih niku klausaverbal kang ceriosane mboten diului dening tembung atanapi frasa pemungkir. Frasa punika disebat ugi frasa positif.
Umpamie :
bapae dadi guru
mimie Camat Kapetakan
mamange Kuwu Pegagan Kidul
adine dokter gigi
kakange tukang kayu
bibie bidan desa
4) Dumasar kekhususane, klausa verbal saged dibagi dados klausa verbal eksistif lan klausa verbal eventif.
a) klausa verbal eksistif
Klausa verbal eksistif nggih niku klausa verbal kang ceriosane (predicate) ngrupiaken golongan tembung kewontenan. Klausa punika mertelakaken wonten atanapi mboten wontene setunggal hal atanapi setunggal barang.
Teng klausa verbal eksistif punika, ceriosan kaliyan jejer (subjek) mboten saged ditukeraken tempate. Hal punika benten kaliyan klausa verbal intransitif kang ceriosane arupi wonten atanapi mboten wont
Umpamie :
wonten kang ngirim danas wau
ning desa isun langka gedong beskop
ning langit ana lintang
ning alas ana macan
b) klausa verbal eventif
Klausa verbal eventif nggih niku klausa verbal kang ceriosane (predikate) arupi tembung atanapi frasa verbal kedadosan. Tembung atanapi frasa punika mertelakaken kewontenan atanapi kedadosan alam, kados dene jawoh, ongkeb, padang linglang, peteng jimet, lan sapanunggalane. Klausa kedadosan punika biasae cumi diwangun dening ceriosan.
Umpamie :
jawoh
arep udan delengane sih
duh, atis temen sih
kuh, padang linglang sih
kok, sumub pisan sih
tingeling, durung umeb-umeb

0 komentar:

Posting Komentar

logo
Copyright © 2012 Basa Cerbon ~ اللغة سيريبون ~ يودى الشريف.
Blogger Template by Clairvo